Dyah Wawa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Peta Lokasi Mataram Kuno

Sri Maharaja Rakai Sumba Dyah Wawa Sri Wijayalokanamottungga inggih punika minangka raja ingkang pungkasan Karajan Medang periode Jawa Tengah (utawi asring dipunsebut Karajan Mataram Kuno), ingkang jumeneng nata antawis taun 928929.[1]

Asal-Usul[besut | besut sumber]

Dyah Wawa jumeneng nata nggantosaken Dyah Tulodhong. Nama Rakai Sumba kacathet wonten salebeting prasasti Culanggi tanggal 7 Maret 927, njabat dados Sang Pangat Momahumah, inggih punika sajinis pegawé pangadilan. Kajawi Rakai Sumba, Dyah Wawa ugi gadhah gelar Rakai Pangkaja.[1]

Wonten ing prasasti Wulakan tanggal 14 Fèbruari 928, Dyah Wawa minangkani minangka putra saking Kryan Landheyan sang Lumah ri Alas (putra Kryan Landheyan ingkang dipunsarekaken ing alas).[2] Nama bapakipun punika méh sami kaliyan Rakryan Landhayan, inggih punika ipar Rakai Kayuwangi ingkang nindakaken penculikan wonten ing prastawa Wuatan Tija.

Sadhérék éstri Rakryan Landhayan ingkang dados garwanipun Rakai Kayuwangi ingkang nama Rakryan Manak, ingkang nglairaken Dyah Bhumijaya. Ibu saha putra punika sawijining dinten kaculik déning Rakryan Landhayan, nanging kekalihipun saged lolos wonten ing désa Tangar. Anehipun, Rakryan Manak milih bunuh diri wonten ing dhusun Taas, déné Dyah Bhumijaya kapanggih para pangarsa désa Wuatan Tija saha dipunkancani wangsul dhumateng karajan.[1] Pasaréan Rakryan Landhayan dipunbiwarakaken wonten ing tengah alas. Wonten ingkang nyebataken piyambakipun dipuntumpes déning wadyabala Medang saha dipunsarékaken wonten ing tengah alas. Prastawa punika kadadosan nalika taun 880. Kadosipun nalika punika Dyah Wawa taksih alit. Saéngga, Dyah Wawa minangka sedherek saking Dyah Bhumijaya, putra Rakai Kayuwangi (raja Medang 856–890-an).[1]

Kanthi makaten, Dyah Wawa boten gadhah hak minangka tahta saking Dyah Tulodhong. Sejarawan Boechari gadhah pamanggih bilih Dyah Wawa nindakaken kudéta ngrebut tahta Karajan Medang.[1]

Riwayat Pamaréntahan[besut | besut sumber]

Ageng kemungkinan, kudéta dipuntindakaken déning Dyah Wawa pikantuk bantuan saking Mpu Sindok, ingkang minggah pangkat dados Rakryan Mapatih Hino. Sadèrèngipun, inggih punika mangsa pamaréntahan Dyah Tulodhong, Mpu Sindok njabat dados Rakryan Halu, déné Rakai Hino dipunjabat déning Mpu Ketuwijaya. Peninggalan sajarah Dyah Wawa awujud prasasti Sangguran tanggal 2 Agustus 928 babagan panetepan désa Sangguran minangka sima swatantra (laladan bébas pajak) supados pendudukipun ndhérék ngrumat yasan suci wonten ing wewengkon Kajurugusalyan.[2]

Kehancuran Pura Medang Mataram[besut | besut sumber]

Raja sabibaripun Dyah Wawa inggih punika Mpu Sindok ingkang mabngun pura Karajan Medang énggal wonten ing wewengkon Tamwlang, lajeng dipunpindahaken wonten ing Watugaluh. Kekalih papan mau kalebet ing wewengkon Jawa Timur. Mpu Sindok minangkani bilih Karajan Medang wonten ing Watugaluh inggih punika kalajengan saking Karajan Medang wonten ing Bhumi Mataram.[2]

Perpindahan pura Medang saking Mataram pinuju Tamwlang miturut téyori van Bammelen kadadosan amargi Gunung Merapi njeblug. Kacariyosaken sape\érangan merapi risak. Lajeng lapisan lemah éwah pinuju ing sisih kilén saéngga kadadosan lipatan, antawisipun mbentuk Gunung Gendol saha lémpéngan Pegunungan Menoreh. Jeblugan Gunung Merapi mau dipunsarengi kaliyan lindhu saha jawah material vulkanik awujud watu saha awu. Kacariyos, rumiyin pura Karajan Medang ing Mataram caket Yogyakarta sapunika) ngalamai karisakan ingkang ageng akibat bencana mau.[2]

Sejarawan Boechari gadhah pamanggih bilih bencana alam Gunung Merapi mau kadadosan minangka hukuman Gusti akibat parebutan tahta ingkang asring kadadosan wonten ing kulawarga Karajan Medang wiwit jaman pamaréntahan Rakai Pikatan.[3] Prasasti ingkang paling sepuh saking Mpu Sindok ingkang sampun pinanggih kaserat taun 929, déné prasasti Dyah Wawa kaserat taun 928. Pamindahan pura Karajan Medang saking Jawa Tengah pinuju Jawa Timur dipunpesthikaken kadadosan ing salah satunggaling taun mau.[3]

Kapustakaan[besut | besut sumber]

  • Marwati Poesponegoro & Nugroho Notosusanto. 1990. Sajarah Nasional Indonesia Jilid II. Jakarta: Balai Pustaka
  • Slamet Muljana. 2005. Menuju Puncak Kemegahan (terbitan ulang 1965). Yogyakarta: LKIS

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e [1](dipunundhuh tanggal 24 November 2012)
  2. a b c d [2](dipunundhuh tanggal 24 November 2012)
  3. a b [3]


Didhisiki déning:
Tulodhong
{{{jabatan}}}
928?–929?
Diganti déning:
Mpu Sindok