Anusapati

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Gambar:Candhi Kidal A.JPG
Candhi Kidal, dibangun kanggo ngurmati Raja Anusaapati kang bekti marang ibuné

Anusapati (Bathara Anusapati) ya iku raja kaping pindho Karajan Tumapel (banjur kawentar kanthi jeneng Karajan Singasari) kang mréntah ing taun 1227-1248 (versi Kakawin Nagarakretagama) utawa 1247-1249 (versi Pararaton).[1] Anusapati ya iku putra Tunggul Ametung lan Kèn Dèdès.[1]

Sajarah[besut | besut sumber]

Versi Pararaton[besut | besut sumber]

Miturut Pararaton, Anusapati ya iku putrané Tunggul Ametung lan Kèn Dèdès. Bapaké dipatèni Kèn Arok nalika Anusapati isih kaandhut ibuné. Ken Arok banjur nikah karo Ken Dèdes lan njupuk jabatané Tunggul Ametung minagka akuwu Tumapel. Banjur ing taun 1222 Ken Arok ngabiwarakaké ngadegé Karajan Tumapel. Dhèwèké uga kasil ngambrukaké Karajan Kediri ing sangisoré pamaréntahan Kertajaya. Anusapati tuwuh diwasa lan ngrasa kurang digematèni déning Kèn Arok kamangka sadulur-seduluré déigematèni banget. Sawisé dicaritani déning Kèn Dèdès, Anusapati ngerti yèn satemené dhèwèké anak kuwaloné Ken Arok lan Tunggul Ametung minangka bapak kandhungé kang mati amarga diprejaya Kèn Arok. Anusapati kasil éntuk keris kang digawé Mpu Gandring uaiku keris kang biyèn dienggo matèni bapaké. Kanthi keris iku, réwangé Anusapati bisa mrejaya Kèn Arok. Anusapati gantèn mrejaya rewangé mau kanggo ngilangaké tilas. Tumrap wong-wong Anusapati ngabaraké yèn réwangé iku wis édan nganti mrejaya rajané. Sabanjuré Anusapati bisa munggah tahta. Ing mangsa pamaréntahané, mesthi tuwuh rasa kuwatir amarga wedi yèn anak-anaké Ken Arok mbales mrejaya Anusapati.[2]

Versi Nagarakretagama[besut | besut sumber]

Miturut kitab Nagarakertagama, Anusapati ya iku puran saka Ranggah Rajasa Sang Girinathaputra, ya iku jeneng pawongan kang ngedegaké Karajan Tumapel. Mawa tembung liya, dhèwèké iku putrané Ken Arok. Amarga Nagarakertagama ora tau nyebut tokoh Tunggul Ametung.[2]

Dicaritakaké uga Bathara Anusapato mréntah wiwit taun 1227 nggantkaké bapaké. Pamaréntahané lumaku anteng lan ayem. Kabèh tlatah Jawa aman lan manut marang Anusapati. Anusapati ing pungkasané tilar donya ing taun 1248 lan banjur diedegaké candhi ing Kidal, ing endi dipuja minangka Déwa Siwa.[2]

Sabab Tilar Donya[besut | besut sumber]

Sabab Anusapati tilar donya diwiwiti mawa prastawa Anusapati kang mejahi Ken Arok kanthi ngutus salah sawijining jagal bayaran.[3] Wong utusané Anusapati iku kasil matèni Ken Arok. Banjur Anusapati mejahi jagal iku guna ngilangaké tilas. Saéngga Anusapati bisa munggah tahta dadi raja Singhasari.[3]

Nanging, Anusapati ora suwé nguwasani Singasari. Anusapati dadi raja watara mung 2 taun, ya iku saka taun 1247 M nganti 1249 M.[3] Nalika iku, Tohjaya (adhi kuwaloné Anusapati, putrane Ken Arok lan Ken Umang) mangertèni yèn sebeneré Anusapati kang wis mejahi bapaké.[4] Mula, Tohjaya nggawé rencana kanggo mejahi Anusapati. Tohjaya nggunakaké kalodhangan nalika padha nyabung pitik. Ing sabung pitik ing endi Anusapati uga mèlu iku, Tohjaya nujlepaké keris Mpu Gandring ing awaké Anusapati lang ing pungkasané njalari Anusapati tilar donya.

Anusapati lan Candhi Kidal[besut | besut sumber]

Miturut cathetan sujarah, Candhi Kidal dibangun ing taun 1248 M, wektu iku trep karo rampungé upacara nyarèkaké Cradha kanggo raja Anusapati lan rampung ing taun 1260 M.[5] Ing Candhi Kidaluga dianakaké ruwatan kanggo Anusapati kang dimulyakaké minangka Déwa Siwa. Nanging, patung Siwa kang asli dinuga isih kasimpen ing musiyum Leiden-Walanda.[5]

Sadurungé tilar donya, Anusapati pesen marang kulawargané supaya besuk candhi Kidal kang diedegaké kanggo dhèwèké dirias mawa carita Garudeya.[6] Anusapati sengaja pesen kaya mangkono amarga duwé ancas kanggo ngruwat ibuné ya iku Ken Dedeas kang banget ditresnani. Dicaritakaké, Ken Dedes nelangsa banget ing uripé lan durung bisa dadi wanita utama.[6] MAnusapati banget bektiné marang ibuné. Anusapati kepéngin ibuné dadi suci manèh minangka wanita utama lan sampurna ucul saka nelangsané. Mula, Anusapati nganakaké uapacara ruwatan kanggo ibuné.[6]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b Cerita Anusapati(diundhuh 16 Oktober 2013)
  2. a b c Dua Versi Cerita Anusapati dan Tohjaya(diundhuh 20 Fèbruari 2013)
  3. a b c Suksesi berdarah raja-raja Singasari(diundhuh 20 Fèbruari 2013)
  4. Sejarah Kediri Singasari(diundhuh 20 Fèbruari 2013)
  5. a b Candhi Kidal, Peninggalan Anusapati(diundhuh 20 Fèbruari 2013)
  6. a b c Candhi Kidal(diundhuh 20 Fèbruari 2013)

Kepustakaan[besut | besut sumber]

  • Poesponegoro & Notosusanto (ed.). 1990. Sajarah Nasional Indonésia Jilid II. Jakarta: Balai Pustaka
  • R.M. Mangkudimedja. 1979. Serat Pararaton Jilid 2. Jakarta: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan, Proyek Penerbitan Buku Sastra Indonésia dan Laladan
  • Slamet Muljana. 1979. Nagarakretagama dan Tapsir Sejarahnya. Jakarta: Bhratara