Candhi Plaosan

Candhi Plaosan yaiku sebutan kanggo komplèks candhi kang manggon ing Dukuh Plaosan, Désa Bugisan, Kacamatan Prambanan, Kabupatèn Klathèn, Provinsi Jawa Tengah, Indonésia. Candhi iki kinten-kinten 1 kilomèter menyang arah timur-laut saka Candhi Sewu utawa Candhi Prambanan. Onone kemuncak stupa, arca Buda, saha candhi-candhi perwara (pendamping/kecil) kang wujudé stupa nandhakaké manawa candhi-candhi mau kalebu candhi Buda. Komplèks iki dibangun abad ke-9 déning Raja Rakai Pikatan lan Sri Kahulunan ing jaman Karajan Medang, utawa saha dikenal kanthi jeneng Karajan Mataram Kuno, kanggo bukti katresnané Rakai Pitakan marang Pramudya Wardhani[1]. .
Candhi Plaosan iki duwé kaunikan dibandingake candhi liyanè, kayata: kaloro candhi kang kembar lan dhasaran èmper kang alus. Candhi iki uga ana figur Vajrapani, Amitbha, lan Prajnaparamitha [2]. saliyané iki, emper candhi Plaosan luwih alus manawa dibandingake karo candhi-candhi liya kang dibangun ing mangsa kang padha. Bab wau salajenge munculake anggapan Candhi Plaosan biyèn difungsiake kanggo papan panyimpenan naskah-naskah kanonik gone para Pendeta Buda[3].
Candhi Plaosan Lor
[besut | besut sumber]Candhi Plaosan Lor duwé 2 candhi utama kang dhuwur é 21 mèter. Dawané témbok sing nglilingi candhi iku 50 mèter lan wiyaripun 14 mèter. Ing témbok iku ana gambar Bodhisattva, Kinnara lan dewi-dewi[4].
Candhi Plaosan Kidul
[besut | besut sumber]
Candhi Plaosan Kidul ana ing sak kidulè Candhi Plaosan Lor, kapisah saka dalan gedhè. Candhi utama ing candhi Plaosan Kidul iki namung sisa runtuhanè. sing isih ngadheg namung candhi perwara[5].
Uga delengen
[besut | besut sumber]Lokasi
[besut | besut sumber]- Nganggo Wikimapia lokasi Candhi Plaosan Lor ya iku: Wikimapia,
- lokasi Candhi Plaosan Kidul ya iku: WIkimapia; Candhi Plaosan Kidul.
cathetan Suku
[besut | besut sumber]- ↑ www.jogjatrip.com :CANDI PLAOSAN Archived 2012-07-25 at the Wayback Machine. (diunduh tanggal 3 Oktober 2012)
- ↑ www.yogyes.com:CANDI PLAOSAN - Candhi Kembar di Yogyakarta (diunduh tanggal 3 Oktober 2012)
- ↑ Plaosan, Candhi Kembar yang Menakjubkan[pranala mati permanèn] (diunduh tanggal 13 februari 2013)
- ↑ www.candhidiy.tripod.com: CANDI PLAOSAN[pranala mati permanèn] (diunduh tanggal 3 Oktober 2012)
- ↑ www.candhi.pnri.go.id :CANDI PLAOSAN[pranala mati permanèn] (diunduh tanggal 3 Oktober 2012)
Pranala njaba
[besut | besut sumber]Candhi Plaosan[pranala mati permanèn]
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
- Kabèh artikel mawa pranala njaba sing mati
- Artikel mawa pranala njaba sing mati kawit October 2023
- Articles with invalid date parameter in template
- Artikel mawa pranala njaba sing mati permanèn
- Artikel mawa pranala njaba sing mati kawit February 2025
- Candhi ing Jawa Tengah
- Candhi Buda
- Rintisan mawa topik Buddhisme