Candhi Pawon
Candhi Pawon | |
---|---|
Tetélan pokok | |
Cakrik yasan | Candhi Jawa Tengahan |
Kutha | Kabupatèn Magelang, Jawa Tengah. |
Nagara | Indonésia |
Rampung | Wiwit abad angka 9 |
Klièn | Sailendra |
Candhi Pawon iku candhi kang manggon ing antarané Candhi Barabudhur lan Candhi Mendut, Ya iku 1750 mèter saka Barabudhur lan 1150 mèter saka Candhi Mendut, Désa Borobudur, Kacamatan Borobudur, Kabupatèn Magelang, Provinsi Jawa Tengah Indonésia. Candhi iki wiwit dipugar ing taun 1903. Durung ana sing bisa mesthekake ngapa kok jenengé Pawon.
J.G. de Casparis ngira-ira yèn Pawon iku saka basa Jawa Awu lan éntuk ater-ater (awalan) pa- lan panambang (akhiran) -an kang ngrujuk teges panggonan awu. Mula saka iku, arkeolog iki nganggep candhi iki mbiyèné kanggo ngobong jisim (mayit) dadi awu. Yèn dideleng saka panggonané, candhi iki ana ing désa Brojonalan (Brajanalan) kang bisa dirujuk ing basa Sansekerta vajra kang tegesé bledhèg lan anala sing artiné geni.
Ing njero candhi ora tinemu reca. Sing bisa digatekaké ing candhi iki ya iku ukiran-ukirané. Ing témbok njaba ana relief wit Kalpataru kang diapit pundhi-pundhi lan kinara-kinari (makluk kahyangan, sirahé manungsa awaké manuk).
Sajarah lan pamugaran
[besut | besut sumber]Candhi Pawon kanthi umum durung bisa digerteni kanthi mesthi asal-usulé. Ahli epigrafi panjenengané J.G. de Casparis napsirake minangka Candhi Pawon asalé saka basa Jawa kang ngandut arti 'awu', duwé awalan pa- lan akhiran -an kang nunjukake minangka panggonan. Ing Sajeroning basa Jawa sadina-dina tembung pawon tegesé panggonan kang dienggo masak nganggo bahan utawa kayu, panemon liyané kang tinemu panjenengané de Casparis ngartikake 'owahan' utawa pangon awu. Pandhudhuk sakiteré candhi uga mratélakaké Candhi Pawon kanthi sebatan Bajranalan. Tembung iki duwé asal saka basa Sanskerta vajra =kang artiné 'halilintar' lan anala kang ngandud 'geni'.
Miturut panjenengané Casparis, Candhi Pawon didadèkaké salah sijiné panggonan kang duwé mupangat kanggo sesinggahan awu jisimipun Raja Indra (782 - 812 M), ya iku bapa saka Raja Samarrattungga saka Dinasti Syailendra. Saka katerangan kang diserap pandhudhuk "Pawon" kaasal saka tembung pawuan kang ngemu teges panggonan kanggo nyimpen [awu/abu]. Ana prakiraan menawa candhi pawon ing jaman semana, ana Arca Bodhhisatwa, minangka wujud paring kinurmatan kangge Raja Indra sing uwis dianggep bodhisattva, maka ana salah sijiné reca Bodhisatwva.Sakabehané Prasasti Karang Tengah disebutake minangka reca mau mancarake cahya. Kadadean punika nimbulake minangka reca Bodhisattwa digawé saka bahan dhasar utawa perunggu.
Batur candhi kang duwé dhuwur kurang luwih 1,5 m duwé denah segi papat, uga kababar ing sisih pinggir digawé nekuk-nekuk kang kawujud kanthi20 sudut. Tembok batur dihiasi tatahan kanthi motif, kembang, lan motif wit-witan kang merambat. Kaanan kaya mangkono jelas ana bedané ing candhi Buda lumrahé, Wujud awak candhi Pawon ramping utawa tipis kaanan kaya mengkene kaya ta Candhi Hindhu.
Kori utawa lawang lumebu ing ruangan tumuju awak Candhi kang ana ing pérangan kulon lan ing ndhuwur garis kori/lawang kapapar anané rerenggan Kalamakara tanpa sangga rangga ing ngisoré.Tangga kang ngetrap tumuju ing selasar, dijangkepi kanthi dipirantèni dengan pipi tangga minangka di wujud kanthi tatahan kang ana ing njaba témbok candhi.. Hiasan sirah naga kang ana ing bongkot pipi tangga amarga umur kang tuwa lan ora karawat akir e rusak. Panggonan kang ana ing sajeroning awak candhi saiki kahananné kosong, nanging ing ana ing dhasar ruangan kanyata ana tipak reca kang nunjukake panggonan iku jaman mbiyèn ana reca. Candhi Pawon ngalami pamugaran kapisanan ing taun 1903.
Reca lan arsitèktur
[besut | besut sumber]Ing Sajeroning candhi ora bisa tinemu manèh reca saéngga kanggelan minangka ngelompokake uga identifikasi kang luwih jangkep. Salah sijiné kaanan kang astamiwa saka Candhi Pawon ya iku kapapar déning candhi anéka warna rerenggan. Tembok-temboking njaba candhi duwé rerenggan kanthi relief wit hayati (kalpataru) kang diapit pundi-pundi lan kinara-kinari (mahluk setengah manungsa setengah manuk/kang duwé sirah manungsa lan awak manuk). Payon candhi kang duwé wujud pasagi kang di susun déning rerenggan sawijinging dagoba (kubah) cilik ing saben-sabensisiné.Pucuk payon duwé rerenggan kanthi siji dagoba utawa kang luwih gedhé dibandingaké déning dagoba liyané.
Ing saubengé témbok pérangan candhi, sisih lor lan kidul saben kori lumebu, kapapar relung kang duwé isi aneka rupa tatahan awujud nggambaraké Kuwera (Déwa Pasugihan) duwé dedeg madeg. Ukiran ing témbok kang duwé bahan utama saka watu ing kidul kori kanthi kaanan kang rusak lan ora jelas relief wujud gambare, ana pérangan sirah kang ajur
Ing sakiteré témbok candhi sisih lor lan kidul bisa tinemu relief kang padha, ya iku kang nggambaraké Kinara lan Kinari, sapasang manuk kang duwé sirah manungsa, ngadeg ngapit wit kalpataru kang urip sajeroning sawijining jambangan. Ing sakiteré wit uga bisa tinemu tumpukan duit. Relief liyané uga bisa tinemu ana ing langit-langit kang kaukir sawijining sapasang manungsa kang bisa mabur. Ing pérangan ndhuwur témbok kapapar déning relief nggambaraké sapasang cendela cilik kang duwé fungsi minangka ventilasi. Ing antarané bolongan iku uga ana relief kang misuwur kanthi sebatan pahatan kumuda.
Panggonan
[besut | besut sumber]Mupangat
[besut | besut sumber]Adidasar asl-usul jeneng saka Candhi Pawon dinuga candhi kang di bangun minangka ndhuwi mupangat kanggo nyimpen awu jenazah saka jasat panjenengané Raja Indra.Mupangat liyané adidasar saka wujud bangungan candhi, asitektur candhi, relief candhi lan dumunungngé candhi diyasa tumuju ing Upa Angga utawa péranganing Candhi Borobudur.
Gladri
[besut | besut sumber]-
Candhi Pawon sadurungé taun 1929.
-
Candhi Pawon lan lingkungan sakiteré.
-
Ukiran wit Kalpataru ing pérangan krangka tengah candhi.
Artikel arkéologi iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |