Candhi Sari

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Candhi Sari
Candhi Sari
Gambar:Candhi-sari 09N8000.jpg
Pérangan lebet Candhi Sari

Candhi Sari inggih punika salah satunggaling candhi Buda ing Pulo Jawa. Candhi Sari dumunung wonten ing dhusun Bendan, Tamanmartani, Kalasan, Ngayogyakarta.[1] Papan dumunungipun candhi sari boten tebih saking Candhi Sambi Sari, Candhi Kalasan, Candhi Kedulan, lan Candhi Prambanan, wonten ing sisih wétan saking kutha Ngayogyakarta, ugi boten tebih saking Papan Anggegana Adi Sucipto.Candhi Sari
Papan dumunungipun candhi Sari inggih punika kirang langkung 10 kilomèter saking titik nol Ngayogyakarta, utawi namung tigang kilomèter saking Candhi Kalasan.[2] Amargi Candhi Sari dumunung ing dhusun Bendan, mila warga laladan kasebat ugi asring mastani candhi kasebat kanthi sebatan Candhi Bendan.[2]
Candhi Sari dipunyasa wonten ing abad kaping wolu (8) lan sanga (9) nalika jumeneng Kerajaan Mataram Kuno. Wonten ing pérangan nginggil candhi wonten 9 stupa kados stupa ing Candhi Borobudhur.[2]

Sujarahipun[besut | besut sumber]

Candhi Sari manawi dipuntingali ing sisih lor

Miterat asiling panalitèn, candhi sari dipunyasa nalika abad kaping wolu Masehi, ing jaman jumenengipun ingkang nata Rakai Panangkaran, satunggal wekdal kaliyan dipunbangunipun candhi kalasan.[2] Candhi Sari punika wujud bangunanipun radi sami kaliyan candhi kalasan ing pérangan arsitekturipun utawi reliefipun.[2] Gegayutan ing antawisipun kalih candhi punika dipunandharaken wonten ing prasasti kalasan ing taun 700 saka utawi 788 M.[2]

Ing salebeting prasasti kalasan dipunandharaken bilih para penasehat agama wangsa Syailendra sampun paring panyaruwé dhateng Maharaja Tejapurnama Panangkarana ingkang punika dipungambaraken inggih Rakai Panangkaran, kanggé yasa yasan suci kagem papan muja Dewi Tara saha damel satunggaling biara kanggé para pandhita Buda.[3] Kanggé papan muja Dewi Tara mila dipunyasa Candhi Kalasan]], déné kanggé biara para pandhita Buda dipunyasa Candhi Sari.[2]

Candhi Sari dipunyasa ginanipun kanggé asrama utawi griya, ingkang punika katingal saking sadaya wujud utuhipun pérangan-pérangan candhi ing njawi saha lebetipun.[4] Candhi Sari punika kalebet yasan candhi agama Buda ingkang katitik saking wontenipun stupa ing pérangan pucuk candhi.[1]

Candhi Sari manawi dipuntingali ing sisih wétan

Candhi Sari kala rumiyin sampun naté ical amargi kependhem ing wlahar gunung Merapi ingkang njeblug ageng ing mangsanipun lan nembé kapanggih malih ing purwakaning abad 20 kanthi kahanan rusak banget.[1] Candhi Sari sepisan dipundandosi ing antawisipun taun 1929 dumugi taun 1930.[1]

Ing tahap punika, miterat Kempers ahli arkeolog, ngandharaken bilih asiling pugaran yasan candhi kirang maremaken amargi dèrèng saged damel candhi kados wujud aslinipun.[1] Punika dipunjalari amargi kanthah pérangan candhi ingkang ical.[1] Kejawi saking punika, nalika sepisanan kapanggih, wonten pérangan-pérangan yasan candhi ingkang sampun risak amargi sampun sepuh sanget lan pérangan punika boten dipundamel saking watu.[1] Nalika abad 19, ing sakitering candhi tebihipun kirang langkung 130 mèter saking Candhi Kalasan kapanggih prithilan candhi, ingkang dipunanggep dados papan dunungipun para pendheta.[5] Candhi Sari ingkang sak punika saged dipuntingali, ingkang papan dunungipun boten tebih saking Candhi Kalasan ingkang dipunanggep dados kumpulan candhi ingkang ical.[5]

