Serat Centhini

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Samak buku "Ringkasan Centini (Suluk Tambanglaras), karya R.M.A. Sumahatmaka

Serat Centhini (jroning aksara Jawa: Serat Centhini-aksara Jawa.png), utawa uga disebut Suluk Tambanglaras utawa Suluk Tambangraras-Amongraga, minangka salah siji karya sastra paling misuwur jroning kesusastraan Jawa Anyar.[1] Serat Centhini nyakup werna-werna kawruh lan kabudayan Jawa, supaya ora ilang lan tetep lestari salawasé.[1] Serat Centhini diripta arupa tembang, lan penulisané diklompokaké miturut jinis laguné.[2] Tambangraras iku asmané putri sing dadi lakon ing karya iki sing dadi pasangané lakon utama sing asmané Amongraga.[2]Banjur Centhini iku abdiné Tambangraras sing isih bocah cilik.[2] Centhini iku diserat kanggo ngumpulaké baboning Pangawikan Jawa (“induk pengetahuan jawa”).[2] Surasané Serat Centhini iku manéka warna kawruh ngèlmu lan kabudayan Jawa, supados lestatantun kaliyan boten ical.[1] Serat Centhini iku awujud tembang, lan ditulis miturut jinising lagu.[2] Serat Centhini dituis nganggo basa Jawa sing kapérang 12 jilid lan ngamot babagan penguripan lan kabudhayan Jawa ing “dasawarsa” sepisanan “abad” 19.[2] Kawruh iku dibabar awujud carita nalika lelaku tumeka pelosoking tanah Jawa.[2] Ana bab agama, manéka warna ngèlmu (kebatinan, kekebalan, keris, arsitektur, pertanian), kasenian (kasusastran, karawitan, tari), primbon, ramuan jampi-jampi, manéka warna masakan, adat istiadat, firasat wataking manungsa, lan carita sing ana gegayutané karo Bangunan Kuna.[2]

Miturut genre, Serat Centhini iku kalebu bauwarna karo carita "Santri lelana".

Panggubahan[sunting | sunting sumber]

Miturut katrangan R.M.A. Sumahatmaka, sawijining kerabat istana Mangkunegaran, Serat Centhini digubah saka kersaning Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom ing Surakarta, sawijining putra Kanjeng Susuhunan Pakubuwana IV, inggih menika ingkang salajengipun dados Sunan Pakubuwana V.[3]Sangkala Serat Centhini, kang jeneng pepaké yakuwi Suluk Tambangraras, uniné paksa suci sabda ji, utawa taun 1742 taun Jawa utawa taun 1814 Masehi.[4] Tegesé isih ana ing sajroning mangsa tahtané Sunan Pakubuwana IV, utawa enem taun sadurungé panobatan Sunan Pakubuwana V.[4] Miturut cathetan bab munggah tahtané para raja, Pakubuwana IV wiwit munggah tahta taun 1741 (Jawa), déné Pakubuwana V wiwit munggah tahta pada taun 1748 (Jawa). [4]

Kang dadi sumber saka Serat Centhini yakuwi kitab Jatiswara.[5] , kanthi sangkala jati tunggal swara raja, kang nuduhaké angka 1711 (taun Jawa, tegesé isih ing jamané Sunan Pakubuwana III).[5] Ora dikawruhi sapa kang ngarang kitab Jatiswara. Yèn dianggep pengarangé R.Ng. Yasadipura I, banjur bakal katon ora cetha (meragukan) awit ana akèh gèsèhé karo kitab Rama utawa Cemporèt.[5]

Tujuan lan pelaku panggubahan[sunting | sunting sumber]

Saka kersané Sunan Pakubuwana V, gubahan Suluk Tambangraras utawa Centhini iki dimanfaatké kanggo ngumpulaké sadhéngah kawruh lair lan batin masarakat Jawa ing jaman semana, kang kalebu ing njeroné kayakinan lan penghayatan bab agama. [5]Pakaryan iki dipimpin langsung déning Pangeran Adipati Anom, lan kang éntuk tugas mbantu ana telung pujangga istana,[5] yaiku:

  1. Raden Ngabehi Ranggasutrasna
  2. Raden Ngabehi Yasadipura II (sadurungé anama Raden Ngabehi Ranggawarsita I)
  3. Raden Ngabehi Sastradipura

