Tohjaya

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Tohjaya

Apanji Tohjaya inggih punika ratu Karajan Tumapel (utawi Krajan Singhasari) ingkang jumeneng nata antawis taun 1249 - 1250 miturut Pararaton. Ananging miturut Kakawin Nagarakretagama piyambakipun boten naté dados ratu ing kraton punika.[1]

Kisah Wonten ing Pararaton[besut | besut sumber]

Tohjaya inggih punika putranipun Ken Arok ingkang lair saking selir (Ken Umang). Sabibaripun Ken Arok séda, anak tirinipun ingkang kagungan nama Anusapati dados ratu ing Tumapel. Tohjaya mangertosi bilih ingkang numpes bapanipun inggih punika Anusapati piyambak. Saéngga, piyambakipun nyusun rencana kanggé balas dendam.[1]

Ewadene anusapati nambahi panjaga kanggé nglindhungi piyambakipun, ananging Tohjaya migunakaken kelemahanipun. Sawijining dinten Tohjaya ngajak Anusapati ngadhu jago. Anusapati nurut tanpa cubriya amargi punika minangkan remenanipun. Nalika Anusapati tembe asik mirsani ayamipun, Tohjaya langsung numpes kanthi migunakaken Keris Mpu Gandring. Prastawa punika kadadéan nalika taun 1249.[2]

Tohjaya lajeng njabat dados ratu ing Tumapel. Amargi hasutan saking pembantunipun ingkang nama Pranaraja, piyambakipun gadhah kepinginan saperlu numpes keponakanipun, inggih punika Ranggawuni (putra Anusapati, saha Mahisa Cempaka (putra Mahisa Wonga Teleng) ingkang dipunanggep mbebayani tumrap kadudukanipun dados ratu. Ingkang dipundhawuhi inggiih punika Lembu Ampal.[2]

Ananging Lembu Ampal malah nyengkuyung kekalih pangeran ingkang badhé dipuntumpes. Piyambakipun malahan saged nyungsun panjurung saking angkatan perang Tumapel saperlu nyengkuyung Ranggawuni kaliyan Mahisa Cempaka. Saéngga kadadéan pemberontakan tumrap Tohjaya wonten ing pura Tumapel. Tohjaya katusuk tombak ananging saged lolos. Amargi punika, Tohjaya séda ing désa Katang Lumbang (sapunika Lumbang, Pasuruan). Prastawa punika kadadéan taun 1250.[2]

Bukti Sajarah[besut | besut sumber]

Cariyos gesanging Tohjaya namung wonten ing Pararaton, ananging wonten ing naskah punika dipunserat atusan taun sesampunipun jaman Karajan Tumapel saéngga kabeneranipun taksih prelu dipuntliti. Nagarakretagama ingkang dipunserat nalika pertengahan jaman Majapahit (1365) déné boten nyebataken nama Tohjaya. Miturut Nagarakretagama, sasampuninpun Anusapati séda ingkang dados ratu salejengipun inggih punika Wisnuwardhana utawi Ranggawuni.[3]

Nama Tohjaya pinanggih wonten ing Prasasti Mula Malurung ingkang dipundamel nalika jaman Kertanegara, saking parentah bapakipun ingkang nama Maharaja Seminingrat (nama asli Wisnuwardhana versi prasasti) taun 1255. Prasasti punika sampun nedahaken blihi Tohjaya minangka tokoh sajarah ingkang saestu wonten (nyata), boten naming tokoh fiktif ciptaan Pararaton.[4]

Ananging wonten ing prasasti punika kaserat bilih Tohjaya sanès ratu Tumapel utawi Singhasari, ananging ratu Kadiri ingkang nggantosi rayinipun, ingkang nama Guningbhaya. Wontenipun Guningbhaya dados ratu sabibaripun ngantosi kakangipun ingkang nama Bhatara Parameswara. Tigang ratu Kadiri mau minangka pakdhe saking Seminingrat.[4] Kajawi punika kaserat ugi bilih pendiri Karajan Tumapel inggih punika Bathara Siwa ingkangbseda wonten ing ngginggil singgasana kencana, inggih punika éyang saking Seminingrat.[4]

Kapustakaan[besut | besut sumber]

  • R.M. Mangkudimedja. 1979. Serat Pararaton Jilid 2. Jakarta: Departemen Wiyata dan Kebudayaan, Proyek Penerbitan Buku Sastra Indonésia dan Daerah
  • Slamet Muljana. 2005. Menuju Pucuk Kemegahan (terbitan ulang 1965). Yogyakarta: LKIS
  • Slamet Muljana. 1979. Nagarakretagama dan Tafsir Sejarahnya. Jakarta: Bhratara

Uga delengen[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b [1]
  2. ^ a b c [2]
  3. ^ [3]
  4. ^ a b c [4]


Gelar kabangsawanan
Didhisiki déning:
Guningbhaya
{{{jabatan}}}
? - 1250
Diganti déning:
Kertanagara