Menyang kontèn

Rakai Watukura Dyah Balitung

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Rakai Watukura Dyah Balitung

Sri Maharaja Rakai Watukura Dyah Balitung Sri Dharmodaya Mahasambu inggih punika raja Karajan Medang periode Jawa Tengah (utawi asring dipunsebut Karajan Mataram Kuno), ingkang jumeneng nataa antawis taun 899911. Wewengkon panguwaosanipun inggih punika Jawa Tengah, Jawa Timur, punapa déné Bali.[1]

Asal-Usul

[besut | besut sumber]

Analisis para sejarawan, kados ta Boechari utawi Poerbatjaraka, nyebataken bilih Dyah Balitung minggah tahta amargi krama kaliyan putri raja saderengipun. Kemungkinan ageng raja mau inggih punika Rakai Watuhumalang ingkang miturut prasasti Mantyasih maréntah saderengipun Dyah Balitung.

Kadosipun alasan Dyah Balitung saged minggah tahta boten naming punika, mengeti raja sanèsipun ugi patutan ingkang nama Mpu Daksa (prasasti Telahap). Alasan sanès ingkang nyengkuyung inggih punika kaanan Karajan Medang sabibaripun Rakai Kayuwangi ngalami crah, inggih kanthi pinanggih wonten ing prasasti Munggu Antan kanthi namaMaharaja Rakai Gurunwangi saha prasasti Poh Dulur kanthi nama Rakai Limus Dyah Dewendra.[1]

Saéngga, kadosipun Dyah Balitung ingkang minangka menatu saking Rakai Watuhumalang (raja Medang gantosipun Rakai Kayuwangi) saged dados pahlawan kanthi ngawonaken Rakai Gurunwangi saha Rakai Limus saéngga ngakoni malih kekuwaosan tunggal wonten ing Karajan Medang. Sabibaripun Rakai Watuhumalang, rakyat langkung milih Dyah Balitung dados raja katimbang Mpu Daksa.[1]

Riwayat Papréntahan

[besut | besut sumber]

Nalika masa papréntahan Dyah Balitung, pura Karajan Medang boten malih dumunung ing tlatah Mataram, utawi Mamrati, nanging dipunpindahaken ing tlatah Poh Pitu ingkang dipunsukani nama Yawapura. Hal punika dimungkinaken amargi pura Mamratipura (ingkang rumiyin kabangun déning Rakai Pikatan) sampun risak amargi paprangan sedherek antawis Rakai Kayuwangi kalawan Rakai Gurunwangi.[2]

Prasasti ingkang paling sepuh ingkang nama Dyah Balitung ingkang saged puntemokaken inggih punika prasasti Telahap tanggal 11 September 899. Nanging boten ateges punika minangka prasasti ingkang angka kapisan, utawi nalika Dyah Balitung sampun jemeneng nata saderengipun taun 899.[2]

Dipunsusul malih déning prasasti Watukura tanggal 27 Juli 902. Prasasti mau inggih minangka prasasti ingkang paling sepuh ingkang nyebataken wontenipun kalungguhan Rakryan Kanuruhan, inggih punika sajinis kalungguhan nayakotama. Déné punika kalungguhan Rakryan Mapatih nalika jaman Dyah Balitung minangka kalungguhan putra makutha ingkang dipuncepeng déning Mpu Daksa.[1]

Prasasti Telang tanggal 11 Januari 904 wosipun babagan pembangunan komplek panyebrangan ingkang nama Paparahuan ingkang dipunpadegani déning Rakai Welar Mpu Sudarsana ing pinggir Bengawan Sala. Dyah Balitung mbebasaken pajeg désa-désa sakanan kiringipun Paparahuan saha nglarang para warga kanggé nyuwun upah panyabrangan.[1]

Prasasti Poh tanggal 17 Juli 905 wosipun babagan pembebasan pajeg désa Poh kanggé dipundhawuhi ngemunah yasan suci Sang Hyang Caitya saha Silunglung tilas raja saderengipun ingkang dipunsarekaken wonten ing Pastika, inggih punika Rakai Pikatan. Raja punika minangka éyang saking Mpu Daksa saha permaisuri Dyah Balitung.[3]

Prasasti Kubu-Kubu tanggal 17 Oktober 905 wosipun babagan anugrah désa Kubu-Kubu dhumateng Rakryan Hujung Dyah Mangarak saha Rakryan Matuha Dyah Majawuntan amargi kekalihipun gadhah jasa mandhégani ngawonaken daerah Bantan. Para sejarawan nafsiraken Bantan minangka nama sanès saking Bali. Tembung Bantan ateges “Kurban”, déné Bali ateges “persembahan”.[3]

Prasasti Mantyasih tanggal 11 April 907 wosipun babagan anugrah dhuamteng gangsal patih bawahan ingkanmg sampun njagi keamanan nalika pawiwahan Dyah Balitung. Wonten ing prasasti punika dipunsebutaken ugi urutan raja-raja Medang ingkang maréntah sadereng piyambakipun.[3]

Nalika taun 907 mau Dyah Balitung ugi maringi désa Rukam minangka bebungah kanggé eyangipun ingkang nama Rakryan Sanjiwana kanthi tugas ngrawat bangunanan suci wonten ing Limwung.[3]

Kapustakaan

[besut | besut sumber]
  • Marwati Poesponegoro & Nugroho Notosusanto. 1990. Sajarah Nasional Indonesia Jilid II. Jakarta: Balai Pustaka
  • Slamet Muljana. 2005. Menuju Puncak Kemegahan (terbitan ulang 1965). Yogyakarta: LKIS
  • Slamet Muljana. 2006. Sriwijaya (terbitan ulang 1960). Yogyakarta: LKIS

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e [1]
  2. a b [2]
  3. a b c d "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2013-02-17. Dibukak ing 2012-12-03.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)


Didhisiki déning:
Rakai Watuhumalang
{{{jabatan}}}
899?–911?
Diganti déning:
Mpu Daksa