Serat Cemporèt

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Samak buku Serat Cemporèt

Serat Cemporèt iku karya sastra Jawa kang éwoning sastra gagrag anyar, kang dianggit déning Paku Buwono IX. Karya sastra iki dianggit sajeroning métrum dhandhanggula.

Tèks[besut | besut sumber]

Dhandhanggula

Jarwa[besut | besut sumber]

1. Songsoggora (payung agung) minangka lambang kaslametan, ibarat winidyan (dikurniani kawruh) kang cocog karo kang digayuh, nanging tetep ringa-ringa (ragu-ragu) wektu nggubah, amarga ora duwé kamampuan kang dhuwur, saéngga luwih dhisik kudu angruruhi (golèk) karisauan batin, lan njaga angkara murka, sinambi mohon luwar saka kasedihan, supaya aja nganti bingung sajeroning nyusun dalaning carita iki, lan mangkono carita iki ginupita (digubah)

2. Sabeneré buku carita iki disusun saka karsaning Sri Baginda IX, kang sinéwaka (bertahta) ing karajan ageng Surakarta. Sri Baginda misuwur ing donya awit kasektèné lan minangka wewujudan utama sajeroning sipat-sipat utama, suci, ati sabar, sentosa, loma sarta tulus tresnané marang kawula, saéngga gedhé cilik kabèh padha ndongakaké kasejahtran karajan Sri Baginda.

3. Minangka pambuka carita iki bakal diwedhar sawijining kiasan kang éndah, kang bisa didadèkaké tuladha sajeroning nglakoni sembarang kalir, angger digolèki kang rahayu kanggo mèngeti kakhilafan budi, supaya kabèh bisa lumaku kanthi gampang. Kang diwedhar minangka tuladha ya iku carita lawas, pérangan pungkasan saka Pustaka Rajaweda ya iku bab nagara Purwacarita.

4. Negeri iku mulya banget amarga wibawa raja, kang gadhah gelar Sri Mahapunggung, kang kukuh ngugemi darma lan paugeran sarta ahli ing babagan ngèlmu kawruh. Wiwitané raja Suwelecala kang dadi pambuka carita, gadhah enem putra lanang kang imbang kasektèné.

5. Kang pambarep sesulih Raden Jaka Panuhun, panjenengané kasengsem marang babagan tetanèn. Awit saka iku panjenengané munggah tahta lan mréntah sawenèh masarakat tani ing laladan Pagelan lan saubengé, ing kana panjenengané yasa sawijining kutha minangka pusat pamaréntahan laladan Pagelen lan Kutaarja sarta mawa gelar Sri Manuhun.

6. Putra kaloro kekasih Raden Jaka Sandanggarba, kasengsem marang donya dagang. Mulané wis lumrah yèn panjenengané sregeb banget usaha ngumpulaké modal, saéngga wusanané dadi raja sudagar, pusaté ing Jepara lan mawa gelar Sri Sadana.

7. Putra kang katelu ingkang asma Raden Jaka Karungkala, kasengsem njelajah alas gung liwang liwung kanggo ajag kidang, banthèng, sapi lan manuk. Wektu tuwa banjur dadi raja ing Kirata, mimpin para pamburu, para penangkap kéwan, para pamiara sato kéwan lan kabèh pedagang daging.

8. Biyèn kuthané ing Prambanan lan mawa gelar Sri Kala, uga kaloka kanthi sebutan Kirataraja. Adiné ya iku Jaka Tunggumetung, kasenengané ngarungi segara golèk iwak utawa nyadap arèn ing wektu awan, saraya gawé uyah ing wektu wengi.

9. Amarga saka iku panjenengané nguwasani para pamisaya mina (warigaluh), ngumpulaké lan mimpin para penyadap sarta nguwasani para wong tani uyah. Biyèn punjeré ing Pagebangan lan mawa gelar Sri Malaras, anak kang sumendi, ya iku rakané si bungsu kang kekasih Raden Jaka Petungtantara, amarga seneng pangalembana lan samadi sarta nyinaoni ngèlmu kapandhitan lan kapujanggan pura.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]