Wayang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
e-wayang kang tinatah lan sinungging mawa médhia digital

Wayang punika tembung wod ingkang tegesipun sami kaliyan tembung "wewayangan", ananging mboten nganggé rerimbagan dwipurwa lan panambang -an. Wayang punika wewayangan utawi gegambaran watak saha jiwanipun manungsa. Wayang mujudaken pangéjawantahan pribadhi manungsa. Wayang punika pagelaran ngagem bonéka ingkang limrahipun katingalan éndah wonten wewayanganipun saha dipunlampahaken déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebat saged awujud 2 dhimènsi utawi wujudipun 3 dhimènsi. Ingkang wujud 2 dhimènsi limrahipun dipundamel saking kulit (walulang), ingkang asring kulit lembu utawi ménda. Déné ingkang awujud 3 dhimènsi, limrahipun dipundamel saking kayu ingkang dipunrenggani panganggo saking kain ingkang manéka warni adhedhasar watak wayang wau. Nanging wonten sawatara tlatah, ugi wonten ingkang dipundamel saking suket saha kerdhus. Ananging wayang jinis makaten boten radi kathah dipunpanggihi. Miturut owah gingsiripun jaman, sampun tinatah saha sinungging wayang kanthi ngginakaken média digital kanthi piranti empuk pangolah citra. Wayang ingkang tinatah saha sinungging kanthi média digital dipunwastani é-wayang.

Cariyos ingkang dipunlampahaken dipunpundhut saking épos Mahabarata kaliyan Ramayana ingkang ugi dipunsebat Wayang Purwa. Ugi wonten ingkang nanggap lakon cariyos-cariyos 1001 dalu saking tlatah Arab. Wayang ingkang kados makaten dipunwastani Wayang Ménak. Pagelaran punika misuwur ing tlatah Jawa.

Sajeroning pagelaran punika wayang ditancepaken wonten debog (wit gedhang), wonten sisih tengen lan kiwanipun dhalang. wonten tengah, cariyosipun dipungelar. Sedinten sedalu lakon dipunwedhar.

Wayang punika boten namung sumebar ing Jawa kémawon, nanging ugi ing tlatah sanès ing Nuswantara. Pagelaran wayang sampun dipunakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dados karya kabudayan ingkang èdi pèni ing babagan cariyos dongèng kalihan warisan ingkang paring aji sanget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwalikipun, UNESCO nyuwun supados Indonésia njagi (preserve) warisan punika.[1].

Sajarah[besut | besut sumber]

Wayang Bali

Para ahli dèrèng wonten ingkang saged masthèkaké kapan wayang wiwit wonten ing Indonésia. Nanging yèn mirsani prasasti lan tinggalan jaman kapungkur, wayang kinten-kinten sampun wonten sadèrèngipun agama Hindhu mlebet. Rikala samanten lakon wayang dèrèng nganggé cariyos-cariyos ingkang dipunpundhut saking India. Pagelaran punika dipunanggé sarana nyembah marang roh leluhur.

Sawetara anggitan sastra jaman Mataram énggal kathah ingkang nyerat prakawis sajarah wayang. Nanging, para ahli sajarah boten sarujuk marang menapa ingkang dipunserat wonten mriku amargi boten cocog marang cathetan kalihan tinggalan sajarah ingkang sampun wonten.

Prasasti paling kino wonten ing abad kaping IV Masèhi. Prasasti ngandhut ukara mawayang kanggé pagelaran pahargyan sima utawi bumi perdhikan. Katrangan ingkang langkung trewaca ing prasasti Balitung, udakara 907 Masèhi. Wonten ngriku dipunserat si galigi mawayang bwat Hyang macarita bimma ya kumara. Tegesipun kinten-kinten: Si Galigi ndhalang kanggé Hyang kanthi lakon Bima Sang Kumara."