Sadurungé diayahi panggubahan, katelu pujangga istana éntuk tugas-tugas kang khusus kanggo ngumpulaké bahan-bahan kanggo gawé kitab kasebut.[5] Ranggasutrasna duwé tugas njelajah pulo Jawa bagean wétan, Yasadipura II duwé tugas njelajah Jawa bagian kulon, sarta Sastradipura duwé tugas nunèkaké ibadah kaji lan nyempurnakaké kawruh agama Islam.[5]

Prosès panulisan[sunting | sunting sumber]

R. Ng. Ranggasutrasna kang njelajah pulo Jawa bagéan wétan wis mulih luwih dhisik, mula panjenengané diutus miwiti ngarang. Jroning pambuka diwedharaké bab karsa sang putra mahkota, kanthi sengkalan Paksa suci sabda ji. [3]

Sawisé Ranggasutrasna ngrampungaké jilid siji, Yasadipura II rawuh saka Jawa bagéan kulon lan Sastradipura (saiki uga sesilih Kyai Haji Muhammad Ilhar) saka Mekkah.[3] Jilid loro nganti papat ditulis bebarengan déning katelu pujangga istana. Saben perkara kang magepokan karo wilayah kulon Jawa, wétan Jawa, utawa agama Islam, ditulis déning ahliné dhéwé-dhéwé.[3] Pangeran Adipati Anom banjur nulis dhéwé jilid lima nganti sepuluh. [3]Panyebabé amarga Pangeran Adipati Anom kira-kira kuciwa sabab kawruh bab saresmi kurang jelas ungkapané, saéngga kawruh bab kasebut dianggep ora sampurna.[3]

Sawisé dianggep cukup, Pangeran Adipati Anom nyerahaké manèh panulisan rong jilid pungkasan (jilid sewelas lan rolas) marang katelu pujangga istana mau. Wusananè, kitab Suluk Tambangraras utawa Centhini kasebut bisa rampung lan cacahé lagu sakabèhé dadi 725 lagu.

Ringkesan isi[sunting | sunting sumber]

Serat Centhini disusun adhedhasar crita lelakuné putra-putri Sunan Giri sawisé dikalahaké déning Pangeran Pekik saka Surabaya, ipé Sultan Agung saka Karajan Mataram. Crita diwiwiti sawisé telu putra Sunan Giri mencar ninggalaké tanah asal kanggo ngulandara, awit kakuwasan Giri wis diajuraké déning Mataram. Putra putri Sunan Giri mau yakuwi Jayengresmi, Jayengraga/Jayengsari, lan sawijining putri, Ken Rancangkapti.

Jayengresmi, dikanthi déning loro santri kang jenengé Gathak lan Gathuk, nglakoni "perjalanan spiritual" menyang saubengé kraton Majapahit, Blitar, Gamprang, alas Lodaya, Tuban, Bojonegoro, alas Bagor, Gambirlaya, Gunung Padham, désa Dhandher, Kasanga, Sela, Gubug Merapi, Gunung Prawata, Demak, Gunung Muria, Pekalongan, Gunung Panegaran, Gunung Mandhalawangi, Tanah Pasundan, Bogor, bekas kraton Pajajaran, Gunung Salak, lan sabanjuré tekan ing Karang.

Buku bab Serat Centhini

Jroning lelaku iki, Jayengresmi ngalami "pendewasaan spiritual", amarga ketemu karo sawetara guru, tokoh-tokoh gaib jroning mitos Jawa kuna, lan sawetara juru kunci makam-makam kramat ing tanah Jawa. Jroning patemon karo tokoh-tokoh kuwi, panjenengané sinau bab werna-werna kawruh jroning khazanah kabudayan Jawa, wiwit saka candhi, makna swra manuk gagak lan prenjak, khasiat manuk pelatuk, pituduh panggawéné kain lurik, pilihan waetu hubungan sèksual, itungan tanggal, nganti tekan kisah Syekh Siti Jenar. Pangalaman lan paningkatan kawicaksanan iki anggawé panjenengané ing tembé mburi misuwur kanthi sebutan Seh (Syekh) Amongraga. Jroning lelaku kasebut, Syekh Amongraga ketemu karo Ni Ken Tambangraras kang dadi garwané, sarta pembantuné Ni Centhini, kang uga mèlu ngrungokaké wejangan-wejangané.

