Candhi Barabudhur

Saka Wikipédia, bauwarna bébas basa Jawa
Candhi Barabudhur
Reca Buddha ing Barabudhur

Candhi Barabudhur (basa Indonésia: Candhi Borobudur), iku jeneng candhi Buddha kang ditemokaké ana ing tlatah Kabupatèn Magelang, Propinsi Jawa Tengah. Dunungé candhi iki kurang luwih 100 km ing sisih Kidul-Kulon saka Semarang lan 40 km ing sisih Lor-Kulonsaka Yogyakarta. Candhi iki yasané pamaréntah wangsa Syailendra ing kiwa tengening abad kaping 9 Masèhi. Candhi iki candhi panganut agama Buddha Mahayana.

Jeneng Barabudhur[besut | besut sumber]

Sawenèh panemu, jeneng Barabudhur kasusun saka tembung ''vihara'' lan ''bedhuhur''. Vihara duwèni teges komplèk wangunan utawa pasareyan, déné bedhuhur utawa budhur ya iku lemah sing dhuwur. Tembung-tembung iku karoncé dadi tembung Barabudhur. Nanging pendapat iki isih nuwuhaké akèh panyaruwé saka para winasis. Prasasti Sri Kahulun 824 nyebut tembung bhudhara sing dadi tembung Barabudhur.[1].

Wit bodhi

Taun madeg[besut | besut sumber]

Candhi Barabudhur dibangun taun 750-842 AD. Nganti saiki akèh panemu bab madegé Barabudhur, kinira ginawé bebarengan karo candhi-candhi Budha kang duwèni arsitèktur mirip kayata Candhi Sari, Kalasan, Sewu, lan Plaosan sing dibangun taun 778-782 AD. Ana bukti kang tinemokaké ing sakngisoré bukit Barabudhur arupa huruf Palawa sing diukir huruf Jawa negesaké wangunan Barabudhur ginawé antarané abad 7-10 masèhi. cathetan kanthi tanggal 732 AD nyebut raja Budha saka dhinasti Syailendra, ing taun iku raja saka dhinasti Sanjaya (Hindu) uga duwèni panguwasa sing pada-pada unggul. Candhi-candhi Budha (Barabudhur, Mendut, Pawon) diubengi candhi-candhi Hindu ing sakiwa tengené, sisih wétan ana candhi Canggal, sisih lor ana candhi Sengi lan kulon madeg candhi Pringapus lan Selagriya déné sisih kidul ana wangunan lingga-yoni simbul suci Hindu. Semana uga sakupengé candhi Hindu (Prambanan) madeg candhi-candhi Budha (Kalasan, Sari, Sewu, Plaosan, Sojiwan).[2]. Borobudur madeg kanthi 3 tujuan

  1. simbol kasucén agama Budha
  2. minangka monumén pamojan, lan tetenger Budha
  3. panggonan kanggo nyimpen samubarang kang ana gayutan karo sang Budha.[1].

Panjenengané biksu Narada Mahatera nandur wit Bodhi utawa ''Ficus Religiosa'' utawa ''Acwata'' ing komplèk Borobudur. Wit Bodhi penting kanggoné umat Budha, amarga ing sangisoré wit iki sang Budha antuk nugraha (kewahyon) dadi wong kang suci.[3].

Struktur Barabudhur[besut | besut sumber]

Stupa candhi Borobudur

Candhi Barabudhur bentuké punden maundak, sing tumata saka enem tingkat awujud bujur sangkar, telung tingkat awujud bunder mlungker lan sawijining stupa utama sing dadi puncaké. Saliyané iku ing kabèh tingkat kasebar pirang-pirang stupa. Dhuwur wangunan iki asliné 42 m, nanging amarga kesamber kilat dhuwuré susut nganti kari 35,29 m. Barabudhur manggoni aréa 14,165 m kubik kanthi amba 120 m. 2 yuta watu andhesit kasusun ana ing Barabudhur kanthi volume 55.000 kubik m. Aboté wangunan iki kurang luwih 350.000 ton, Barabudhur saguh nampung 5.000 pengunjung.[4]. pondasi Barabudhur bentuké persegi kanthi siku-siku kang lincip. Barabudhur bentuké matingkat-tingkat (pundèn). Dasar Borobudur ora bisa dinulu, 11.600 kubik watu wis kekubur. 160 relief saka Karmawibangga kekubur.[4].