Candhi Sari pérangan relifipun

Arsitekturipun[besut | besut sumber]

Kala rumiyin dipunanggep bilih ing sak njawining candhi wonten pager watu ingkang ngiteri yasan candhi.[5] Ing ngajeng lawang candhi wonten sarimbit Arca Dwarapala kanthi posisi nyepeng gada lan ula minangka ingkang njaga yasan candhi, kados ingkang wonten ing ngajeng wiyara Plaosan.[6]

Relief Candhi Sari manawi dipuntingali ing sisih wétan
Relief Candhi Sari manawi dipuntingali ing sisih lor

Candhi Sari wujudipun persegi panjang kanthi ukuran 17,30 mèter x 10 mèter, sanajan rumiyin dipunanggep dhasaring asli candhi langkung dawa lan jembar malih.[5] Titikanipun inggih amargi pérangan suku candhi sampun njorok radi menjawi kirang langkung 1,60 mèter.[6] Dhuwuripun candhi saking ngandhap dumugi stupa ing pucukipun inggih kirang langkung 17-18 mèter.[6] Gerbang candhi ingkang jembaripun udakawis sapertelon jembar tembok candhi pérangan ngajeng saha dhuwuripun sepalih saking dhuwuripun asli candhi, ing wekdal sak punika sampun boten wonten malih.[6] Turahanipun inggih namung wekas dinding lawan gerbang ingkang kepanggih dados satunggal kaliyan dinding pérangan ngajeng candhi.[6]

Miterat Kempers, Candhi Sari punika sejatosipun inggih yasan kanthi tingkat kalih ugi saged tingkat tiga.[6] Candhi ing jubin nginggil, kala rumiyin dipun-ginakaken kanggé nyimpen barang-barang pirantos ngibadah, déné jubin pérangan ngandhap dipun-ginakaken kanggé papan nindakaken ibadah, kados sinau, ngaji, wawan rembagan, lan sapanunggalanipun.[6]

Tembok candhi sari ugi dipunlapisi kanthi vajralepa utawi brajalepa, lapisan kanggé nglindhungi pérangan tembok candhi, kados ingkang ugi kapanggih ing dinding candhi Kalasan.[5] Lapisan vajaralepa kala wau gunanipun kanggé damel watu katingal mengkilap lan awèt dangu.[2] Saking njawi, sampun katingal bilih tubuh candhi kapérang dados kalih tingkat, inggih punika kanthi wontenipun tembok candhi ingkang mlintang kados sabuk ingkang ngiteri pérangan tengah candhi.[2] Sekat candhi punika ugi dipunbuktèkaken kanthi wontenipun saka-saka ingkang dados cagak ing dhèrètan candhi pérangan ngandhap, saha wontenipun relung-relung ingkang wonten sakanipun ing sadawaning tingkat nginggil.[2]

Relung-relung ingkang wonten ing tembok pérangan njawi candhi ing tingkat ngandhap utawi nginggil, sak punika kahananipun namung kothong blong. Ananging kala rumiyin, ing relung punika dipuniséni kanthi reca-reca Buda.[2]

lorong Candhi Sari
Tembok Candhi Sari ing pérangan lebet

Dinding témbok pérangan njawi candhi kebak kaliyan reca ingkang dipunpahat saha kathah rerenggan sanèsipun ingkang ugi katingal éndah.[2] Ing ngajeng lawang saha cendhéla wonten reca sarimbit kakung lan èstri kanthi posisi nyepeng kembang terate.[2] Gunggungipun reca sadayanipun wonten 36, ingkang kapérang dados 8 arca ing dinding pérangan ngajeng sisih wétan, 8 arca ing tembok sisih lor, 8 arca ing tembok sisih kidul, saha 12 arca ing tembok pérangan wingking ing sisih kilèn.[5] Ukuranipun sadaya reca-reca kala wau sami kaliyan ukuran badanipun manungsa kados padatanipun.[6]

Ing pérangan sisih sanèsipun, kathah pahatan-pahatan sanèsipun ingkang dipunukir ing tembok candhi, kados Kinara-kinari utawi manungsa manuk, sulur-suluran, saha kumuda utawi godhong lan kembang ingkang nyulur medal saking genthong.[5] Ing sak nginggiling cendhéla lan relung-relung wonten rerenggan Kalamakara tanpa rahang ngandhap kanthi wujud ingkang langkung dekoratif lan tebih saking paningalan ingkang sereng.[5]

