Kakawin Wertasancaya

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Kakawin Wertasancaya ya iku salah sijiné kasusastraan sansekerta. Ana ing sajroning kesusastraan Sansekerta dhéwé ana syair-syair kang wujudé basa Kawya utawa basa Kawi, isiné ya iku ngrembag babagan ilmu kawruh. Wertasancaya bisa dilebokaké ing karangan-karangan kaya iku mau. Kitab iki minangka kitab syair sing digunakaké kanggo mènèhi tuladha-tuladha lan carané gawé syair. Jumlahé syair sing tuladhané ana 96 jinis. Saben jinising syair nggunakaké irama-sajaké. Piwulang babagan nyair sing tuladha-tuladhané dijlentrehkaké ing sajroning kitab iki saktenané seni syair ing kasusastraan Sansekerta, sing digunakaké ing basa jawa kuna. Kabèh karangan sing isine 112 syair. Yén dijejerkaké karo cacahé lelagon-sajak, mula mèh kabèh syair ganti lelagoné.[1]

Ringkesan[besut | besut sumber]

Panulisé kitab wertasancaya ya iku Empu Tanakung, urip ing jaman akhir praja Kadiri. Kitab wertasancaya ya kena disebut kitab Cakrawaduta kang duwèni teges ya iku : “menthok si utusan”. Jeneng iki jumbuh karo isi karangané, Isiné karangan iku nyeritakaké putri saka bangsawan sing uga nduwéni bojo saka kalangan bangsawan, kekaroné urip setahun suwené lan bebojoan lan ora tau pisah. Ananging sawisé iku sing lanang lunga kanggo golèk ilmu babagan seni syair. Uga dientèni suwé kok ora bali-bali sing wadon krasa goréh ing manah, sabanjuré dheweké golék panglipur ing taman, ora malah seneng nanging malah kèlingan pangangen-angen bojoné. Pungkasané si putri mandeg lan golèk pangiyupan amarga udan. Sawise udan wis mari dhéwéké weruh ing taman ana menthok sing lagi bébojoan ing banyu tilak udan. Menthok kuwi nglangi mrana mrene lan munggah saka banyu mara menyang lemah kang asat lan kekaroné dudohaké swarané sing pancen apik, agawé si purtri trenyuh wayah ngrungokaké, saya suwè si putri tambah kèlingan bojoné sing wis lunga lan urung bali. Banjur kekaroné marani putri bangsawan gara-gara keprungu swarané. Ing sajroning bingungé dhéweké ora sadar bengok “mrénea,.. mrénea menthok..!” ora nyana menthok kekaroné iku mau langsung mara ing papan panggonan putri bangsawan iku maul an kandha yen to menthok iku mesakake marang putri kasebut, krana nyawang pasuryané putri sing susah banget. Banjur putri kasebut ngutus menthok kanggo nggolèki bojoné sing ora mulih-mulih, menthok kuwi iku mau langsung mangkat nggolèki bojoné sang putri. Jebul bojoné sang putri ana ing salahsawijing panggon lan lagi nggawe kitab, weruh kaya mngkono langsung si menthok kekaroné kandha babagan kahanan sang putri. Banjur sawisé ngrampungaké yén gawé kitab joboné putri langsung mulih lan nemoni putri.[2]

Tuladhané Tèks[besut | besut sumber]

Ing taun 1875 H.Kern babaraké karya sastra karo pertalan tulisan-tulisan sing akèh.,ana ing kakawin Wertasancaya iki wis lumrah minangka ngemot syair kang ngandhut puji marang Wagiswari utawa saraswati, lan ana ing ngisor iki tuladha syair ing kakawin wertasancaya:

Marga :[besut | besut sumber]

  1. [3]Sang hyang wāgîîswarî ndah lihati satata bhaktingkw I jöng dhātrdewi pinrih ring citta nunggw ing sarasija ri dalĕm twas lanenastawangku nityȃweha ng warānugraha kaluputa ring duhkha sangsāra wighna lāwan tȃstu wruheng sāstra sakalaguna ning janma tapwan hanewĕh.
  2. Nāhan dongkwājapāngacarna ri sira kĕdö mrākrta ng chandāsasrta mangke tingkahnya pintonakĕna gumawaya ng wrddhya ning wālabuddhi akhir

Èpilog :[besut | besut sumber]

  1. Anghing hingan iking palambanga gurit mpu Tanakung atimūdha duryasa chandaprākta wrtta ning guru lawan laghu racana nika ndatan kalen akweh wrtta turung lining mami palenakĕna muwah ikopalaksanan yan ring pinggalasāstra kewala kadikang ina jarakan ing palambanga. 109
  2. Tuhun sahana sang kawindra mangupaksamā ri nghulun getingku n angikĕt palambanga ngaranya de ning mangö teher matiki Wrttasañcaya ngaranya de ning mangö palar magawaya ng wisuddtha ri manah ning anggong langö 110

Gandhèng Cènengé karo Tèks liya[besut | besut sumber]

Kiakawin wertasancaya dianggit ing jaman praja Kadiri pindah ing tumapel utawa Singasari ing taun 1144 Caka utawa 1222 Masehi serat wertasancaya duweni isi ya iku ngamot kawruh sajak, metrum sekar ageng, lan tuladha-tuladhane.Isi serat wertasancaya iku dijupuk saka serat Ajimapmasa karangan Rangawarsita..[4] Empu tanakung ya iku pujangga kraton Singasari, wektu iku  sing dadi raja ya iku ken arok. Ken arok isa nguwasani sawisé matèni akuwu tunggul ametung lan ngrabi randha kang jenengé ken dedes. Ken Dedes dipercaya déning Ken Arok minngka dheweke duweni wahyu kuwasa lan bisa nglairakake raja-raja ing tanah jawa

Kakawin wertasancaya diwenenhake kanggo Prabu Girindrawangsa, usaha kaya mangkono wis lumrah amarga empu Tanakung iku minangka duwèni kaprigelan lan dhéwéké duwé utang budi marang Ken Arok, kamangka Ken Arok dhewé dadi raja kang seneng mbela kaprigelan seni budaya. Ananging babagan sastra budaya kerajaan singasari direpotaké babagan perkara jero lan konsolidasi sing luput. Nganti saiki warta babagan Singasari amung  bab prakara politik sing kurang kapénak.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Purwadi (2007). Sejarah Sastra Jawa. Yogyakarta: Panji Pustaka. kk. 84–87. ISBN 979-25-2725-10 Priksa gandra |isbn= (pitulung). 
  2. Zoetmulder, P.J (1985). Kalangwan Sastra Jawa Kuna Selayang Pandang. Jakarta: Djambatan. kk. 123–128. 
  3. Zoetmulder, P.J (1985). Kalangwan . A Survey Of Old Javanese Literature. Jakarta: Djambatan. kk. 593–594. 
  4. Poerbatjaraka (1957). Kapustakan Djawi. Jakarta: Djambatan. kk. 33–34.