Sang Buddha[besut | besut sumber]

Sang Buddha utawa Sidharta Gautama miyos taun 563 sm, Panjenengané putra saka Ratu Maya garwa saka Raja Chuddodana panguwasa Kapilawastu India. Ing yuswa 29 taun Sidharta mutusaké dadi begawan lan nganglang bawana ngupadi wahyu ninggalaké keraton. Buddha Gautama, antuk wahyu ing yuswa 35 taun (531 SM).

Patung Buddha

Pokok ajaran Buddha[besut | besut sumber]

Pokok Ajaran Buddha percaya déné manungsa mesti ngalami reinkarnasi. Supaya manungsa bisa oleh urip kang sampurna uwal saka reinkarnasi manungsa kudu percaya marang 4 ajaran ''Catur Aryasatyani ya iku

  1. urip iku kasengsaran
  2. oyot saka kasangsaran ya iku nafsu lan pepénginan
  3. manungsa bisa uwal saka kasengsaran
  4. kasengsaran bisa diwedhar kanthi 8 dalan utama Hasta Arya Marga.[5].

Sadurunge Sidharta antuk wahyu, panjenengané ngalami makaping-kaping reinkarnasi. Panjenengane ngalami urip awujud kéwan, carita iki dibèbèraké ana ing Jataka Mala anggitan Aryacura. Crita iki uga di tatah ana ing undhak-undhakan kang ana ing Barabudhur kanthi jeneng rèlièf Jataka. Salah sijiné kura-kura kang nylametaké kapal kerem, kethèk kang nylametaké anak putuné, lan gajah kang nylametaké serdadu sing kesasar lan kaluwèn.[6].

Tingkatan anèng Barabudhur[besut | besut sumber]

Tingkatan anèng Barabudhur nyimbolake 10 dalan Dacabhumi kanggo nggayuh urip sampurna kaya dene Sang Budha kang dianut penganut Budha Mahayana ya iku, 1. Pramudita, 2. Vimala, 3. Prabhakari, 4. Arcismati, 5. Sundurjaya, 6. Abhimukti, 7. Durangama,8. Acala, 9. Sadhumati, 10. Dharmamegha. Tingkatan iki dumadi saka 3 tingkat ya iku,

  1. Kamadhatu dumadi saka 3 dalan, Pramudita, Vimala, dan Prabhakari. Nggambaraké sipat manungsa kang kaya kéwan.
  2. Rupadhatu dumadi saka Arcismati, Sudurjaya, Abhimuki dan Durangama. Nggambaraké sipat manungsa kang wis ngrèrèhaké nepsu-nepsu ala nanging isih nduwèni sipat lan wujud manungsa. digambaraké kanthi relièf Lalitawistara, Jataka, Awadana, lan Gandawyuha.
  3. Arupadhatu dumadi saka Acala, Sadhumati, dan Dharmamegha. Nggambaraké manungsa kang wis uwal saka nepsu lan wujud. Nyimbulaké ora ana awal lan akir (nonbegining no ends), ing tingkatan iki ora tinemokaké tatahan relief, bentuke bunder, nyimbulaké kamanteban kang digayuh manungsa ing ngalam meditasi.[7]

Relief[besut | besut sumber]

Relief

Ing saben tingkatan ana relief-relief sing padha ditatah ing tembok candhi. Relief-relief iki carane maca miturut saubenging dom jam utawa nganggo basa Kawi diarani mapradaksina. Tembung iki sangkane saka basa Sansekreta daksina sing tegese iku kidul. Aneng Barabudhur Gunggung Panel (gambar relief) 1460 panel ing tingkat Kamadhatu ana 160 panel relief, ngandhut carita kang dijupuk saka Karmawibangga, nyritakake lelakune manungsa ing donya kang kebak luput "sapa nandur, ngunduh". Manungsa isih sengsara utawa samsara. Nanging relief iku ora bisa dinulu amarga papane kang ana ing dasar. Rupadhatu nduwèni 1300 panel ya iku,

