Kakawin Pārthayajña

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Kakawin Pārthayajña punika satunggaling kakawin ing basa Jawi Kina. Sanadyan boten mawi titi-mangsa utawi boten nyebat namanipun satunggaling ratu, nanging kedah dipun-papanaken wonten ing ngriki; awit tetembunganipun ketawis bilih barakan kaliyan serat kakawin Arjunawiwaha saha kakawin Sutasoma.

Makaten ugi falsafahipun inggih terang manawi kakawin Parthayajña punika tumut grupipun serat jaman Majapait tengahan dumugi pungkasan. Menggah ingkang dipuncariyosaken, lelampahipun para Pandhawa ing sasampunipun kawon main dhadhu.

Isi[1][besut | besut sumber]

Sareng para Pandhawa kawon anggènipun main dhadhu kaliyan para Korawa. Sang Dropadi dipun-wudani déning sang Sakuni, dipun-jambak kalarak wonten ing ngajengipun para ratu ingkang sami pasamuwan wonten ing kadhaton Ngastina. Para Pandhawa lajeng kedah nglampahi ukum bucal wonten satengahing wana laminipun 12 taun.

Prabu Yudhisthira rembagan pundi ingkang dipundunungi. Sang Bima usul, prayogi ngamuk kémawon; pejah gesang sampun kantenan, boten amemanjang wirang. Kepanggihing rembag, sang Arjuna kadhawuhan tapa. Sang Arjuna mangkat dhateng ing redi Indrakila, mampir ing patanipun bagawan Mahayani ing wana Wanawati. Sareng sampun lumampah malih, sang Arjuna wonten ing Wana kapanggih déwi Sri wahyuning karaton Indraprastha, késah saking kadhaton awit saking tindhakipun prabu Yudhisthira kirang prayogi. Sang bathari Sri sagah wangsul dhateng kadhaton anggeripun dipunreksa ingkang saé. Déwi Sri sasampunipun maringi pitedhah, lajeng muksa. Sang Arjuna lajeng kepanggihan kaliyan bathara Kamajaya. Sang Arjuna dipunparingi wulang saha dipunngandikani bilih badhé manggih pakéwed saking danawa nama pun Nalamala, sirahipun tiga; satunggal sirah gajah, satunggal sirah danawa, ingkang satunggal malih sirah garudha. Sang Kamajaya sasampunipun dawuh lajeng musna.

Dumugi sapinggiring talaga ageng sang Arjuna saestu kapanggih danawa pun Nalamala. Pun danawa ngancap sang Arjuna samadi, lajeng katingal gadhah slira bathara. Pun danawa dados ajrih, lumajeng, nanging mawi ngancam bilih badhé medal malih mbènjing yèn sampun jaman Kaliyuga.

Sang Arjuna nglajengaken lampah dumugi patapanipun bagawan Wyasa (Abiyasa); ing sasampunipun matur yèn kautus ingkang raka prabu Yudhisthira tapa dhateng Indrakila, bagawan Wyasa maringi piwulang saha pitedhah prenahipun redi Indrakila. Sang Arjuna lajeng yasa tapa wonten ing ngriku.

Manggala[besut | besut sumber]

Kakawin Parthayajña uga wonten manggalanipun. Ing ngandhap punika manggala saha jarwanipun.

Manggala Jarwa
1. 1 a. Om Rudrāks.a namo 'stu te mara panembaha ra putu bhat.āra nityaça 1. 1 a. Hong sang hyang Rudra puji kawula, putu sang hyang bathara nitya manembah
1 b. sang munggw ing teleng ing hid.ep sang atiçūnya tuhu-tuhu jagatpramodhita 1 b. ingkang wonten ing pusating manah, ingkang awor ing kasunyatan, saèstu ingkang... jagat
1 c. mwang sakwèhnira pan.d.itādhika wiwéka rinacananiki swarastuti 1 c. kaliyan sadaya tiyang pinter...
1 d. sang wijñâtmaka ring langö kawi wenang tuladana saguritnirêng sabhā 1 d. sang sampun putus ing kasaénanipun kidung saged dipuntiru kikidunganipun déning tiyang kathah
2 a. mèweh ngwang mucapê kadarçitani sarwagatanira hanêng jagaddhita 2 a.
2 b. ndan sūks.mān sumilib ring an.d.ajana kokiranira n atirūpa wīryawān 2 b.
2 c. sang twasning lara rāga sārining unang sang amisani rarasning angrengö 2 c.
2 d. sang sāks.āt pinakêsining manah akung rahina wengi lanângudang lulut 2 d. sang prasasat isining kalbu asih ing dinten dalu, nityasa angasih-asih
3. a. yêkîng ambek angèl çumakti ri wiyoganing alara kenêng smarânala 3 a.
3 b. pangdéning lara rāga yêki tumuwuh ri hati mamunah anggeseng manah 3 b.
3 c. tres.n.âgöng sumaput peteng temahan ing rahina pati-gagap-gagap tutur 3 c.
3 d. kāmârtha pwa ya hétuning mapeningan mamulanguni ri sang huwus licin 3 d.
4 a.yângdé rañca ri citta mangkin alengö tekaping alara çoka kāsyasih 4 a.
4 b. nghing wikwā juga ng enakânusupa ring wana tumulusa tan kabañcana 4 b.
4 c. çaktyângungsira siddhaning manemu sandhi kalepasani patyaning tiga 4 c.
4 d. nghing têkā palakun ri pādanira sang yatiwara malesâwakâjñana 4 d.
2.1 a.Hana tâs.t.alingga ya winastu lewih pinakopajīwaning atīrtha hayu pagaway halâhayu ya wastu hilang ri wekasni sandhining amuks.a hati 2. 1 a.
1 b. ya ta hétuning manemu çabda tutur apan éweha ng luputa ring wimala dyutakarma yêka mangimur mangikū ya dumèhnikā manemu pāpa magöng 1 b.
1 c. wara darçanānta huningan rumuhun nrepa Pān.d.awèki caritan ta nihan... 1 c.

Cathetan sampéyan[besut | besut sumber]

  1. Adhedhasar ing karyanipun Poerbatjaraka, Kapustakan Djawi (1952:57-58)

Sumber[besut | besut sumber]