Agama Hindhu ingkang mlebet ing Nusantara damel cariyos wayang bènten kaliyan aslinipun. Cariyos Ramayana lan Mahabarata wiwit dipunanggé kanggé dakwah agama. Ing panguwasaning Dharmawangsa Teguh (991-1016), kathah cariyos saking India ingkang mlebet kalihan dipundamel gagrag jawanipun. Wayang wiwit nyebar ing pundi-pundi rikala Majapahit nguwaosi Nuswantara.

Cariyos-cariyos ingkang aslinipun saking India punika pungkasanipun sampun gèsèh kaliyan sadèrèngipun. Para pujangga Jawa damel cariyos piyambak kanggé mepaki menapa ingkang sampun wonten. Ing padhalangan, cariyos-cariyos punika dipunsebat lakon Carangan.

Rikala jaman Agama Islam mlebet, Walisanga ugi nganggé wayang ing panyebaranipun. Ing jaman punika Wayang kang Sumberé saka Mahabarata lan Ramayana disampurnaaké kanthi nggathukaké karo Aji-Aji Islam déning Para Walisanga salah sijiné ya iku Sunan Kalijaga. Ing jaman iku uga wiwit wonten Wayang Menak. Gagrag-gagrag tambah akèh ngepasi Mataram Anyar. Walandi ingkang digdaya damel Karaton Surakarta lan Karaton Ngayogyakarta ngracik kathah cariyos wayang kanggé nglelipur manah.

Indonésia mardika ugi nyumbang gagrag wayang ingkang manéka warni. Manéka warni wayang wau wonten ingkang tetep dipungelar ugi wonten ingkang namung gesang ing jamanipun piyambak. Wayang ingkang paling kathah dipunanggé inggih punika Wayang Kulit Purwa.

Sebutanipun Wayang[besut | besut sumber]

Manawi dipunpundhut saking ukaranipun, wayang punika saking wewayangan, amargi pagelaranipun wonten ing wekdal wengi lan nganggé lampu. Nanging katrangan punika sampun boten saged dipunugemi malih. Wayang dados boten mligi bonéka ingkang wonten wewayangané. Wayang golèk ingkang dipundamel saking kayu boten ngandhelaké wewayangan. Ukara wayang sampun dados pagelaran bonéka ingkang dipungelar déning dhalang.

Umumipun, sebutan wayang tinuju marang wayang kulit purwa. Wayang punika dipundamel saking tatahan kulit kéwan kanthi lakon saking Mahabharata lan Ramayana.

Manéka Warni Wayang[besut | besut sumber]

Werna wernining wayang ing tanah Jawa[besut | besut sumber]

  • Wayang Bèbèr inggih punika wayang ingkang dipundamel saking kain utawi kulit lembu ingkang awujud bèbèran (lembaran). Saben bèbèran punika nggambaraken satunggal adégan cariyos. Manawi sampun rampung dipunlakonaken, bèbèrane dipungulung malih. Wayang punika dipundamel jaman krajan Majapait. Wayang punika pinangka saking Pacitan lan Gunungkidul.[2] Wayang punika dipundamel kanthi kuwat ing bab rong dimènsinipun kanthi kagunan lukis ing kanvas.[2] Tiyang-tiyang ingkang nglestantunaken wayang punika inggih punika: Musyafiq kanthi damel wayang bèbèr ingkang narasinipun paraga-paraga wayang, Suhartono kanthi langkung nyiptakaken figur wayang ingkang corakipun dhékoratif lan ornamèntik, Agus Nuryanto damel wayang bèbèr kanthi saking awujud wayang purwa lajeng dipunabstraksi saking rèalitas gesangipun manungsa ing saben dintenipun.[2]
  • Wayang Kulit Wayang mau didamel saking cucal/kulit kebo utawi wedhus kang ditatah kanthi permati, ugi disungging/dicèt, lan digapit. Manéka jinis wayang kulit dipérang dados 2. Miturut géografis/asal daérahipun lan miturut ceritanipun, Miturut géografis/asal daerahipun contonipun Wayang Gagrag Yogyakarta/Mataraman, Wayang Gagrag Cirebon, lan Wayang Gagrag Surakarta. Manawi Miturut ceritanipun, contonipun Wayang Kulit Purwa, Wayang Kulit Madya, Wayang Kulit Gedhog, Wayang Kulit Dupara, Wayang Kulit Suluh, lsp.
  • Wayang klithik sinebut uga Wayang Krucil ya iku wayang kang digawè saka kayu, kang wujudè padha karo wayang kulit. Wayang iki duwé ciri khas ya iku yèn ta ditanggap ora nganggo gedhebog tancepatè nanging nganggo kayu kang wis dibolong-bolongi. Carita kang kerep ditanggapkè ya iku nyaritakakè Damarwulan lan Majapait.[2]

