Mpu Daksa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Prasasti Mantyasih

Mpu Daksa inggih punika raja Karajan Medang periode Jawa Tengah (utawi asring dipunsebut Karajan Mataram Kuno ingkang jumeneng nata antawis taun 913919, kanthi gelar Sri Maharaja Daksottama Bahubajra Pratipaksaksaya Uttunggawijaya.[1]

Asal-Usul[besut | besut sumber]

Mpu Daksa minggah tahta nggantosaken Dyah Balitung ingkang minangka sedhèrèk ipènipun. Hubungan sedhèrèk punika dhedhasar bukti bilih Daksa asring dipunsebut namanipun sesarengan kaliyan garwanipun Dyah Balitung wonten ing prasasti. Kejawi punika ugi saking analisis sejarawan Boechari tumrap berita Cina saking Dinasti Tang ingkang kasebutaken Tat So Kan Hiung, ingkang ngemu teges “Daksa, sedhèrèk raja ingkang gagah”. Dyah Balitung dipunprakirakaken saged jumeneng nata amargi palakrami kaliyan putri raja sadèrèngipun, saéngga kanthi otomatis Mpu Daksa ugi ingaran minangka putra raja mau. Kemungkinan ageng raja punika inggih Rakai Watuhumalang ingkang jumeneng nata saderengipin Dyah Balitung miturut prasasti Mantyasih.[2]

Miturut prasasti Telahap, Mpu Daksa inggih minangka wayah saking Rakryan Watan Mpu Tamer, ingkang minangka sawijining garwa raja ingkang dipunsarèkaken ing Pastika, inggih punika Rakai Pikatan. Kanthi makaten, Daksa saged dipunsebut minangka saking Rakai Pikatan.Prasasti Plaosan ingkang kadamel déning Rakai Pikatan ugi nyebataken wontenipun tokoh ingkang nama Sang Kalungwarak Mpu Daksa.[3]

Riwayat Pamaréntahan[besut | besut sumber]

Prasasti paling sepuh kanthi nama Daksa minangka maharaja ingkang sampun kapanggih inggih punika prasasti Timbangan Wungkal ingkang angka taun 196 Sanjayawarsa utawi 913. Wosipun babagan nguda raosing Dyah Déwa, Dyah Babru, saha Dyah Wijaya ingkang rumiyin pikantuk hak istimewa saking Rakai Pikatan, nanging salajengipun dipunprekawisaken déning Dang Acarya Bhutti ingkang njabat minangka Sang Pamgat Mangulihi.[4]

Kajawi punika kapanggih ugi prasasti Ritihang tanggal 13 September 914 babagan persembahan bebungah saking Mpu Daksa dhumateng garwanipun.[4]

Akhir Pamaréntahan[besut | besut sumber]

Boten dipunmangertosi kanthi pesthi kapan pamaréntahan Mpu Daksa pungkas. Prasasti salajengipun ingkang kapanggih inggih punika prasasti Lintakan kanthi angka taun 919 kanthi nama Rakai Layang Dyah Tulodhong minangka raja énggal.[5]

Prasasti Ritihang ingkang dipundamel nalika jaman Mpu Daksa ugi nyebataken wontenipun tokoh ingkang nama Rakryan Layang nanging nama aslinipun boten kewaos. Dipuntingali saking ciri-cirinipun, tokoh Rakryan Layang punika sawijining wanodya ingkang jabatanipun inggil saéngga boten sami kaliyan Dyah Tulodhong.[5]

Kemungkinan ageng, Rakryan Layang minangka putri saking Mpu Daksa. Dyah Tulodhong saged palakrami kaliyan putrinipun saéngga pikantuk ggelar Rakai Layang, ugi saged nggatosaken maratuwanipun minangka raja Karajan Medang salajengipun.[5]

Kapustakaan[besut | besut sumber]

  • Marwati Poesponegoro & Nugroho Notosusanto. 1990. Sajarah Nasional Indonesia Jilid II. Jakarta: Balai Pustaka
  • Slamet Muljana. 2005. Menuju Puncak Kemegahan (terbitan ulang 1965). Yogyakarta: LKIS

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. [1]
  2. [2]
  3. [3]
  4. a b [4]
  5. a b c [5]


Didhisiki déning:
Rakai Watukura Dyah Balitung
{{{jabatan}}}
913?–919?
Diganti déning:
Dyah Tulodhong