Jayengsari lan Rancangkapti diiringi santri kang jenengé Buras, lelana menyang Sidacerma, Pasuruan, Ranu Grati, Banyubiru, sikilé Gunung Tengger, Malang, Baung, Singhasari, Sanggariti, Tumpang, Kidhal, Pasrepan, Tasari, Gunung Bromo, Ngadisari, Klakah, Kandhangan, Argopuro, Gunung Raung, Banyuwangi, Pekalongan, Gunung Perau, Dieng, nganti tekan Sokayasa ing sikilé Gunung Bisma Banyumas.

Jroning lelaku mau panjenengané olèh kawruh ngenani adat-istiadat tanah Jawa, sariat para nabi, kisah Sri Sadana, kawruh wudhu, shalat, kawruh dzat Allah, sifat lan asma-Nya (sifat rong puluh), Hadist Markum, pètungan slametan wong mati, sarta watak Pandawa lan Kurawa.

Sawisé ngliwati lelana kang mataun-taun, pungkasané katelu katurunan Sunan Giri kasebut bisa ketemu manèh lan kumpul bebarengan para kulawarga lan kawulané, senadyan bab kuwi ora lumaku suwé awit Syekh Amongraga (Jayengresmi) banjur nerusaké laku spiritual tumuju tingkat kang luwih dhuwur manèh, yaiku ninggalaké bumi.

Tèks Tembang[sunting | sunting sumber]

I. SINOM [6]

  • Sri narpadmaja sudigbya,
  • talatahing nuswa Jawi,
  • Surakarta Adiningrat,
  • agnya ring kang wadu carik,
  • Sutrasna kang kinanthi,
  • mangun rèh caritèng dangu,
  • sanggyaning kawruh Jawa,
  • ingimpun tinrap kakawin,
  • mrih tan kemba karya dhangan kang miyarsa.

Kapustakan[sunting | sunting sumber]

Sunan Pakubuwana VII, dados Raja tahun 1757 ngantos 1786, maringaken hadia Suluk Tambanglaras kanggé pemerintah Belanda. Ananging ingkang diparingi namung mendhet saking jilid 5-9, kanthi nambahi kata pengantar énggal ingkang nembe dipundamel kaliyan R.Ng. Ranggawarsita III. Sangkalan Kitab kasebut Tata resi amulang jalma, ingkang tegesipun 1775, dados 8 jilid, diparingi judul Serat Centhini, ingkang saking 280 lagu.

Penerbit PN Balai Pustaka nalika taun 1931 nate nerbitaken ringkesan Serat Centhini, ingkang dipundamel R.M.A. Sumahatmaka, saking naskahipun Reksapustaka istana Mangkunegaran. Ringkesan kasebut sampun dipunalihaksarakan lan dipunterjemahaken mawi cerita, supados saged dipahami kaliyan masyarakat.

Cathetan sikil[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c Marsono, etal., Centhini, Tembangraras Amongraga Jilid V', Gajahmada University Press, Cit. 1, 2005
  2. ^ a b c d e f g h [Sumahatmaka, R.M.A, Ringkasan Centini (Suluk Tambanglaras), PN Balai Pustaka, Cetakan pertama, 1981.]
  3. ^ a b c d e f Serat Centhini Syair Sakral yang berontak(diunduh tanggal 5 Maret 2011)
  4. ^ a b c isayarat alam dalam serat Centhini(diunduh tanggal 5 Maret 2011)
  5. ^ a b c d e f g Poerbatjaraka 1952-1 Kapustakan Djawi kaca 157
  6. ^ [Kamajaya, Serat Centhini Latin 1,Yayasan Centhini, Cetakan III, 1992]

Referensi[sunting | sunting sumber]

  • Sumahatmaka, R.M.A, Ringkasan Centini (Suluk Tambanglaras), PN Balai Pustaka, Cetakan pertama, 1981.
  • Yatim, Dr. Badri, MA, Sejarah Peradaban Islam, PT Raja Grafindo Persada, Ed. 1, Cet. 12, 2001.
  • Marsono, etal., Centhini, Tembangraras Amongraga Jilid V', Gajahmada University Press, Cit. 1, 2005.
  • Kamajaya, Serat Centhini Latin 1, Yayasan Centhini, Cetakan ketiga, 1992.

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]

Cathetan pananggalan[sunting | sunting sumber]

  • Pananggalan ana ing artikel iki sabagéan arupa pananggalan taun Saka Jawa, kajaba yèn diwènèhi katrangan liya.

Delengen: Kalender Saka

ĩĩ

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Serat_Centhini&oldid=876763"