Menyang kontèn

Wayang bèbèr

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Wayang Bèbèr

Wayang bèbèr ya iku wayang kang digawè saka kain utawa kulit lembu kang awujud bèbèran (lembaran).[1] Wayang Bèbèr ya iku mori digambari wayang dipitontonaké sarana dibèbèr banjur dicaritakakè.[2] Saben bèbèran iku nggambarakè sawijinig adegan carita. Yèn wis rampung dilakonkè, bèbèrane digulung manèh.[1] Wayang iki digawè jaman karajan Majapait.[1] Wayang iki asalè saka Pacitan lan Gunungkidul.[3] Wayang iki digawè kanthi kuwat ing bab rong dimensinè kanthi seni lukis ing kanvas.[3] Wong-wong kang nglèstarèkakè wayang iki ya iku: Musyafiq kanthi gawè wayang bèbèr kang narasinè paraga-paraga wayang, Suhartono kanthi luwih nyipta figur wayang kang corakè dèkoratif lan ornamèntik, Agus Nuryanto gawè wayang bèbèr kanthi saka wujud wayang purwa banjur diabstraksi saka rèalitas uripè manungsa ing saben dinanè.[3] Para pesungging wayang bèbèr kang saka Sragèn kecamatan Tanon iki tetep njaga khasè wayang saka tinggalanè krajan Majapait kang caritané Panji Asmara Bagun lan Galuh Sèkar Taji.[4] Reganè wayang antaranè 200 èwu nganti 200 yuta rupiyah.[4] Yèn pasaranè wis ramè mung isih ana alangan kang banget wigatinè ya iku hak cipta kang durung duwè.[4]

Gulungan wayang beber
Wayang beber nggambarke lakon palagan

Dhalang wayang iki antarané Ki Narmanto Hadi Kusumo saka dhusun Gelaran, Désa Bejiharja.[5] Wayang bèbèr iki saka kulit kayu mlinjo kang digulung dadi papat.[5] Wektu tanggapanè mung sakjam telungpuluh menit.[5] Ditanggap rolas wong wis kalebu dhalang lan paraganè.[5] lakonè kaya ta Ki Rèmèng Mangunjoyo.[5]

Sujarah[besut | besut sumber]

Ing Serat Centhini, Wayang Bèbèr muncul nalika jamané Prabu Surya Hamiluhur ing Jenggala taun 1129 Saka utawa taun Candra 1166. Nalika iku Sang Prabu ngelih Kraton Jenggala menyang Pajajaran kanthi gelar Prabu Maesatandreman. Sang Prabu kersa ngarang gambar wayang purwa lan gawé gambar lakon Jenggala, lan gambar mau dicet ing kertas kulit kayu Panaraga kanthi pigura kayu ing sisih kiwa-tengen kanggo nggulung. Banjur, ing taun 1242 Saka, Prabu Bratana utawa Radèn Jakasesuruh ing Majapahit nduwèni karep ngowahi wayang kang wis digambar ing kertas Jawa, yaiku kanthi tetep wayang digulung lan nalika arep ditampilaké dibukak saka sisih ngendi, lan wayang mau diarani Wayang Bèbèr. Nalika pagelaran Wayang Bèbèr ana ing kraton kairing gamelan laras slendro, nanging yèn ing njaba kraton diiringi rebab kang dimainake dhalang dhéwé. Nalika iku, Wayang Bèbèr ginelar ngiringi upacara murwakala lan kaulan. Sumber-sumber liya antuk katrangan, adhedhasar cathetan èkspèdhisi sarjana Cina Ma Huan, Wayang Bèbèr wis ana ing abad 15 Masèhi, nalika mèlu lelayaran armada Kaisar Yung Lo mangidul lan mampir ing Majapahit. Dhèwèké nonton pagelaran Wayang Bèber lan nggawé cathetan sing dibabaraké ing Perpustakaan Ying-Yai Sheng Lan. Cathetan kasebut nggambaraké lakucara pagelaran kanthi mbukak gulungan kertas sing ngemot jejeran kang diadhepi penonton. Sbanjuré, dhalang nyritakaké urutan gambar kanthi runtut saka wiwitan nganti pungkasan.[6]

Lumebuné agama Islam ing Tanah Jawa lan madegé Kraton Demak ngowahi gagrag lukisan Wayang Bèbèr, amarga ing piwulang agama Islam ora kéna nggambar paraga wayang persis kaya wujud asliné. Mula sawisé iku gagrag lukisan paraga wayang diowahi supaya ora padha karo bleger manungsa. Déné gagrag lukisan Wayang Bèbèr sadurungé isih digunakake ing Wayang Kamasan ing Bali. Ing taun 1692 – 1735 ing jaman Kraton Kartasura nalika jaman Amangkurat II, Wayang Bèbèr lair manèh kanthi lakon Jaka Kembang Kuning. Lakon iki rampung ing taun 1692 lan ngemot 6 gulungan kertas. Saliyané iku, nalika jamane Prabu Pangkubuana II uga digawe lakon anyar, yaiku lakon Remen Mangunjaya.[7]

