Menyang kontèn

Kitab

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Asal-usule tembung Kitab yaiku saka basa Arab, kang tegesé buku. Nanging ana ing Indonésia, tembung kitab duwé arti sing ciut, yaiku mung tumuju marang buku induk kang diugemi déning para penganut agama. Ana ing kalangan agama, kitab uga diarani kitab suci.

Salah siji kapitayan ing Rukun Iman agama Islam yaiku percaya marang anané kitab-kitab kang wis dimudhunaké déning Allah.

Wong Islam percaya yèn Allah wis mudhunaké kitab-kitab marang para nabi dan rasul kanggo mbimbing manungsa marang dalan kang bener. Kitab-kitab mau dipungkasi dénig Kitab Al-Qur'an.

Kitab-kitab kang wajib dipercaya yaiku:

  1. Torèt: dimudhunké marang Musa
  2. Zabur: dimudhunké marang Dawud
  3. Injil: dimudhunké marang Isa
  4. Al-Qur'an: dimudhunké marang Muhammad

Muhammad yaiku nabi akir ing jaman, nabi kang dadi teladan marang umat. Beliau duwé contoh kang saé marang tumindakke kang becik uga ditiru marang manungsa sapunika.

Pratélan Kitab Suci

[besut | besut sumber]

Deleng uga

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]