Menyang kontèn

Mpu Gandring

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Mpu Gandring inggih punika salah satunggalipun tokoh wonten ing Pararaton ingkang dipuncariyosaken minangka pandamel senjata ampuh. Keris damelanipun, kacariyosaken, mejahi Ken Arok, ingang ngadegaken Kraton Singosari.[1][2][3][4][5][6]

Asal-usul

[besut | besut sumber]

Mpu Gandring punika saking Désa Lulumbang utawi Palumbangan-Doko, caket Wlingi-Blitar. Piyambakipun réncangipun Bango Samparan, rama angkatipun Ken Arok. Dipuncariyosaken wonten Pararaton bilih Ken Arok gadhah niyat madosi pusaka ampuh saperlu badhé mejahi majikanipun, inggih punika Tunggul Ametung, akuwu Tumapel. Piyambakipun kepéngin gadhah keris ingkang saget mejahi.

Bango Samparan saking Karuman (Garum-Blitar) nepangaken Ken Arok dhumateng Mpu Gandring. Minangka nyembadani pesenan saking Ken Arok, Mpu Gandring nyuwun wekdal satunggal taun. Ken Arok mboten sranta. Piyambakipun manggihi Mpu Gandring malih sasampunipun gangsal wulan.

Désa Lulumbang, kacariyosaken, dumunung wonten tlatah Plumbangan-Doko, caket Wlingi Blitar. Papan dunung nalika keris dipundamel, dumugi sapunika taksih saget kapanggih ing Dukuh Pandean-Wlingi-Blitar. Sasampunipun Ken Arok madeg dados ratu, minangka nebus kaluputanipun, Ken Arok netepaken, para warga ing Désa Lulumbang utawi Palumbangan mboten nyaosi pajek. Kori mlebet ing tlatah Palumbangan punika naté dipundandani, samangsa Kraton Majapahit, ingkang dumugi sapunika kasebat Candi Plumbangan (Sukatman, 2012).

Ipat Mpu Gandring

[besut | besut sumber]

Gangsal wulan salajengipun, Ken Arok èstu rawuh manggihi Mpu Gandring. Piyambakipun duka amargi keris pesenanipun taksih dèrèng rampung. Keris lajeng dipunrebut saking astanipun Mpu Gandring, lan kaginaaken mejahi Mpu Gandring. Sinaosa dèrèng sampurna, nanging keris punika saget kaginaaken nugel lumpang watu kagunganipun Mpu Gandring.

Mpu Gandring pejah awit saking keris damelanipun piyambak. Nanging sadèrèngipun, Mpu Gandring nyepatani bilih samangkih keris punika badhé mejahi pitung turunan, kalebet Ken Arok piyambak.

Ken Arok wangsul dhumateng Tumapel saperlu badhé nglèngsèraken Tunggul Ametung. Réncangipun Ken Arok, Kebo Hijo dipundadosaken tumbal lan dipunukum pejah ngagem keris punika. Ken Arok piyambak pungkasanipun dipunpejahi déning Anusapati putra Tunggul Ametung ngagem keris damelanipun Mpu Gandring.

Panganggit Pararaton nyariyosaken, tiyang ingkang sami pejah ngagem kerisipun Mpu Gandring inggih punika Mpu Gandring, Tunggul Ametung, Kebo Hijo, Ken Arok, pambiyantu Anusapati, lan pungkasanipun Anusapati piyambak. Wondéné Tohjaya dipuncariyosaken pejah amargi tumbak.

Tetela, panganggit Pararaton kirang teliti anggènipun mujudaken ipat saking Mpu Gandring salajengipun. Saking silsilah Ken Arok (kalebet piyambakipun) namung Ken Arok kemawon ingkang pejah déning keris punika. Wondéné Anusapati inggih punika putra kuwalon, lan Tohjaya sinaosa putra kandhung, pejahipun mboten kasababaken déning keris Mpu Gandring.

Éwahipun makna

[besut | besut sumber]

Mpu utawi empu inggih punika gelar Nusantara asli kang sapunika langkung caket tegesipun kaliyan tiyang ing pedamelanipun ndamel keris. Kangmangka kasunyatanipun mboten makaten. Mpu piyambak tegesipun panguwaos utawi ingkang mengkoni. Tembung punika taksih saget kapanggih wonten basa Indonesia, kados ta

Buku ini mpu-nya siapa?, yang kemudian bergeser menjadi Buku ini punya siapa?.

Ing jaman Kraton Medang, panggina gelar mpu mboten kedah priya. Contonipun permaisuri Mpu Sindok miturut katrangan saking prasasti namanipun Mpu Kebi. Ing jaman Singasari lan Majapahit, gelar mpu namung dipunagem déning golongan kinormat, nanging sanès kulawarga kraton, lan punika namung kanggé pra priya, kados ta Mpu Nambi utawi Mpu Sora.

Ing jaman Kasultanan Mataram gelar mpu dipunéwahi ngagem gelar kyai. Gelar mpu salajengipun dipunagem déning para pandamel pusaka kemawon, lan punika jalaran misuwuripun Mpu Gandring wonten Pararaton utawi Empu Supa saking naskah-naskah babad.

Kapustakan

[besut | besut sumber]
  • R.M. Mangkudimedja. 1979. Serat Pararaton Jilid 2. Jakarta: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan, Proyek Penerbitan Buku Sastra Indonesia dan Daerah
  • Sukatman.2012. "Mitos Asal-usul Ken Arok-Raja Singasari: Kajian Tradisi Lisan". Laporan Penelitian. Jember: FKIP Universitas Jember.

Ugi pirsani

[besut | besut sumber]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Boombastis: Kisah Empu Gandring, Pembuat Keris Paling Sakti Se-Nusantara, kapundhut 3 Mèi 2017
  2. Merdeka: Kisah keris Mpu Gandring yang terkubur di kawah Gunung Kelud, kapundhut 3 Mèi 2017
  3. Historia: Enam Korban Keris Mpu Gandring, kapundhut 3 Mèi 2017
  4. Kumpulan Misteri: Mengungkap Misteri Keberadaan Keris Empu Gandring Archived 2017-05-06 at the Wayback Machine., kapundhut 3 Mèi 2017
  5. Intip Sajarah: Kisah Sejarah Keris Empu Gandring Archived 2017-04-25 at the Wayback Machine., kapundhut 3 Mèi 2017
  6. Dewi Sundari: Kisah dan Keberadaan Keris Mpu Gandring, kapundhut 3 Mèi 2017