Gagrag Pacitan[besut | besut sumber]

ing tlatah Danaraja, Pacitan, wayang iki diugemi déning wong kang wis pinitaya turun-temurun kanggo ngreksa. Wayang Beber Pacitan dimainaké wong lima, wong papat nabuh rebab, kendhang, kenong laras sléndro, lan gong, wong siji tumindak minangka dhalang. Panggawéyan dadi dhalang Wayang Bèbèr adhedhasar garis keturunan. Wayang Bèbèr mung ana ing Kabupatèn Pacitan, Jawa Wétan lan Kabupatèn Gunung Kidul (Daérah Istiméwa Yogyakarta). Désa Nanggungan, Kapanéwon Pacitan, Kabupatèn Pacitan minangka papan panggonané Wayang Beber. Dhalang Pacitan kaping 14 kang dudu turunane dhalang (Rudhi Prasetyo). Duplikat Wayang Bèbèr Pacitan tinemu ing Désa Nanggungan, Kapanéwon Pacitan, déné artefak kasebut sakral lan ora bisa dibuka, ing désa asliné. Désa Gedhompol, Kapanéwon Danaraja, Kabupatèn Pacitan. Sanggar Seni Rudhi nyuguhaké kabèh wujud kréasi Wayang Bèbèr Pacitan. Amarga masarakat désa ngakoni lan nanggapi Wayang Bèbèr minangka warisan budaya. Bab kasebut dibuktèkaké kanthi anané upacara adat kang isih nggunakaké tata upacara Wayang Bèbèr, kayata: salaki rabi, khitanan, mitoni (upacara mbobot pitung sasi), lan ruwatan. Pagelaran Wayang Bèbèr ing kahanan normal udakara 90 menit. Pagelaran Wayang Bèbèr diwiwiti kanthi ritual cilik-cilik nggunakaké bahan-bahan tradhisional kayata menyan, kembang setaman lan sapérangan sesaji liyané kang digunakaké minangka sarana nyuwun keslametan lan lancar supaya pagelarané lumaku kanthi rancag. Sawisé iku, dhalang lungguh tumungkul ing sangarepé gulungan wayang, banjur gulungan wayang iku dibukak kanthi urut saka gulungan kapisan nganti gulungan kaping enem, saben gulungan isine 4 jejeran. Nalika mbuka gulungan, dhalang wiwit nyritakake jejeran mbaka jejeran kaya kang digambaraké ing gulungan Wayang Bèbèr kang ora dibungkus. Piranti tambahan kang digunakaké kanggo nyebaraké Wayang Bèbèr yaiku kayu-kayunan kang ana ing sisih tengen lan kiwa gulungan diarani seligi. Seligi kang diwuluke banjur dilebokaké ing bolongan sisih tengen lan kiwa papan panyimpenan gulungan sing diarani ceblokan.[8][9][10]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b c Kodhe basa ora trep. Susilo, Bambang.dkk. 1995. Sèneng Wayang Cinta Budaya I (untuk pendidikan Dasar). Semarang: Media Wiyana, Kaca: vi-viii
  2. Kodhe basa ora trep. Balai Basa Yogyakarta. 2001. Kamus Basa Jawa. Yoyakarta: Kasinus, Kaca: 844
  3. a b c Suara Merdeka Online[pranala mati permanèn](Kaundhuh tanggal: 10 April 2011)
  4. a b c Kompas Online Desember 2009[pranala mati permanèn](Kaundhuh tanggal 27 April 2011)
  5. a b c d e Kompas Online Oktober 2010[pranala mati permanèn](Kaundhuh tanggal 27 April 2011)
  6. Putri, Nasya Desinta (2021-08-07). "Sujarah Wayang Paling Tuwa ing Indhonésia (saka Basa Indhonésia)". Medcom. Dibukak ing 2023-02-12.
  7. Kabudayan, Kundha (2022-05-30). "Sujarah Wayang Bèbèr ing Bumi Nuswantara (saka Basa Indhonésia)". Dinas Kebudayaan Yogyakarta. Dibukak ing 2023-02-12.
  8. Djohan Perwiranto, 2007
  9. Rahmawati, 2011
  10. WBTB, Admin (2010-01-01). "Wayang Bèbèr Pacitan". Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-12. Dibukak ing 2023-02-12.