Candhi Tikus

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search

Candhi Tikus mapan wonten ing Dhukuh Dinuk, Désa Temon, Kacamatan Trowulan, Kabupatèn Mojokerto, Jawi Wétan, kirang langkung 13 km wonten ing sisih kidul wétan kitha Mojokerto. Saking radosan ageng Mojokerto-Jombang, wonten ing prapatan trowulan, lajeng ménggok wétan niti Kolam Segaran, saha candhi Bajangratu ingkang mapan wonten sakiwanipun radosan. Candhi Tikus ugi mapan wonten ing sakiwanipun radosan kirang langkung 600 m saking Candhi Bajangratu.

Candhi Tikus ingkang kawitanipun sampun kakubur wonten ing siti saha kapanggih malih wonten ing warsa 1914. Anggenipun ndhudhuk situs punika dipuntindakaken kanthi dhedhasar palapuran saking Bupati Mojokerto, RAA Kromojoyo Adinegoro, magepokan kaliyan kapanggih miniatur candhi wonten ing salah satunggalipun pasaréan. Pamugaranipun dipuntindakaken kanthi sadaya pérangan ingkang dipunawiti warsa 1984 ngantos dumugi warsa 1985. Nami "Tikus" namung minangka aran ingkang dipun-ginakaken warga ing sakiwa-tengenipun. Miturut cariosipun, wekdal kapanggih panggénan candhi punika wonten ing griya tikus ingkang kathah.

Ngantos sapunika, dèrèng dipuntampi sumbering informasi kaserat ingkang nerangaken kanthi gamblang kawaca babagan wiwit punapa, kanggé punapa saha déning sinten pawongan Candhi Tikus punika dipunyasa. Namung, kanthi wontenipun miniatur menara dipunprakirakaken candhi punika dipunyasa antawis abad 13 dumugi abad 14 M, amargi miniatur menara punika minangka titikanipun arsitèktur wonten ing wekdal punika.

Wujudipun Candhi Tikus ingkang kados déné satunggaling patirtan ingkang ngundang pasulayan wonten ing kalanganipun para nimpuna sajarah saha arkéologi ngèngingi kagunaanipun. Sapérangan nimpuna gadhah pamanggih bilih candhi punika minangka patirtan panggénan kanggé siram kulawarganipun raja, namung sapérangan nimpuna wonten ingkang gadhah pamanggih, bilih yasan punika minangka panggénan kanggé tandhon saha nyaluraken toya kanggé kabetahanipun warga Trowulan. Nanging menara ingkang wujudipun meru handadosaken pamanggih bilih yasan candhi punika ugi kanggé panggénan pamujan.

Wangunan Candhi Tikus punika wujud satunggaling patirtan utawi panggénan kanggé siram inggih punika satungaling kolam kanthi manéka warna yasan wonten salebetipun. Sedaya yasan awujud persegi sekawan kanthi ukuran 29,5 m x 28,25 m punika dipundamel saking bata abrit. Ingkang merak ati inggih punika panggènipun ingkang saklangkung andhap kirang langkung 3,5 m saking sak nginggilipun siti kiwa-tengenipun. Wonten pelataran ingkang inggil piyambak wonten selasar wiyaripun kirang langkung 75 cm ingkang ngubengi yasan. Wonten ing sisih lebet mandhap kirang langkung 1 m wonten selasar ingkang langkung wiyar ngubengi sapinggiripun kolam. Radosan mlebet dhateng candhi wonten ing sisih lor, wujud andha ingkang wiyaripun 4,5 m tumuju dhateng dhasar kolam. Wonten kiwa lan tengenipun trundhakan wonten kolam ingkang awujud persegi sekawan ingkang gadhah ukuran 3,5 m x 2m ingkang lebetipun 1,5 m. Wonten témbok njawi saben-saben kolam wonten pancuran jejer cacah tiga awujud padma (teratai) ingkang kadamel saking sela andesit. Leres madhep trundakan, radi mlebet sisih kidul wonten satunggaling yasan persegi sekawan ingkang ukuranipun 7,65 m x 7,65 m. Saknginggilipun yasan punika wonnten satunggaling 'menara' ingkang inggilipun kirang langkung 2 m kanthi wuwung awujud meru kanthi pucuk ingkang rata. Menara ingkang mapan wonten saktengahing yasan punika dipunubengi déning 8 menara sawerni ingkang ukuranipun langkung alit. Wonten sakupengipun témbok suku yasan jejer 17 pancuran awujud sekar teratai saha makara. Babagan ingkang merak ati sanèsipun inggih punika wontenipun kalih warni séla bata kanthi ukuran ingkang bènten ingkang dipun-ginakaken wonten pambangunan candhi punika. Suku candhi pisungsun saking sungsunan bata abrit ukuran ageng ingkang dipuntutup ngagem sungsunan bata abrit ingkang ukuranipun langkung alit. Kajawi suku yasan pancuran toya ingkang wonten ing candhi punika ugi wonten kalih warni ingkang kadamel saking bata saha ingkang kadamel saking séla andesit. Kabèntenan uba rampé yasan ingkang dipun-ginakaken kasebat nuwuhaken panyana bilih Candhi Tikus dipunyasa kanthi urutan. Wonten pambangunan suku candhi urutan ingkang kapisan dipun-ginakaken séla bata abrid ukuran ageng, wonten ing urutan kaping kalih dipun-ginakaken bata abrit ukuran ingkang langkung alit. Kanthi tembung lintu bata abrit ingkang ukuran langkung ageng yuswanipun langkung sepuh dipunbandhingaken kaliyan yuswa ingkang langkung alit. Pancuran toya ingkang kadamel saking bata abrit dipunprakiraken dipundamel wonten urutan kapisan, amargi wujudipun ingkang taksih kaku. Pancuran saking séla andesit ingkang langkung alus ukiranipun dipunprakiraken dipundamel wonten urutan kaping kalih. Sanajan makaten boten dipunmangertosi pesthinipun wekdal punapa urutan kaping kalih pembangunan mau dipuntindakaken.[1].

Rujukan[besut | besut sumber]