Serat Wédhatama

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Serat Wédhatama iku karya susastra Jawa gagrag anyar kang ngamot filsafat Jawa mligi bab kawruh manunggaling kawula gusti. Teks iki ditulis déning Kanjeng Gusti Pangéran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunagara IV kang lair kanthi asma Radèn Mas Sudira ing dina Senin Paing, tanggal 8 Sapar, taun Jimakir, windu Sancaya, taun Jawa 1738, utawa taun Masehi 3 Maret 1811. Tembung Serat Wédhatama dumadi saka telung wanda, ya iku: serat, wédha lan tama. Serat, tegesé tulisan utawa kasusastran, wédha, tegesé kawruh utawa ajaran, lan tama, dumadi saka tembung utama kang tegesé apik, dhuwur utawa luhur. Dadi Serat Wedhatama duwèni pangertèn: siji susastra kang ngemot kawruh ajaran kautaman uga kaluhuran uripé manungsa. Serat Wédhatama kalebu salah siji susastra Jawa kang banget misuwur lan unggul mligi ing babagan reroncèning tembung uga kawruh kautaman uripé manungsa. Miturut babon kang tinemu ana ing Ngayogyakarta, Serat iki kaya-kaya isih cedhak karo babone kang asli Pangkur.[1].

Serat Wédhatama gadhah 14 pada (Tembang Pangkur), 18 pada (Tembang Sinom), 15 pada (Tembang Pucung), 35 pada (Tembang Gambuh), lan 18 pada (Tembang Kinanthi).

Tèks tembang[besut | besut sumber]

TEMBANG SINOM (18 pada)

  • Nulada laku utama
  • Tumraping wong tanah Jawi
  • Priyagung ing Ngeksiganda
  • Panembahan Senapati
  • Kapati amarsudi
  • Sudaning hawa lan napsu
  • Pinesu tanpa brata
  • Tanapi ing siyang ratri
  • Amemangun karyenak tyasing sasama.

...

  • Ing jaman mengko pan ora
  • Arahe para taruni
  • Yen olèh tuduh kang nyata
  • Nora pisan den lakuni
  • Banjur njujurken pakti
  • Kakekne arsa winuruk
  • Ngandelken gurunira
  • pendhitaning projo sidik
  • Tur wus manggon mring mari'fat.

TEMBANG PUCUNG (15 pada) ...

TEMBANG GAMBUH (35 pada) ...

TEMBANG KINANTHI (18 pada) ...

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. Wédhatama Jinarwa, Penerbit Cedrawasih, Surakarta, 2008.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]