Wayang iki campurane wayang golèk lan wayang kulit. Praupane kaya wayang kulit nanging digawé saka kayu. Amarga saka kayu, awake wayang tanpa cempurit. Pagelarane ora nganggo kelir/layar. Debog kanggo tancepan diganti nganggo kayu kang wis dibolongi, jenenge slanggan. Wayang iki wis arang digelar.[2]

Panjenenganipun maringi tuturan "Yèn ta diwènèhi panjang umuré nganti 100 taun, dhèwèké bakal terus ndhalang, sabab ing njero wayangan kang lumrahé digawé dadi panglipur lara iku ana ajaran-ajaran, pepéling-pepéling kang migunani tumrap uripé manungsa."[4]

Wayang ing miturut asal daerahipun[besut | besut sumber]

  • Wayang Serambi Mekah(Acèh),
  • Wayang Sigale-gale(Sumut),
  • Wayang Kelantan Melayu(Riau),
  • Wayang Randai(Sumbar),
  • Wayang Sri Palémbang(Sumsel),
  • Wayang Liwa(Lampung),
  • Wayang Golèk Sunda(Jabar-Banten),
  • Wayang Golèk Cepak(Cirebon-Tegal),
  • Wayang Kulit Cirebon(Indramayu),
  • Wayang Golèk Rampak(Bandung),
  • Wayang Kulit Betawi(Jabodetabek),
  • Wayang Golèk Betawi(Ancol),
  • Wayang Bèbèr Métropolitan(Jakarta),
  • Wayang Pasir(Jakarta),
  • Wayang Jazz(Jakarta),
  • Wayang Lukis Fatur Gamblang(Jakarta), *Wayang Bhineka(Jakarta),
  • Wayang Révolusi(Jakarta-Yogya),
  • Wayang Sajarah(Jakarta),
  • Wayang Potèhi(Jakarta-Semarang-Surabaya),
  • Wayang Gaya Banyumas(Jateng),
  • Wayang Gaya Surakarta(Jateng),
  • Wayang Gaya Sragenan(Jateng),
  • Wayang Kedhu(Jateng),
  • Wayang Gaya Pesisiran(Jateng),
  • Wayang Gaya Bagelenan(Jateng),
  • Wayang Gaya Tegalan(Jateng),
  • Wayang Gaya Klatenan(Jateng),
  • Wayang Golek Menak(Jateng-Yogya),
  • Wayang Kulit Menak(Surakarta),
  • Wayang Thithi(Jateng-Jatim),
  • Wayang Bèbèr (Danaraja),
  • Wayang Gaya Mataraman/Ngayogyakarta(Yogya-Wates-Bantul-Sléman-Magelang-Purworejo-Wonosari-Kutoarjo-Wonosobo-Temanggung dll.),
  • Wayang Klithik(Jateng),
  • Wayang Sadat(Jateng),
  • Wayang Wahyu lan Wayang Pamarta(Yogya-Sala),
  • Wayang Kancil(Yogya-Sala),
  • Wayang Perjuangan(Yogya),
  • Wayang Ukur(Yogya),
  • Wayang Suket(Yogya-Tegal),
  • Wayang Kidang Kencana(Yogya-Sala),
  • Wayang Kampung Sebelah(Sala),
  • Wayang Urban(Jakarta),
  • Wayang Jekdhong(Jatim),
  • Wayang Krucil(Jatim),
  • Wayang Gedhog(Jatim),
  • Wayang Madura(Pamekasan),
  • Wayang Parwa(Bali),
  • Wayang Ceng Blong(Bali),
  • Wayang Sasak(NTB),
  • Wayang Limang(Kalbar),
  • Wayang Riwut(Kalteng),
  • Wayang Banjar(Kalsel),
  • Wayang Eheng(Kaltim),
  • Wayang Tenggarong(Kaltim),
  • Wayang Sangiran(Maluku),
  • Wayang Sandosa(Sala-Jakarta),
  • Wayang Jemblung(Banyumas),
  • Wayang Wong(Sala-Yogya-Semarang-Surabaya-Jakarta Dll.),
  • Drama Wayang Swargaloka(Jakarta),
  • Wayang Erlangga(Jakarta),
  • Wayang Paper Moon(Sala),
  • Wayang Animasi(Museum Jakarta),
  • Wayang Topeng Jatiduwur(Jombang),
  • Wayang Madya(Jateng-Yogya-Jatim-Cirebon),
  • Wayang Suluh(Yogya-Sala-Jakarta),
  • Wayang Kontemporer(Jakarta),
  • Wayang Orang Bali(Bali),
  • Wayang Planet(Tegal),
  • Wayang Raiwong(Tegal),
  • Wayang Diponegoro(Yogya),
  • Wayang Buda(Sala),
  • Wayang Hikmah(Jateng).

