Mpu Sindok

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Prasasti Mantyasih

Mpu Sindok inggih punika raja ingkang angka pisan saking Karajan Medang periode Jawa Timur ingkang jumeneng nata antawis taun 929947, kanthi gelar Sri Maharaja Rakai Hino Sri Isana Wikramadharmottunggadewa.[1]

Mpu Sindok kaanggep minangka pendiri dinasti énggal kanthi nama Wangsa Isana.[1]

Asal-Usul[besut | besut sumber]

Mpu Sindok nalika masa pamarentaha Dyah Tulodhong njabat dados Rakai Mahamantri Halu, denen nalika masa pamaréntahan Dyah Wawa, minggah pangkat dados Rakai Mahamantri Hino. Kekalih kalungguhan punika minangka kalungguhan ingkang inggl ingkang naming saged dipunisi déning kulawarga raja. Kanthi makaten, Mpu Sindok minangka sawijining bangsawan kelas inggil wonten ing Karajan Medang.[2]

Mpu Sindok kagungan garwa ingkang nama Sri Parameswari Dyah Kebi putri saking Rakai Bawa. Sejarawan Poerbatjaraka nganggep Rakai Bawa sami kaliyan Dyah Wawa. Kanthi makaten, Mpu Sindok dipunanggep minangka mantu saking Dyah Wawa. Ananging, Rakai Baawa punika minangka nama sawijining kalungguhan, déné Dyah Wawa punika nam satunggaling tiyang, saéngga kekalihipun boten saged dipunsebut sami.[2]

Stutterheim manggihaken tokoh Rakai Bawang Mpu Partha, inggih punika sawijining pejabat jaman pamaréntahan Mpu Daksa. Miturut pamanggihipun, Mpu Partha punika langkung leres dipunsebut minangka bapak saking Dyah Kebi tinimbang Dyah Wawa.[2] Kejawi punika kapanggih ugi nama Rakryan Bawang Dyah Srawana ingkang saged ugi minangka bapak Dyah Kebi.[2]

Pamindhahan Ibu Kota Medang[besut | besut sumber]

Pura Karajan Medang nalika wiwit jumeneng dipunprakirakaken dumunung ing laladan Mataram (caket Yogyakarta sapunika). Lajeng nalika masa pamarentahanipun Rakai Pikatan dipunpindhah ing Mamrati (laladan Kedu). Lajeng, nalika pamarentahanipun Dyah Balitung sampun pindhah malih ing Poh Pitu (taksih ing kiwa-tengené Kedu). Lajeng nalika jaman Dyah Wawa dipunprakirakaken wangsul malih ing Mataram.[2]

Mpu Sindok lajeng mindhah pura Medang ing wewengkon Jawa Timur. Wonten ing prasasti, piyambakipun nyebataken bilih karajanipun minangka kalajengan saking Karajan Medang ing Jawa Tengah. Kados ingkang kapanggih ing kalimat Kita prasiddha mangraksa kadatwan rahyangta i Bhumi Mataram i Watugaluh.[3]

Miturut téyori van Bammelen, pura Medang ing Mataram risak akibat jeblugan Gunung Merapi ingkang sesarengan kaliyan lindhu saha jawah material vulkanik. Boten dipunmangertosi kanthi pesthi punapa bencana alam punika kadadosan nalika jaman pamaréntahan Dyah Wawa utawi jaman pamarentahanipun Mpu Sindok.[3]

Mpu Sindok mimpin penduduk Medang ingkang slamet pindhah tumuju ing sisih wétan. Piyambakipun yasa kutha krajan énggal ing laladan Tamwlang (prasasti Turyan,929). Lajeng pura dipunpindhahaken ing Watugaluh (prasasti Anjukladang,937). Tamwlang punapa déné Watugaluh dipunprakirakaken sapunika wonten ing kiwa-tengené wewengkon Jombang.[1]

Kapustakaan[besut | besut sumber]

  • Marwati Poesponegoro & Nugroho Notosusanto. 1990. Sajarah Nasional Indonesia Jilid II. Jakarta: Balai Pustaka
  • Slamet Muljana. 2005. Menuju Puncak Kemegahan (terbitan ulang 1965). Yogyakarta: LKIS
  • Slamet Muljana. 1979. Nagarakretagama dan Tafsir Sejarahnya. Jakarta: Bhratara

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c [1]
  2. ^ a b c d e [2]
  3. ^ a b [3]


Didhisiki déning:
Dyah Wawa
{{{jabatan}}}
929? – 947
Diganti déning:
Sri Isana Tunggawijaya