Wisnuwardhana

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Wisnuwardhana

Wisnuwardhana inggih punika raja Karajan Tumapel ingkang salajengipun kawéntar kanthi nama Krajan Singhasari. Piyambakipun jumeneng nata nalika taun 1248 - 1268 kanthi gelar Sri Jayawisnuwarddhana Sang Mapanji Seminingrat Sri Sakala Kalana Kulama Dhumardana Kamaleksana (miturut prasasti Maribong, 1248).

Versi Pararaton[besut | besut sumber]

Miturut Pararaton, nama asli Wisnuwardhana inggih punika Ranggawuni putra Anusapati putra Tunggul Ametung. Nalika taun 1249 Anusapati séda déning kudéta culika ingkang dipuntindakaken rayi tirinipun, ingkang nama Tohjaya putra Ken Arok saking selir.

Nalika taun 1250 Tohjaya dipunbujuk pembantunipun ingkang nama Pranaraja saperlu nyingkiraken kekalih ponakanipun,inggih punika Ranggawuni saha Mahisa Campaka, ingkang dipunanggep saged dados mungsuh. Tohjaya lajeng paring dhawuh dhumateng pasukanipun, ingkang nama Lembu Ampal saperlu nindakaken tugas punika.

Lembu Ampal gagal anggénipun nindakaken tugas amargi kekalih pangéran punika dipunlindungi déning pegawé pura ingkang nama Panji Patipati. Amargi ajrih pikantuk paukuman saking Tohjaya, Lembu Ampal milih gabung kaliyan kelompok Ranggawuni. Lembu Ampal lajeng nindakaken adu domba wonten ing angkatan perang Singhasari saġngga cinipta kisruh. Amargi boten saged ndamekaken kekisruhan ksebut, Tohjaya gadhah niyat saperlu paring paukuman dhumateng para pemimpin pasuka. Mireng babagan punika,para perwira lajeng gabung kaliyan kelompok Ranggawuni, ugi amargi ajakanipun Lembu Ampal.

Sabibaripun angsal panjurung saking para bala bala, Ranggawuni saha Mahisa Campaka mberontak tumrap panguwaosanipun Tohjaya. Tohjaya séda wonten ing désa Katang Lumbang.

Sabibaripun pemberontakan mau, Ranggawuni minggah tahta kanthi gelar Wisnuwardhana, déné Mahisa Campaka dados Ratu Angabhaya kanthi gelar Narasinghamurti. Wontenipun Mahisa Campaka inggih punika putra Mahisa Wonga Teleng, utawi wayahipun Ken Arok. Papréntahan anatwising Wisnuwardhana saha Narasingamurti kagambaraken minangka kalih ula wonten ing satunggal léng, saha dipunmaksudaken saperlu nyiptakaken raos tentrem antawising kulawarga Tunggul Ametung saha kulawarga Ken Arok.

Papréntahan Wisnuwardhana pungkasan ing taun 1272, satunggal taun sabibaring paresmian pelabuhan Canggu ing laladan Mojokerto sapunika.

Versi Nagarakretagama[besut | besut sumber]

Nagarakretagama ingkang dipunserat taun 1365 ugi nyebataken bilih wontenipun papréntahan kekalih antawising Wisnuwardhana saa Narasingamurti ingkang dipunibarataken kados déné Wisnu kaliyan Indra. Nanging bèntenipun, Wisnuwardhana minggah tahat nggantosaken Anusapati taun 1248, sanès nggantosaken Tohjaya taun 1250.

Nalika taun 1254 Wisnuwardhana ngremikaken Singhasari minangka kutha krajan Karajan Tumapel. Sadèrèngipun, nama kutha krajan karajan punika inggih Kutaraja. Kanthi lumampahing wekdal, nama Karajan Singhasari dados langkung misuwur tinimbang Karajan Tumapel.

Nalika taun 1254 Wisnuwardhana ugi ngankat putranipun ingkang nama Kertanagara dados raja. Piyambakipun séda taun 1270

Kapustakaan[besut | besut sumber]

  • R.M. Mangkudimedja. 1979. Serat Pararaton Jilid 2. Jakarta: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan, Proyek Penerbitan Buku Sastra Indonésia dan Laladan
  • Slamet Muljana. 2005. Menuju Puncak Kemegahan. Yogyakarta: LKIS
  • Slamet Muljana. 1979. Nagarakretagama dan Tapsir sejarahnya. Jakarta: Bhratara
  • Poesponegoro, M.D. dkk. 1990. Sajarah Nasional Indonésia Jilid II. Jakarta: Balai Pustaka.

Cathetan suku[besut | besut sumber]


Gelar kabangsawanan
Didhisiki déning:
Anusapati
{{{jabatan}}}
1248—1268
Diganti déning:
Kertanagara