Candhi Cetha

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Candhi Cetho)
Candhi Cetho

Candhi Cetha inggih punika candhi gagrak/langgam agama Hindhu tilaran mangsa pungkasan papréntahan Majapahit (abad kaping 15). Lapuran ilmiah kapisan dipundamel déning Van de Vlies nalika warsa 1842. A.J. Bernet Kempers ugi naliti. Eksvakasi (dipunkedhuk) kagem rekonstruksi kapisanan, kalampahan nalika taun 1928 déning Dinas Purbakala Hindia Walanda. Adhedhasar asiling panalitèn, candhi punika yuswanipun sapantaran kaliyan Candhi Sukuh.

Candhi punika mapan wonten ing Dusun Cetha, Désa Gumeng, Kacamatan Jenawi, Kabupatèn Karanganyar [1] 1.400 mèter saking sagara.

Asma cetha wonten ing Basa Jawa punika ateges jelas ing Bahasa Indonesia, kaginakaken kagem asma candhi punika, amargi saking Dhusun Cetha, tiyang saged mirsani punapa kemawon kanthi jelas ing sadhengah papan. Dhateng arah lor katingal sesawangan Karanganyar lan kutha Sala kanthi Gunung Merbabu lan Gunung Merapi kang mapan wontening wingkingipun, langkung tebih malih punika, Gunung Sumbing. Tumuju arah kilèn lan wétan punika katingal paredèn ingkang ijo gumelar, déné dhateng arah kidul punika katingal gigir lan anak Gunung Lawu [2].

Prosès Panemon lan Pamugaran[besut | besut sumber]

Komplèks Candhi Cetha punika kapanggihaken déning Van der Vlis ing warsa 1842. Salajengipun yasan ingkang ngemu aji sajarah punika pikantuk kawigatosan saking para ahli purbakala kados ta W.F. Sutterheim, K.C. Crucq, N.j. Krom, A.J. Bernet Kempers, lan Riboet Darmosoetopo. Ing warsa1928 punika, kalebet yasan-yasan pendhapa saking kayu punika asiling pamugaran ingkang dipunlampahi ing pungkasan taun 1970-an.[2].

Susunan Wangunan[besut | besut sumber]

Nalika kapanggih candhi punika awujud runtuhan watu wonten 14 dataran tingkat, mujur saking kulon (ingkang paling andhap) mangétan. Sapunika kantun 13 teras lan pemugaran namung 9 teras kemawon. Candhi Cetha punika kalebet kelompok yasan ingkang kapérang dados 11 teras berundak ingkang mujur saking wétan dhateng kulon.

  • Téras kapisan

Teras kapisan punika mapan wonten ing sisih wétan, sansaya mangétan sansaya inggil. Saben téras punika kaubungaken kaliyan lawang lan limitan ingkang kados nyigar yasan dados kalih sisih. Ing sisih wétan teras paling nginggil wonten gapura minangka régol komplèks Candhi Cetha. Ing ngajengipun gapura wonten reca watu ingkang dipunwastani Nyai Gemang Arum.

  • Téras angka kalih

Ing plataran teras angka kalih wonten susunan watu ingkang wonten ing plataran kanthi mujudaken gambar garudha mabur kanthi swiwi ingkang megar. Ing gegeripun garudha wonten tatanan watu ingkang nggambaraken kura-kura utawi bulus. Ing sirahipun garuda wonten tatanan watu malih kanthi awujud srengéngé ingkang nyunar, segitiga sama kaki, lan kalacakra. Ing pucuking saben swiwi garuda wonten kalih awujud srengéngé sanès.

  • Téras angka tiga

Teras angka tiga punika awujud plataran ingkang boten wiyar. Ing sisih kulon teras punika wonten sepasang ruangan ingkang ngapit margi tumuju undhak-undhakan dhateng téras ingkang langkung inggil. Ing lebet ruangan punika wonten tatanan watu awujud segi papat mujur saking ler dhateng kidul.

  • Téras angka sekawan

Wonten sisih kulon teras angka sekawan punika wonten seasang reca Bima ingkang njagi undhak-undhakan watu tumuju téras angka gangsal.

  • Téras angka gangsal

Téras angka gangsal punika awujud plataran kanthi sepasang yasan ngginakaken payon ingkang dipunwastani pendhapa njawi. Wangunan tanpa témbok mau ngapit margi tumuju undhak-undhakan téras angka enem.

  • Téras angka enem

Ing sisih kulon téras angka enem wonten reca Kalacakra lan sepasang reca Ganesha.

  • Téras angka pitu

Sami kaliyan pendhapa njawi ing téras punika ugi wonten sepasang pendhapa ngginakaken payon tanpa témbok. Téras punika dipunwastani pendhapa njero.

  • Téras angka wolu

Teras angka wolu punika ruangan ingkang kaginakaken kanggé sembahyang. Ing sangajenging kori ruangan punika wonten kalih reca watu lan seratan Jawa nedahaken taun dipunyasa candhi Cetha.

  • Téras angka sanga

Téras angka sanga sisih kiwa lan tengen wonten ruangan madhep mangétan. Ruangan kekalih punika ginanipun kanggé papan nyimpen barang-barang kuna. Wangunan ing sisih lor isinipun reca Sabdapalon lan ing sisih kidul wonten reca Nayagenggong.

  • Téras angka sedasa

Saben ruangan ing sisih punika wonten tiga yasan kayu ingkang adhep-adhepan wonten reca salah satunggalipun reca Prabu Brawijaya.

  • Téras angka sewelas

Ing pucuking lurung wonten témbok watu kang dhuwuré kirang langkung 1,60 mèter ingkang nyekat tangga kaliyan ruang utami wujud yasan tanpa payon. Dipunkupengi témbok watu kanthi dhuwur dumugi 2 mèter lan wiyaripun 5 m2 [2].

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. [1][pranala mati permanèn], (id) Candhi cetho (dipun-akses tanggal 25 Dhésèmber 2012).
  2. a b c [2][pranala mati permanèn], (id) http://www.candhi.web.id[pranala mati permanèn] Candhi cetho (dipun-akses tanggal 25 Dhésèmber 2012).