Kapustakan Djawi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Kapustakan Djawi punika buku pratélan sastra Jawi anggitanipun R. M. Ng. Prof. Dr. Poerbatjaraka. Buku puniki kacithak wonten ing warsa 1952. Ladjeng salinan ing basa Indonesia dipunyasakaken déning Tardjan Hadidjaja ing warsa 1952. Buku punika ringkes dados cocog kanggé introdhuksi sajarah sastra Jawi saha saé basanipun.

Isi[besut | besut sumber]

Ing buku punika pak Poerbatjaraka ngwedharaken sajarah sastra Jawi. Sajarah sastra Jawi kapérang wonten ing pitung jinis ingkang ugi saged dipunanggep pitung jaman:

  1. Serat-serat Jawi Kina ingkang golongan sepuh mawi sekar ageng utawi kakawin saha gancaran
  2. Serat-serat Jawi Kina ingkang mawi sekar kakawin
  3. Serat-serat Jawi Kina ingkang kagolong enèm, ugi taksih mawi sekar kakawin
  4. Serat-serat mawi basa Jawi Tengahan gancaran
  5. Kidung utawi serat mawi sekar tengahan
  6. Serat-serat jaman Islam awal
  7. Serat-serat saking jaman Surakarta

Sedayanipun kirang langkung wonten 80 (wolung dasa) serat-serat Jawi ingkang kawedhar wonten ing buku punika. Ing andhap inggih serat-serat ingkang dipunamot ing buku puniki:

  • Serat-serat Jawi Kina ingkang golongan sepuh mawi sekar ageng utawi kakawin saha gancaran
  1. Serat Canda-amarga
  2. Ramayana
  3. Sang Hyang Kamahâyanikan
  4. Kakawin Brahmandapurana
  5. Agastyaparwa
  6. Uttarakand.a
  7. Mahabharata ing basa Jawi kina
  8. Kunjarakarna
  9. Arjunawiwaha
  10. Kresnayana
  11. Sumanasantaka
  12. Smaradahana
  13. Bhomakawya
  14. Bharatayuddha
  15. Hariwangsa
  16. Gatotkacasraya
  17. Wretasancaya
  18. Lubdhaka
  • Serat-serat Jawi Kina ingkang mawi sekar kakawin
  1. Kakawin Brahmandapurana
  2. Kakawin Kunjarakarna
  3. Kakawin Nagarakretagama
  4. Kakawin Arjunawijaya
  5. Kakawin Sutasoma
  6. Kakawin Parthayajña
  7. Kakawin Nitisastra
  8. Kakawin Nirarthaprakreta
  9. Kakawin Dharmasunya
  10. Kakawin Harisraya
  • Serat-serat Jawi Kina ingkang kagolong enèm, ugi taksih mawi sekar kakawin:
  1. Tantu Panggelaran
  2. Calon Arang
  3. Tantri Kamandaka
  4. Korawasrama
  5. Pararaton
  • Kidung mawi basa Jawai Tengahan
  1. Nawaruci (Déwa Ruci)
  2. Kidung Sudamala
  3. Kidung Subrata
  4. Panji Angrèni
  5. Serat Sri Tanjung
  • Serat-serat jaman Islam awal
  1. Het boek van Bonang
  2. Een Javaans Geschrift uit de 16e eeuw
  3. Suluk Sukarsa
  4. Koja Jajahan
  5. Suluk Wujil
  6. Suluk Malang Sumirang
  7. Nitisruti
  8. Nitipraja
  9. Serat Séwaka
  10. Serat Ménak
  11. Serat Rengganis
  12. Serat Manik Maya
  13. Serat Ambiya
  14. Serat Kandha
  • Serat-serat saking jaman Surakarta
  1. Serat Bratayuda
  2. Serat Panitisastra
  3. Serat Arjunasastra utawi Lokapala
  4. Serat Darmasunya
  5. Serat Dewaruci
  6. Serat Ménak
  7. Serat Ambiya Yasadipuran
  8. Serat Tajusalatin
  9. Serat Cebolèk
  10. Serat Babad Giyanti
  11. Serat Sasasanasunu
  12. Serat Wicara Keras
  13. Serat Paramayoga
  14. Serat Jitapsara
  15. Serat Pustakaraja
  16. Serat Cemporèt
  17. Babad Prayut
  18. Babad Pakepung

Basa saha pasang aksara (éjaan)[besut | besut sumber]

Kapustakan Djawi dipunserat déning pak Poerbatjaraka mawi basa Jawi krama. Anggitanipun sarta leléwanipun basa saé sanget. Anggènipun nyerat kathah ngagem tetembungan Walandi ingkang sampun dipunserap ing basa Jawi kados ta tembung 'pretal'[1] kaliyan ugi tetembungan Walandi ingkang dèrèng dipunserap kados ta Inleiding (1952:158)[2].

Buku punika seratanipun mawi pasang aksara utawi éjaan Jawi lawas ingkang mèmper kaliyan Ejaan Soewandi kanggé basa Indonesia. Dados /u/ dipunserat [u], /c/ dipunserat [tj] saha /j/ dipunserat [dj]. Aksara 'dha' saha 'tha' dipunserat d. saha t. (d lan t mawi titik saandhapipun). Swanten pepet kaliyan taling dipunbèntenaken. Pepet dipunserat ĕ (e mawi caping) lan taling dipunserat e nglegena.

Resènsi[besut | besut sumber]

Buku punika saé kanggé introdhuksi ing sajarah sastra Jawi. Pak Poerbatjaraka sampun maos saha ndamel ringkesan padhet wolung dasa (80) serat-serat mawi basa Jawi. Nanging isinipun ringkesan radi cekak-cekak. Lajeng ing pepintenan pérangan pak Poerbatjaraka ugi mlebetaken opini pribadi, kados ta kritikipun marang Ki Ranggawarsita.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Pertal punika saking basa Walandi vertaal utawi vertalen. Tegesipun punika jarwa utawi alih basa
  2. Inleiding punika tegesipun panganter utawi pengantar ing basa Indonesia

Pratélan kapustakan[besut | besut sumber]