I. Tingkat sepisan

  1. 120 panel nyritakake Lalitawistara, manggon ing tembok sisih nduwur tingkat sepisan.
  2. 120 Nyritakake lelampahan sang Budha ana ing Jataka lan Awadana manggon ing tembok sisih ngisor.
  3. 372 Nyritakake terusan carita Jataka Awadana, manggon ing undhak-undhakan sisih nduwur.
  4. 129 Nyritakake terusan carita Jataka Awadana, manggon ing undhak-undhakan sisih ngisor.

II. Tingkat kepindho

  1. 128 panel relief kang dijupuk saka manuskrip Gandawyuha, nyritakake Sudharta nggoleki pitedah saka 6 guru. Njajah 110 kutha ketemu Budha Maitreya aneng kahyangan Tusita, Maitreya nduduhke kraton kang edi. Sudharta uga ketemu Mancjuri sing nudhuhake swarga Kutagara, lan akire ketemu Samanthabadra kang mejang babagan Bhadracari.
  2. 100 panel nutugake carita Jataka Awadana kang manggong ing undhak-undhakan tingkat kapindho.

III. Tingkat Ketelu

  1. 88 panel Nyritakake biografi Maitreya minangka Budha, mapan ing tembok utama tingkat kapindho
  2. 88 panel nutugake Biografi Maitreya.

IV. Tingkat Kapat

  1. 72 panel nggambarake carita Samanthabadra minangka Budha pungkasan ing bumi, manggon ing tembok utama tingkat kapapat
  2. 84 panel nggambarake carita Maitreya lan relief-relief kang ora kaweruhan caritane.[8]

Arca[besut | besut sumber]

Salah sijiné arca kang ana ing Barabudhur

Barabudhur nduwèni 504 Arca Budha

  • 72 arca Wajrasattwa ngubengi pucuk arupadhatu.
  • 64 arca wairocana
  • 276 ngubengi 3 alur sisih ngisor,sekabehe ngadep ana ing 4 pancer.
  • 92 patung Manushi kasusun miturut 4 pancer. Wetan- Kanakamuni, Kidul- Kacyapa, Kulon-Cakyamuni, Lor- Maitreya.[9]

Dhyani Budha, utawa posisi Budha meditasi ana 5 ya iku:

  1. Aksobhya-Wetan
  2. Ratnasambhawa-Kidul
  3. Amitabha-Kulon
  4. Amogasiddha-Lor
  5. Wairocana-Zenith (tengah).[9]

Kanthi urutan Pradakshina yaitu laku kang ngubengi kanthi arah jarum jam kang dimulai saka sisi Wétan lan mudra arca-arca buddha di Barabudhur ya iku:

Arca Mudra Parlambangkan Dhyani Buddha Arah Mata Angin Panggonan Arca
COLLECTIE TROPENMUSEUM Boeddhabeeld van de Borobudur TMnr 10016277.jpg Bhumisparsa mudra Ngundang donya dianggo saksi Aksobhya Wétan Relung ing pager mlangkah 4 baris kapisan Rupadhatu siseh wétan
COLLECTIE TROPENMUSEUM Boeddhabeeld van de Borobudur TMnr 60013976.jpg Wara mudra Kedermawanan Ratnasambhawa Kidul Relung ing pager mlangkah 4 baris kapisan Rupadhatusiseh Kidul
COLLECTIE TROPENMUSEUM Boeddhabeeld van de Borobudur voorstellende Dhyani Boeddha Amitabha TMnr 10016276.jpg Dhyana mudra Semadi atau meditasi Amitabha Kulon Relung ing pager mlangkah 4 baris kapisan Rupadhatusiseh Kulon
COLLECTIE TROPENMUSEUM Boeddhabeeld van de Borobudur voorstellende Dhyani Boeddha Amogasiddha TMnr 10016274.jpg Abhaya mudra Ketidakgentaran Amoghasiddhi Lor Relung ing pager mlangkah 4 baris kapisan Rupadhatusiseh Kidul
COLLECTIE TROPENMUSEUM Boeddhabeeld van de Borobudur voorstellende Dhyani Boeddha Vairocana TMnr 10015947.jpg Witarka mudra Akal budi Wairocana Tengah Relung ing pager mlangkah 4 baris kapisan Rupadhatusaben siseh
COLLECTIE TROPENMUSEUM Boeddhabeeld van de Borobudur TMnr 60019836.jpg Dharmachakra mudra Pemutaran roda dharma Wairocana Tengah Sakjroning 72 stupa ana 3 teras mubeng Arupadhatu

