Filsafat Jawa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Nguri-uri kabudayan

Filsafat Jawi inggih punika filsafat ingkang ngrembaka saking lan wonten ing masarakat Jawi. Filsafat Jawi saged dipunmaknani minangka cepenganipun tiyang Jawi ing salebeting nggayuh kasampurnan. Filsafat Jawi ngrembag babagan donya spiritual kanthi latar wingking gegayutan kosmis, inggih punika manungsa (mikrokosmis/jagad alit) kaliyan Gusti Pangéran (makrokosmis/jagad ageng).

Filsafat Jawi ingkang titik kawigatosanipun marang donya spiritual punika minangka pambéda kaliyan filsafat kilèn (Barat). Filsafat Jawi tansah nggatosaken babagan sangkan paraning dumadi. Menawi Gusti Pangéran minangka asal lan ancas saking pagesanganipun manungsa. Wiwit saking ngriki, manungsa lajeng nglampahi filsafat kanthi lair trusing batin. Salebeting masarakat Jawi, tiyang-tiyang ingkang ngugemi babagan filsafat Jawi dipunsebat kanthi kaum Kejawèn.[1]

Wigatosipun[besut | besut sumber]

Masarakat Jawi perlu sanget nyinaoni babagan filsafat Jawi. Kajawi saged nepangaken budayanipun piyambak, filsafat Jawi saged ndadosaken manungsa ingkang wicaksana, ngrembat ètika lan norma, santun, tépa slira, andhap asor, welas asih marang sasami manungsa lan makluk sanès, sarta tansah celak kaliyan Gustinipun; amargi sampun gadhah pamahaman babagan sangkan paraning dumadi (asal lan ancas pagesangan) sarta manunggaling kawula-Gusti (manunggalipun manungsa kaliyan Gusti) ingkang tumuju marang kasampurnaning dumadi (kasampurnaning pagesangan). Kajawi punika, filsafat Jawi ugi tansah magepokan kaliyan tantanganing jaman. Magepokanipun filsafat Jawi boten uwal saking prakawis ingkang dipunénggali malih kaliyan éwah gingsiripun jaman. Tuladhanipun filsafat Jawi ingkang wonten ing karya-karya sastra kadosta tembang utawi gancaran, kedah dipunmaknani sacara énggal miturut lan magepokan kaliyan jamanipun.[2]

Piwulang[besut | besut sumber]

Kagem nggayuh kaluhuran utawi kautaman minangka adhedhasaripun pagesangan ing donya, manungsa kedah nggatosaken sikap-sikap, inggih punika:

1. Sembada

Sikap sembada ateges manungsa ingkang tansah saged mungkasi pakaryanipun kanthi saé lan titis ing wekdalipun. Tiyang ingkang sembada tansah dipunpitadosi déning tiyang ingkang maringi pakaryan saéngga lancar rejekinipun.

2. Sabar

Sabar punika minangka salah satunggaling kunci utami kagem nggayuh suksès donya lan akèrat.[3] Sabar ugi ateges narimah kanthi dipuntingalaken lumantar sikap ingkang anteng, boten grusa-grusu, lan saged nampi punapa kémawon ingkang kadadosan ing salebeting pagesanganipun.[4] Kajawi punika, sikap sabar ateges manungsa ingkang saged niti priksa napsunipun saéngga saged rahayu saking sedaya wujud bebaya. Kanthi sikap sabar, sedaya ancasipun manungsa saged dipun-gayuh ing mangsa ingkang trep lan boten nggégé mangsa.

3. Andhap asor

Kanthi gadhah sikap andhap asor, manungsa badhé dipuntresnani kathah tiyang saéngga saged pikantuk kalodhangan ageng ing salebeting nggayuh kasuksèsan. Sikap punika ugi minangka tandha menawi tiyang punika gadhah ngèlmu ingkang inggil. Amargi ngèlmu punika, tiyang kasebat boten bombong kadosta paribasan pantun sansaya kathah isi sansaya ndhingkluk.

4. Suka

Kanthi raos suka (remen), manungsa anggènipun nindakaken pakaryan boten karaos awrat. Pramila, manungsa ingkang tansah suka awèt enèm lan seger waras jasmani lan rohaninipun.

5. Karep

Sadangunipun manungsa taksih gesang, kedah gadhah karep ingkang saé kadosta paring tetulung marang liyan, sedekah, nyelakaken dhiri marang Gusti, lan sanèsipun.

6. Dalan Padhang

Ingkang dipuntegesi dalan padhang inggih punika pitedah saking Gusti, saéngga manungsa tansah saged gesang ing salebeting kasaénan.

7. Tan Jiguh

Sikap boten kuwatir (sumelang) utawi yakin inggih punika dhasar kagem nggayuh kasuksèsan.

8. Tan Ngutuh

Kanthi sikap gadhah raos wirang, manungsa boten bakal nindakaken tumindak ingkang awon lan boten nerak paugeran ingkang wonten ing masarakat saéngga boten gadhah prakawis kaliyan tiyang sanès.

9. Tan Kumed

Tiyang ingkang boten pelit utawi kikir, Gusti Pangéran tansah maringi rejeki ingkang makaping-kaping agengipun.

Sumber[besut | besut sumber]

Kathah prakawis ingkang saged dipundadosaken minangka rujukan utawi sumberipun filsafat Jawi. Menawi dipun-gatosaken kanthi premati, sumber-sumber punika ugi minangka kearifan lokal Jawi ingkang dipundadosaken minangka falsafah utawi cepengan pagesanganipun masarakat Jawi. Sumberipun filsafat Jawi inggih punika cerita wayang, serat-serat ingkang dipundamel déning para pujangga, saha paribasan. Sacara padatan, paribasan punika asipat vertikal amargi minangka lambangipun gegayutan antawisipun manungsa lan Gusti Pangéran saha supados manungsa tansah kèmutan marang Gustinipun. Tuladhanipun, manunggaling kawula-Gusti, curiga manjing warangka-warangka manjing curiga, Gusti boten saré, lan sanèsipun.[5]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Achmad, Sri Wintala (2017). Filsafat Jawa. Yogyakarta: Araska Publisher.
  2. Kurnianto, Ery Agus. "Refleksi Falsafah Ajaran Hidup Masyarakat Jawa dalam Prosa Lirik Pengakuan Pariyem Karya Linus Suryadi". Madah. 6 (1): 31–42.
  3. Syukur, Abdul (2017). Dahsyatnya Sabar, Syukur, Ikhlas, dan Tawakkal. Yogyakarta: Safirah.
  4. Wulandari, Nisa A'rafiyah Tri. "Filosofi Jawa Nrimo Ditinjau dari Sila Ketuhanan Yang Maha Esa". Jurnal Ilmiah Pendidikan Pancasila dan Kewarganegaraan. 2 (2): 132–138.
  5. Sulaksono, Djoko (2019). Filsafat Jawa. Surakarta: Yuma Pustaka.