Lakon Wayang[besut | besut sumber]

Miturut Kitab/Sumber ingkang digawe carita ing Pagelaran Wayang diperangake dadi:

Gagrag Wayang ing Tanah Jawa[besut | besut sumber]

Pagelaran Wayang Kulit (Utamane Wayang Purwa) ingkang sumrambah ing tanah Jawa utawa asring digemari masarakat ing tanah jawa didamel variasi ingkang manéka warni. Variasi utawi jinis punika ingkang asring dipunsebat Gagrag. Gagrag Wayang Kulit ing tanah Jawa antarané:

Uga delengen[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Indonésian Wayang Inscribed in 2003 on the Representative List of the Intangible Cultural Heritage of Humanity
  2. a b c d e [1](kaundhuh tanggal: 10 April 2011) Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "internet3" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "internet3" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  3. a b c d e f g h Kodhe basa ora trep. Tim Pangripta Basa Jawa. 2003. Kawruh Basa Jawa (KBJ). Surakarta kaca: 61-63.
  4. a b c d e f g h [2] (kaundhuh tanggal 8 April 2011)

Wacan[besut | besut sumber]

  • Mudjanattistomo (1976) Pedhalangan Ngayogyakarta. Yogyakarta
  • Brandon, James (1970) On Thrones of Gold-Three Javanese Shadow Plays. Harvard University Press
  • Clara van Groenendael, Victoria (1985) The Dalang Behind the Wayang. Dordrecht, Foris
  • Keeler, Ward (1987) Javanese Shadow Plays, Javanese Selves. Princeton University Press
  • Keeler, Ward (1992) Javanese Shadow Puppets. OUP
  • Long, Roger (1982) Javanese shadow theatre: Movement and characterization in Ngayogyakarta wayang kulit. Umi Research Press
  • Mellema, R.L. (1988) Wayang Puppets: Carving, Colouring, Symbolism. Amsterdam, Royal Tropical Institute, Bulletin 315.
  • Soedarsono (1984) Wayang Wong. Yogyakarta, Gadjah Mada University Press

Pranala njaba[besut | besut sumber]