Mangkunagara IV

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
K.G.P.A.A. Mangkunagara IV
K.G.P.A.A. Mangkunagara IV
Raja Mangkunagaran.
Miyos Surakarta, 1810
Séda Surakarta, 1872
Jabatan

Barkas:Lambang Mangkunagaran.jpg Raja Mangkunagaran

Sri Paduka Kanjeng Gusti Pangéran Adipati Arya Mangkunagara IV (Hanacaraka: ꦏꦚ꧀ꦗꦼꦁꦓꦸꦱ꧀ꦠꦶꦦꦔꦺꦫꦤ꧀​ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦄꦂ​ꦪꦩꦁꦑꦸꦟꦒꦫ꧇꧔꧇)​ utawi dipuncekak K.G.P.A.A. Mangkunagara IV punika miyos ing taun 1810 saha kaparingan asma Radèn Mas Sudira.[1] Ingkang rama asma K.P.H. Hadiwijaya déné ingkang ibu putri K.G.P.A.A. Mangkunagara II.[1] Dados manawi katingal saking garis pancer putri, R.M. Sudira punika wayahipun K.G.P.A.A. Mangkunagara II.[1] Mangkunagara IV séda taun 1872.[2]

Riwayat[besut | besut sumber]

Wiwit taksih timur R.M. Sudira sampun katingal kapinteran saha kaprigelanipun.[butuh sitiran] Rikala dumugi yuswa 14 taun mlebet dados kadèt ing Légiun Mangkunagaran.[3] Wekdal samanten ingkang Jumeneng ing Pura Mangkunagaran Surakarta inggih punika Mangkunagara III, ingkang kaleres nak-dhèrèkipun R.M. Sudira, jalaran sami sami wayahipun Mangkunagara II.[butuh sitiran]

Sareng kaangkat dados Pangéran salin asma dados K.P.H. Gandakusuma, krama kaliyan R. Ay. Semi,[butuh sitiran] patutan 14 lajeng séda.[butuh sitiran] Boten antawis lami Mangkunagara III séda ing taun 1839, lan kagentosan déning K.P.H. Gandakusuma ingkang jumeneng dados Mangkunagara IV.[butuh sitiran] Antawis sataun jumeneng keprabon lajeng dhaup kaliyan R. Ay. Dunuk putri dalem Mangkunagara III.[butuh sitiran]

Sadangunipun ngantos keprabon panjenenganipun Mangkunagara IV yasa pabrik gendhis ing Calamadu lan Tasikmadu, mrakarsani ngadegipun stasiun Balapan saha rèl sepur SalaSemarang, lan sasanèsipun.[4][5] Panjenenganipun nyerat buku ngantos kirang langkung 42, antawisipun Serat Wedhatama.[6] Mangkunagara IV séda taun 1872 lan kasarèkaken ing Astana Giri Layu.[2]

Priksani ugi[besut | besut sumber]

Réferènsi[besut | besut sumber]

  • Yogatama, 1953, Mangkunagara IV, Bag.dari: Sêrat-sêrat Anggitan Mangkunagara IV (Cetakan, 1953), Jinis: Cetakan, Bhs. Jawa, Hrf. Jawa, Bentuk: Tembang, Jml.hal. 5, No.Rec. 1404
  • Wedhatama, 1953, Mangkunagara IV, Bag.dari: Piwulang Warni-warni (Cetakan, 1953), Jinis: Cetakan, Bhs. Jawa, Hrf. Jawa, Bentuk: Tembang, Jml.hal. 30, No.Rec. 1399
  • Wanagiri Prangwadanan, 1953, Mangkunagara IV, Bag.dari: Sêrat-sêrat Anggitan Mangkunagara IV (Cetakan, 1953), Jinis: Cetakan, Bhs. Jawa, Hrf. Jawa, Bentuk: Tembang, Jml.hal. 67, No.Rec. 1461

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c Kangdjeng Goesti Pangeran Adipati Arja Mangkoenagara I-VII hing Soerakarta Hadiningrat: 6-7. Reksa Pustaka Mangkunagaran Surakarta M.N. 78.
  2. a b Tanda kehormatan Mangkunagara IV disemayamkan di Girilayu, www.solopos.com, 16 Dhésèmber 2010. © Copyright 2009-2011 SOLOPOS. URL dipunaksês 25 Mèi 2011.
  3. Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping IV: 4-7. 1936. Sala: Sadhu.
  4. Stasiun Solo Balapan Archived 2010-08-23 at the Wayback Machine., indonesianheritagerailway.com, 30 April 2010. Copyright © 2010 - Pusat Pelestarian Benda dan Wangunan, PT Kereta Api Indonesia (Persero). URL dipunaksês 25 Mèi 2011.
  5. Gritantin, Lucia Arter Lintang. 2010. Strategi Pulitik Ekonomi Mangkunagara IV Kasus Pabrik Gula Colo Madu 1853-1881 Archived 2016-03-04 at the Wayback Machine. Skripsi, Jurusan Sajarah, Program Studi S1 Ilmu Sajarah Fakultas Ilmu Sosial Universitas Negeri Malang. URL dipunaksês 25 Mèi 2011.
  6. M.C. Ricklefs, A History of Modern Indonesia Since c. 1300, 2nd ed., Stanford: Stanford University Press, 1994, 126.


Dipunrumiyini
déning:
Mangkunagara III
Raja Mangkunagaran
1853 - 1881
Dipunlajengaken
déning:
Mangkunagara V