Kertanagara

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Barkas:Kertanagara.jpg
Kertanagara

Sri Maharaja Kertanagara (séda taun 1292), inggih punika minangka raja pungkasan ingkang maréntah krajan Singhasari. Masa papréntahan Kertanagara kawéntar minangka masa kejayaanipun Singhasari, saha piyambakipun dipunsebut minangka panguwaos Jawa ingkang kapisan ingkang péngin manunggalaken wewengkon Nuswantara. Mantunipun Raden Wijaya, lajeng yasa kraton Majapahit antawis taun 1293 minangka panerus dinasti Singhasari.

Silsilah[besut | besut sumber]

Kertanagara inggih puika putanipun Wisnuwardhana raja Singhasari taun 1248-1268.[1] Ibunipun inggih punika Waning Hyun ingkang kagunang gelar Jayawardhani. Waning Hyun inggih punika putri saking Mahisa Wunga Teleng (putra Ken Arok pandhiri Singhasari).[2]

Garwa Kertanagara inggih punika Sri Bajradewi. Saking palakrami punika gadhah putri-puti, ingkang dipunsandhinhaken antawisipun Raden Wijaya putra Lembu Tal, saha Ardharaja putra Jayakatwang. Nama sekawan putri Kertanagara ingkang dipunpalakrami déning Raden Wijaya miturut Nagarakretagama inggih punika Tribhuwaneswari, Narendraduhita, Jayendradewi, saha Gayatri.

Agama[besut | besut sumber]

Patung Joko Dholog

Babagan agama, Kertanagara nepangaken penyatuan agama Hindhu aliran Siwa kaliyan agama Buda aliran Tantrayana. Amargi punika wonten ing Pararaton Kertanagara asring dipunsebut Bhatara Siwa Buda. Miturut Nagarakretagama, Kertanagara sampun nguwaosi sadaya ajaran agama Hindhu saha Buda. Punika sebabipun Kertanagara dipuncariyosaken ugi wonten ing naskah-naskah kidung minangka tiyang ingkang bébas saking sadaya dosa. Déné, salah satunggaling ritual agamanipun inggih punika mabok-mabokan.

Gelar keagamaan Kertanagara wonten ing Nagarakretagama inggih punika Sri Jnanabajreswara, déné wonten ing prasasti Tumpang piyambakipun gadhah gelar Sri Jnaneswarabajra. Kertanagara dipunwujudaken wonten ing sawijining patung Jina Mahakshobhya (Buda) ingkang sapunika dumunung ing Taman Apsari, Surabaya. Patung ingkang minangka simbol penyatuan Syiwa-Buda punika saderengipun wonten ing situs Kandang Gajak, Trowulan, ingkang nalika taun 1817 dipunpindahaken ing Surabaya déning Residen Baron A.M. Th. de Salis. Déning masarakat, patung mau dipunkenal kanthi nama Joko Dolog.

Pemberontakan[besut | besut sumber]

Wonten ing Pararaton dipuncariyosaken, Kertanagara mecat para pejabat ingkang wantun nentang cita-cuitanipun. Antawisipun Mpu raganata dipunandhapaken saking kalungguhan rakryan patih dados ramadhyaksa. Penggantosipun ingkang nama Kebo Anengah saha Panji Angragani. Déné arya Wiraraja dipunpindhan saking kalungguhan rakryan demung dados bupati Sumenep. Miturut Pararaton saha Kidung Panji Wijayakrama perombakan susunan kabinèt mau ngundang raos boten remen saking Kalana Bhayangkara ingkang ngraman nalika taun 1270 (wonten ing Nagarakretagama piyambakipun dipunsebut kanthi nama Cayaraja). Kajawi punika Nagarakretagama ugi nyebataken wontenipun pemberontakan Mahisa Rangkah taun 1280. Dipunsebutaken manawi Mahisa Rangkah inggih punika tokoh ingkang boten dipunsukani déning masarakat Singhasari.[3] Kekalih pemberontakan mau saged dipuntumpes. Nanging pambrontak ingkang paling mbebayani inggih punika Jayakatwang bupati Gelang-Gelang ingkang ngasoraken Kertanagara nalika taun 1292.[4]

Kapustakan[besut | besut sumber]

  • Poesponegoro & Notosusanto (ed.). 1990. Sajarah Nasional Indonesia Jilid II. Jakarta: Balai Pustaka.
  • Slamet Muljana. 2005. Menuju Puncak Kemegahan (terbitan ulang 1965). Yogyakarta: LKIS
  • Slamet Muljana. 1979. Nagarakretagama dan Tapsir Sejarahnya. Jakarta: Bhratara

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. [1]
  2. [2] Archived 2012-05-29 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 24 November 2012)
  3. [3][pranala mati permanèn] dipunundhuh tanggal 24 November 2012)
  4. [4] Archived 2012-06-21 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 24 November 2012)


Gelar kabangsawanan
Didhisiki déning:
Wisnuwardhana
{{{jabatan}}}
1268—1292
Diganti déning:
-