Restorasi Barabudhur[besut | besut sumber]

Restorasi Barabudhur kawiwitan abad 19 Sir Thomas Stanford Raffles (1811-1815) ngutus H. C. Cornelius naliti Barabudhur. Taun 1907-1911 Theo Van Erp arsitek saka Walanda ngrestorasi Borobudur lan kasil.[10] Dr. Sukmono ing kongres Orientalis 27 ing Ann Arbor Amérika Sarékat taun 1967 ngasta permasalahan Borobudur kang mbutuhake bantuan internasional kang katulis ing tesis kanthi sesirah New Light on some Borobudur Problems, amarga iki donya internasional liwat UNESCO menehi kawigaten marang restorasi Barabudhur.[11] Barabudhur tinetepake minangka warisan donya taun 1991 déning UNESCO.[12]

Cathetan Suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b (id) Larisa. The Magnificence Of (La Magnificence De) Borobudur. ISBN 978-979-605-159-5. Gramedia.Jakarta. (2009:2-3) Cacad panyuplik: Invalid <ref> tag; name "buku1" defined multiple times with different content
  2. ^ (id) Larisa. The Magnificence Of (La Magnificence De) Borobudur.ISBN 978-979-605-159-5.Gramedia.Jakarta. (2009:5)
  3. ^ (id) Larisa. The Magnificence Of (La Magnificence De) Borobudur. ISBN 978-979-605-159-5. Gramedia.Jakarta. (2009:7)
  4. ^ a b (id) Larisa. The Magnificence Of (La Magnificence De) Borobudur. ISBN 978-979-605-159-5.Gramedia.Jakarta. (2009:1) Cacad panyuplik: Invalid <ref> tag; name "buku4" defined multiple times with different content
  5. ^ (id) Larisa. The Magnificence Of (La Magnificence De) Borobudur. ISBN 978-979-605-159-5. Gramedia. Jakarta. (2009:8)
  6. ^ (id) Larisa. The Magnificence Of (La Magnificence De) Borobudur. ISBN 978-979-605-159-5. Gramedia. Jakarta. (2009:12)
  7. ^ (id) Larisa. The Magnificence Of (La Magnificence De) Borobudur. ISBN 978-979-605-159-5. Gramedia. Jakarta. (2009:18-20)
  8. ^ (id) Larisa. The Magnificence Of (La Magnificence De) Borobudur. ISBN 978-979-605-159-5. Gramedia. Jakarta. (2009:31-36)
  9. ^ a b (id) Larisa. The Magnificence Of (La Magnificence De) Borobudur. ISBN 978-979-605-159-5. Gramedia. Jakarta. (2009:25-27) Cacad panyuplik: Invalid <ref> tag; name "buku9" defined multiple times with different content
  10. ^ (id) Larisa. The Magnificence Of (La Magnificence De) Borobudur. ISBN 978-979-605-159-5. Gramedia. Jakarta. (2009:42)
  11. ^ (id) Larisa. The Magnificence Of (La Magnificence De) Borobudur. ISBN 978-979-605-159-5. Gramedia. Jakarta. (2009:43-44)
  12. ^ (id)[1](diakses tanggal 25 Juni 2011)

Uga delengen:[besut | besut sumber]

Cithakan:Situs Warisan Donya ing Indonésia