Tulodhong

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Tulodong

Sri Maharaja Rakai Layang Dyah Tulodong Sri Sajjana Sanmatanuraga Uttunggadewa inggih punika raja Karajan Medang periode Jawa Tengah (utawi asring dipunsebut Karajan Mataram Kuno, ingkang jumeneng nata antawis taun 919924.[1]

Asal-Usul[besut | besut sumber]

Dyah Tulodhong dipunanggep minggah tahta nganggtosaken Mpu Daksa. Wonten ing prasasti Ritihang ingkang wonten naliha jaman Mpu Daksa wonten tokoh Rakryan Layang ananging nama aslinipun bten kewaos. Dipuntingali saking ciri-cirinipun, tokoh Rakryan Layang punika minangka sawijining wanita kanthi pangkat ingkang inggil, saéngga boten mungkin sami kaliyan Dyah Tulodhong.[2]

Mbok manawi Rakryan Layang minangka putri Mpu Daksa. Dyah Tulodhong saged palakrami kaliyan putrinipun saéngga piyambakipun ndhèrèk kagungan gelar Rakai Layang, ugi saged minggah tahta nggantosaken mara sepuhipun, inggih punika, Mpu Daksa.[3] Wonten ing prasasti Lintakan Dyah Tulodhong dipunsebut minangka putra saking sawijining tiyang ingkang dipunsarekaken ing Turu Mangambil.[3]

Riwayat Pamaréntahan[besut | besut sumber]

Prasasti Lintakan tanggal 12 Juli 919 minangka prasasti paling sepuh ingkang naté kapanggih kanthi nyebut nama Tulodhong minangka sawijining raja. Wonten ing pamarentahanipun, ingkang kagungan kalungguhan Rakryan Mapatih Hino ingkang nama Mpu Ketuwijaya ingkang ugi kagungan gelar Sri Ketudhara Manimantaprabha Prabhusakti. Déné ingkang njabat Rakryan Halu inggih punika Mpu Sindok.[4]

Prasasti Harinjing tanggal 19 September 921 wosipun babagan penganugrahan kanggé putra-putra Bhagawanta Bhari ingkang cacahipun 12 lan kasebar ing pundi-pundi. Bhagawanta Bhari inggih punika tokoh ingkang kagungan jasa yasa bendungan panyegah banjir. Piyambakipun sampun pikantuk anugerah saking raja saderengipun.[4]

Prasasti kanggé putra-putra Bhagawanta Bhari dipunenggali malih nalika tanggal 7 Maret 927, ing pundi pi9kantuk désa Culanggi minangka sima swatantra (daerah bébas pajak). Pembaharuan mau dipuntindakaken déning Rakai Hino Mpu Ketuwijaya, kanthi saran saking Rakai Sumba ingkang njabat minangka Sang Pamgat Momahumah.[4]

Akhir Pamaréntahan[besut | besut sumber]

Prasasti Sangguran tanggal 2 Agustus 928 nyebataken wontenipun raja énggal kanthi nama Rakai Sumba Dyah Wawa. Piyambakipun dipunyakini minangka raja gantosipun Dyah Tulodhong.[5]

Kados ingkang dipunmangertosi, Rakai Sumba saderengipun njabat minangka Sang Pamgat Momahumah, sajinis punggawa pengadilan. Piyambakipun ngaku minangka putra saking Kryan Landhayan, inggih punika tokoh penculikan putra lan garwa Rakai Kayuwangi ing prastawa Wutan Wija.[5]

Sejarawan Boechari gadhah pamanggih bilih Dyah Wawa sampun nindakaken kudeta ngrebut tahta Karajan Medang kanthi cara nyingkiraken Dyah Tulodhong lan Mpu Ketuwijaya. Mbok manawi kudeta punika dipunsengkuyung déning Mpu Sindok ingkang wiwitan njabat minangka Rakai Halu, dlajeng minggah pangkat dados Rakai Hino.[5]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Sejarah Kediri, Situs resmi Pamaréntah Kabupatèn Kediri]
  2. ^ [1]
  3. ^ a b [2]
  4. ^ a b c [3]
  5. ^ a b c [4]

Kapustakaan[besut | besut sumber]

  • Marwati Poesponegoro & Nugroho Notosusanto. 1990. Sajarah Nasional Indonesia Jilid II. Jakarta: Balai Pustaka
  • Slamet Muljana. 2005. Menuju Puncak Kemegahan (terbitan ulang 1965). Yogyakarta: LKIS


Didhisiki déning:
Mpu Daksa
{{{jabatan}}}
919?–927?
Diganti déning:
Dyah Wawa