Kakawin Nirarthaprakreta
Serat Nirarthaprakreta, punika kakawin, dados tembang mawi sekar ageng. Serat Nirarthaprakreta punika isinipun piwulang kawruh sepuh utawi uga dipunarani ngèlmu kasampurnan. Tembung punika uga dipunarani mistik. Kangge ngicipi isinipun, ing andhap dipuncaosaken sawatawis pethikan saking kitab punika ingkang sampun dipunjarwakaken ing basa Jawi samangké. Jarwinipun mawi basa krama.
Pethikan
[besut | besut sumber]Boten makaten watekipun tiyang lumrah, ingkang dipundèkèk ing angeng namun ingkang dados remenipun piyambak kemawon. Watekipun gething marang kapinteranipun tiyang sanès, sanjangipun, kapinteranipun piyambak boten wonten ingkang saged ngungkuli. Dosanipun piyambak ingkang ageng dipundelikaken, dipunumpet-umpetaken supados boten katingal tiyang sanès. Nanging manawi tiyang sanès ingkang lepat, sanadyan namung sakedhik kémawon, dipunuthik-uthik. Kaliyan malih, remen manahipun manawi ningali tiyang sanès ingkang saweg susah. Kaliyan mèri marang tiyang sanès ingkang papanggih kabingahan, dipunpados-padosaken supados dhawah wonten ing kasangsaran. Mojoki tiyang ingkang dedonga saha sembahyang luhur budiné, dipunowah-awèh dipundamel kapiawon. Duka sanget manawi dipuncacat, sanget bungahipun ngantos telas manawi dipunelem.
Warna-warni anggènipun nyamah marang tiyang sanès, tiyang ingkang sampun dipunarani becik manahipun, dipunnyana-nyana, boten nganggé duduga anggènipun nyacad marang tiyang ingkang nindakaken kautaman. Ungelipun kaliyan gedhag-gedhig saha angremehaken: “Tiyang ingkang madosi Allah, kaliyan dhawah wungu, mubang-mubeng manahé, inggih punika tiyang bingung, bodho, sangsalané déné dèrèng ningali ing sajatinipun.”
Iinggih punika sakedhik pethikan saking serat Nirarthaprakreta. Isinipun saged dipunarani saé sanget saha cetha gampil dipunngretosi ungel-ungelipun.
Pandamelan
[besut | besut sumber]Serat Nirarthaprakreta punika dipundamel ing taun 1381 Śaka utawi 1459 taun Masèhi, wonten ing dhusun aran Kañcana, sakidulipun Surabaya. Ingkang ndamel boten dipunsumerepi.
Sumber-sumber
[besut | besut sumber]- Prof. Dr. R. M. Ng. Poerbatjaraka, 1952, Kapustakan Djawi. Djakarta/Amsterdam: Penerbit Djambatan. Kaca 52-53