Kertajaya

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Candhi singosari tilaranipun raja Kertajaya

Sri Maharaja Kertajaya inggih punika raja ingkang kaping pungkasan ingkang jumeneng nata ing karajan Kediri wiwit taun 1194-1222.[1] Ing pungkasaning wekdal pamarentahanipun Kertajaya dipunasoraken déning Ken Arok saking Tumapel utawi Singhasari, ingkang punika nandakaken titik pungkasaning Karajan Kadiri.

Masa Pamaréntahan[besut | besut sumber]

Ing masa pamaréntahanipun wonten kathah konflik ingkang kadadosan ing antawisipun para Brahmana kaliyan Raja Kertajaya. Prahara punika kadadosan amargi para Brahmana nolak nyembah raja ingkang nganggep piyambakipun punika minangka déwa. Para Brahmana akhiripun nyuwun tulung dhateng Ken Arok supados saged nglindhungi kawontenanipun. Kalondhangan punika dipunmanpaataken déning Ken Arok kanggé mberontak dhateng Kertajaya. Ing taun 1222 kadadosan perang ingkang ageng ing Ganter. Lan ing perang punika Ken Arok kasil ngasoraken Raja Kertajaya. [2]

Bukti Sajarah[besut | besut sumber]

Namanipun Kertajaya punika kaserat wonten ing kitab Nagarakretagama ingkang dipunserat nalika taun 1365 ingkang dipunanggit atusan taun sasampunipun jaman Kediri. Kajawi saking wonten ing kitab Nagarakretagama, bukti sujarah kawontenanipun tokoh Kertajaya ugi kapanggih wonten ing Prasasti Galunggung taun 1194, Prasasti Kamulan ingkang dipunserat taun 1194 ugi, Prasasti Palah kanthi angka taun 1197 saha Prasasti Wates Kulon kanthi seratan angka 1205. Saking prasasti-prasasti ingkang wonten saged dipunmangertos bilih nama gelar abhiseka Kertajaya inggih punika Sri Maharaja Sri Sareswara Triwikramawatara Anindita Srenggalancana Digjaya Uttunggadewa.

Kasoripun Kertajaya[besut | besut sumber]

Wonten ing kitab Pararaton, Kertajaya dipunsebat kanthi nama Prabu Dandhang Gendis. Dipun cariyosaken wonten ing pungkasaning pamarentahanipun, piyambakipun ngendika kepéngin dipunsembah déning para pendeta Hindhu saha Buda. Sampun temtu kekaremanipun wau dipuntolak déning para pandhita, lajeng para pandhita milih dipunlindhungi Ken Arok, anak buwahipun ingkang dados akuwu ing Tumapel. Ken Arok lajeng ngangkat piyambakipun minangka raja ing TUmapel lan ngandharaken bili TUmapel sampun mardika saking Kadiri. Dhandhang Gendis boten wedi babar pisan amargi piyambakipun ngendika bilih ingkang saged ngasoraken namung Siwa. Mireng pangandikanipun kados makaten, Ken Arok lajeng nganggé gelar Bhatara Guru ingkang punika nama sanèsipun saking Siwa, lajeng gerak dhateng Kadiri.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. [1] KKERAJAAN KEDIRI(1050 – 1222 M) (dipunundhuh tanggal 16 Januari 2013)
  2. [2] Raja Kertajaya (dipunundhuh tanggal 16 Januari 2013)