Pérangan undhak-undhakan kanggé minggah sukunipun candhi sampun ajur mumur.[6] Ing sisihing undhak-undhakan katingal wontenipun umpak watu ingkang boten dipunmangertosi punapa umpak punika panci wonten ing papan aslinipun punapa sampun dipunpindhah.[6] Ananging, manawi dipuntingali bilih ing pérangan ngandhap umpak kala wau, aslinipun tilas kependhem ing siti.[6]

Stupa Candhi Sari manawi dipuntingali ing sisih kulon

Lawang mlebet candhi wonten ing tengahing pérangan candhi sisih wétan.[2] Sejatosipun, lawang mlebet candhi wonten ing bilik penampil ingkang radi menjawi.[2] Ananging, sak punika bilik penampil punika sampun boten katingal tilasipun malih, saéngga lawang mlebet candhi pérangan lebetipun saged langsung katingal saking njawi.[2] Hiasan saha kalamakara ingkang wonten ing nginggiling lawang namung prasaja kémawon amargi rerenggan ingkang langkung saé mapan wonten ing tembok sak njawining lawang.[2] Wonten ing salebeting candhi wonten tigang ruangan sejajar kanthi ukuran 3,48 m x 5,80 m.[2] Kamar tengah saha kalih kamar sanèsipun dipunsambung kanthi lawang saha cendhéla.[2] Bilik-bilik punika sejatosipun dipunyasa minangka bilik tingkat.[2] Dhuwuripun tembok dipunbagi dados kalih kanti jubin kayu ingkang dipunsangga déning sekawan welas balok kayu mlintang, saéngga ing lebet candhi punika sadayanipun wonten enem ruangan.[7]

Dinding tèmbok pérangan lebet kamar namung polos boten wonten hiasanipun.[7] Ing tembok sisih wingking saben kamar wonten kados rak ingkang papanupun radi inggil ingkang kala rumiyin dipun-ginakaken kanggé papan upacara agami saha kanggé ndékèkaken reca.[7] Ing jubin ngandhap wonten sapérangan tatakan reca lan relung kanggé papan reca.[1] Ananging, sadaya recanipun sak punika sampun boten wonten malih. Ing tembok kamar sisih ler lan kidul wonten relung kanggé ndèkèkaken lampu utawi diyan.[1]

Jobin lan pérangan yasan ingkang dipundamel saking kayu sak punika sampun boten wonten malih ugi, ananging ing pérangan tembokipun taksih katingal bolongan wekas papan kanggé nancepaken balok kayu.[1] Ing bilik sisih paling kidul wonten watu-watu ingkang dipunpahat radi nyérong, gunanipun kanggé nyangga pucukipun undhak-undhakan ingkang dipundamel saking kayu.[6]

Relung Candhi Sari manawi dipuntingali ing sisih wétan

Atap candhi bentukipun persegi datar kanthi rerenggan tigang relung ing saben sisinipun.[6] Bingke relung ugi dipunhias kanthi pahatan sulur-suluran saha ing nginggil relung dipunhias kanthi kalamakara.[2] Ing pucuk candhi wonten rentetan stupa, ingkang kapérang dados satunggal stupa ing saben sudut lan satunggal ingkang mapan ing tengahing atap.[2]

Stupa Candhi Sari manawi dipuntingali ing sisih lor

Uga delengen[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j Candhi Sari(dipunundhuh tanggal 30 Nopember 2012)
  2. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v Sari Temple
  3. ^ Soetarno, Drs. R. second edition (2002). "Aneka Candhi Kuno di Indonésia" (Ancient Temples in Indonésia), pp. 41. Dahara Prize. Semarang. ISBN 979-501-098-0.
  4. ^ Dumarçay, Jacques (1978). translated by Michael Smithies, ed. Borobudur. Oxford University Press. k. 47. ISBN 978-0-19-580379-2. 
  5. ^ a b c d e f g h [1](dipunundhuh tanggal 30 Nopember 2012)
  6. ^ a b c d e f g h i j k l m [2](dipunundhuh tanggal 30 Nopember 2012)
  7. ^ a b c Official site

Pranala njawi[besut | besut sumber]

Cithakan:Candhi Buda ing Inonesia