Menyang kontèn

Suluk

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Suluk iku salah sawijining jinis kasusastran sing tuwuh ngrembaka nalika Islam wiwit nyebar ing Tanah Jawa. Kaya déné serat utawa babad, suluk asring migunakaké macapat. Suluk iku tuwuh saka kawruh tasawuf lan nyawiji karo kabudayan Jawa. Ing ngèlmu tasawuf, suluk iku nduwé arti ndandani akhlak, nyucèkaké tindakan, lan ngeningaké budi.[1] Suluk iki tuwuh becik ing jaman Kasultanan Demak.[2]. Ing Suluk, lumrahé diajaraké kapercayan manunggaling kawula lan Gusti.[3]

Manut Poerbatjaraka, sastra suluk bisa sumebar kanthi becik amarga Majapahit runtuh, mligi ing jaman Kasultanan Demak. Para pujangga lan ulama banjur bebarengan nyawiji gawé punjering kabudayan Jawa sing anyar.[2] Ing tembé, suluk dadi sastra sing nyawijikaké kapercayan Jawa karo Islam. Akèh wong Jawa sing banjur luwih ngugemi suluk lan primbon tinimbang kitab-kitab Islam sing asli saka Arab.[2]

Sastra suluk ora mesthi nganggo jeneng "suluk", upamané Serat Wirid Hidayat Jati anggitané Rangga Warsita. Manut R.S. Subalidinata, sastra kaya mangkono iku kalebu suluk amarga ngemu surasa tasawuf.

Suluk-suluk basa Jawa

[besut | besut sumber]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Makna Suluk dan Tasawuf Republika diundhuh 9 Juli 2012
  2. a b c Prabawa Islam dalam Karya-karya R.Ng. Ranggawarsita, Dhanu Priyo Prabowo, Penerbit Narasi
  3. Pengantar Sajarah Kebudayaan Indonesia 3, Soekmono, Panerbit Kanisius, 1973