Pakubuwana IV
| Sri Susuhunan Pakubuwana IV | |||||
|---|---|---|---|---|---|
Pakubuwana IV | |||||
| Susuhunan Surakarta | |||||
| Panjenengan | 1788 – 1820 | ||||
| Leluhur | Susuhunan Pakubuwana III | ||||
| Penerus | Susuhunan Pakubuwana V | ||||
| Gubernur Jenderal | Willem Arnold Alting Pieter van Overstraten Johannes Siberg Albertus Wiese Herman Willem Daendels Jan Willem Janssens G.A.G.Ph. van der Capellen | ||||
| Gubernur Letnan Inggris | Lord Minto Thomas Stamford Raffles John Fendall | ||||
| Lair | Raden Mas Gusti Subadya 2 Sèptèmber 1768 Cithakan:Country data Hindhia Walanda Surakarta, Koloni VOC Walanda | ||||
| Surud | 2 Oktober 1820 (umur 52) Cithakan:Country data Hindhia Walanda Surakarta, Hindhia Walanda | ||||
| Garwa |
| ||||
| |||||
| Wangsa | Wangsa Mataram | ||||
| Bapa | Susuhunan Pakubuwana III | ||||
| Ibu | GKR. Kencana | ||||
| Agama | Islam | ||||
Sri Susuhunan Pakubuwana IV utawi Sampéyandalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana Ingkang Jumeneng kaping Sekawan (Carakan: ꦯꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦯꦶꦤꦸꦲꦸꦤ꧀ꦑꦁꦗꦼꦁꦯꦸꦯꦸꦲꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦦꦑꦸꦨꦸꦮꦟ꧇꧔꧇)(lair: Surakarta, 1768 – séda: Surakarta, 1820) iku raja katelu Kasunanan Surakarta kang maréntah antarané taun 1788 – 1820. Pakubuwana IV asma misuwure yaiku Sunan Bagus, jalaran jumeneng nata ing yuswa kang isih anom lan uga jalaran pasuryané kang bagus.
Babad Kawitan
[besut | besut sumber]Nalika timur asma Radèn Mas Gusti Subadya, putra Pakubuwana III ingkang miyos tanggal 2 September 1768 saking garwa padmi ingkang angka kalih. Ingkang ibu, anama Gusti Kanjeng Ratu Kencana utawi Kanjeng Ratu Beruk, kawula alit putri Ki Jogaswara, ingkang kawisudha dados Tumenggung Wirareja, taksih tedhak turun sultan Demak. Rayi dalem sami ibu wonten gangsal inggih punika : Kanjeng Gusti Pangeran Harya Mangkubumi, Kanjeng Gusti Pangeran Harya Buminata, Gusti Kanjeng Ratu Maduretno, Gusti Raden Ayu Purbonegoro, lan Gusti Kanjeng Ratu Timur.
Ing taun 1700 AJ, kawisudha dados Pangeran Adipati Anom ingkang kaping II ing Surakarta. [1] Lajeng ing taun 1781 (1707 AJ), Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom menika nganggit sekar ageng Duradasih, ingkang samangkeh dados iringan beksan Bedhaya Duradasih.
Ing taun 1783, Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom dipunkramakan kaliyan Raden Ajeng Handaya, siwinipun Raden Adipati Cakraningrat, Bupati Pamekasan, anama Raden Ayu Adipati Anom. Saking garwa dalem, kagungan putra setunggal miyos ing wulan Pebruari taun 1785 asma Raden Mas Gusti Sugandhi. Pinangka pralambang agengipun raos tresna marang garwa kinasih, Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom nganggit Beksan Bedhaya Duradasih. Watawis ingkang putra yuswa 1,5 taun, Kanjeng Raden Ayu Adipati Anom seda. Kaparengipun Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom, ingkang garwa kasareaken ing Astana Laweyan supados saged asring dipuntuweni awit taksih kandel sih katresnan.
Keprabon
[besut | besut sumber]Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom jumeneng narendra nggentosi ingkang rama tanggal 29 Sèptèmber 1788, ing yuswa 20 taun langkung 6 candra, kanthi asma Pakubuwana IV, ugi misuwur kanthi jejuluk Sunan Bagus.
Sinuhun menika ratu ingkang nggadahi gegayuhan inggil, benten kaliyan rama dalem ingkang misuwur ringkih. Para abdi dalem kinasihipun kalebet para 'alim ulama inggih punika :
- Tumenggung Wirodigdo
- Kyai Bahman
- Kyai Panengah
- Kyai Nur Sholeh
- Tumenggung Sujonoprono
Para tokoh Kajawèn mau njurung Pakubuwana IV supaya uwal saka VOC lan ndadèkaké Surakarta minangka nagari kang misuwur ing Jawa, ngalahaké Ngayogyakarta.
Prastawa Pakepung
[besut | besut sumber]Kahanan Surakarta sansaya adreng. Para pejabat kang kasisih ngupaya ngajak VOC ngadhepi raja. Pakubuwana IV dhéwé gething marang VOC mligi saka lakuning résidhèn Surakarta aran W.A. Palm kang korup.
Résidhèn Surakarta kang nggenteni Palm kang aran Andries Hartsinck kabukti nganakaké pepanggihan wadi karo Pakubuwana IV. VOC wiwit kuwatir lan nyana manawa Hartsinck digunaake déning Pakubuwana IV minangka piranti kang ngrusak saka njero.
VOC wusanané kekancan karo Hamengkubuwana I lan Mangkunagara I kanggo ngadhepi Pakubuwana IV. Ing wulan Novèmber 1790 bebarengan ngepung Kraton Surakarta. Saka jeron kraton dhéwé, para pejabat senior kang kasisih mèlu meksa Pakubuwana IV supaya nyingkiraké para paranpara nata babagan rohaniné. Prastawa iki diarani Pakepung.
Pakubuwana IV wusanané ngaku kalah tanggal 26 Novèmber 1790 kanthi masrahake para paranpara nata kang duwé kawruh Kajawèn supaya diguwak déning VOC.
Cathetan
[besut | besut sumber]Saliyané Pakubuwana V, ana loro manèh putra Pakubuwana IV kang dadi raja Surakarta, ya iku Pakubuwana VII lan Pakubuwana VIII.
Kapustakan
[besut | besut sumber]- Andjar Any. 1980. Raden Ngabehi Ronggowarsito, Apa yang Terjadi? Semarang: Aneka Ilmu
- M.C. Ricklefs. 1991. Sajarah Indonesia Modern (terj.). Yogyakarta: Gadjah Mada University Press
- Purwadi. 2007. Sajarah Raja-Raja Jawa. Yogyakarta: Media Ilmu
Uga pirsani
[besut | besut sumber]| Gelar kabangsawanan | ||
|---|---|---|
| Didhisiki déning: Pakubuwana III |
{{{kalungguhan}}} 1788-1820 |
Diganti déning: Pakubuwana V |
| Artikel biografi Indonésia iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
- ↑ Sastra. "Kajawèn, Balai Pustaka, 1939-06, #1668". Sastra Jawa (ing basa Jawa). Dibukak ing 2026-07-15.
- Artikel Wikipedia kanthi GND identifiers
- Kaca kanthi kategori kontrol otoritas sing durung digawe
- Artikel Wikipedia kanthi ISNI identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi LCCN identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi NTA identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi SUDOC identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi VIAF identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi identifikasi WorldCat-VIAF
- Sunan Surakarta