Kakawin Sutasoma

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Lambang Indonésia mawi sesanti Bhinneka Tunggal Ika
Kakawin Sutasoma saking Mpu Tantular, ing Perpustakaan Nasional Indonesia, Jl. Medan Merdeka Selatan, Jakarta

Kakawin Sutasoma punika salah satunggaling kakawin ingkang boten namung misuwur, nanging uga wigati dipuntepangi. Awit sepalih padha saking kakawin punika dados sesanti nasional Républik Indonésia: Bhinneka Tunggal Ika (Pupuh 139.5).

Sesanti Indonésia punika boten tanpa alesan dipunpendhet saking serat kakawin punika. Serat punika nyukani piwulang saé prekawis toleransi antar agami, mliginipun antar agami Hindhu-Siwah saha Buda.

Kakawin punika dipunripta déning mpu Tantular.

Isi[1][besut | besut sumber]

Sang hyang Buda nitis dhateng putranipun prabu Mahakétu, ratu ing Ngastina, nama radèn Sutasoma. Sang radèn, sareng sampun ageng, ngibadah sanget, remen dhateng agami Buda (Mahâyana). Badhé dipunkramakaken saha dipunjumenengaken ratu, boten karsa.

Ing wanci dalu sang radèn lolos saking nagari.: konten-konten ingkang dipunkancingi, sami menga piyambak-piyambak kanggé langkung sang radèn. Sareng lolosipun sang radèn kasumerepan, ing kedhaton gègèr, sang prabu saha sang paramèswari sami susah, dipunrarapu ing akathah.

Dumugi ing wana sang radèn mumuja wonten salebeting candhi; bathari Widyutkarali rawuh, pratéla bilih sembahyangipun sang radèn sampun katarimah. Ing salajengipun sang radèn minggah ing redi Himalaya, kadèrèkaken para pandhita sawatawis. Dumugi satunggaling patapan, sang radèn dipunaturi uninga yèn wonten ratu, titising ratu danawa, damelipun nedha tiyang, nama prabu Porusada utawi Kalmasapada. Cariyosipun ratu punika makaten: ing satunggaling wekdal, ulam sadhiyan badhé dhaharipun sang prabu, ical dipuntedha ing segawon saha babi. Juru masak bingung, kesesa pados ulam kanggé lintunipun, boten angsal, lajeng dhateng pasaréan ngiris ulam pupuning tiyang pejah ingkang taksih énggalan, lajeng dipunmasak. Sang prabu dhahar kraos éca sanget, labet titising danawa wau; ndangu dhateng juru masak, ulam punapa ingkang dipunaturaken punika wau. Aturipun juru masak, ulam tiyang, sabab pun juru masak dipunagar-agari badhé kapejahan yèn boten matur saleresipun. Sang prabu tuman dhahar ulam tiyang; tiyang ing nagari telas, saking sampun sami dipundhahar utawi ngungsi késah dhateng sanès nagari. Sang prabu lajeng ndilalah gerah tatu sukunipun, boten saged mantun; malah lajeng dados danawa, dudunung wonten ing wana dados pangagening wana.

Ing satunggaling wekdal sang prabu kaul, bilih saged mantun gerahipun, badhé nyaosi dhahar dhateng bathara Kala, ratu satus.

Sang Sutasoma dipunaturi déning para pandhita supados mejahi sang ratu punika, nanging boten karsa. Bathari Pretiwi medal saking dhasaring siti, tumut ngaturi sang radèn supados mejahi sang Kalmasa-padha, nanging sang radèn meksa boten kersa. Malah anglajengaken tindakipun badhé tapa.

Wonten ing margi kepanggih danawa asirah gajah anama Gajamukha, damelipun ugi nedha tiyang. Sang radèn badhé dipuntedha; sareng kagelut, danawa dhumawah ing ngandhap, ketindhihan sang radèn, awratipun kados katindhihan ing redi. Danawa sirah gajah kawon, lajeng dipunwulang agami Buda; boten kénging amemejahi; danawa sirah gajah miturut lajeng dados siswa. Salebetipun anglajengaken lampah, kepanggih naga, ingkang badhé ngancap dhateng sang radèn. Danawa sirah gajah ngadhangaken badanipun, kapulet ing naga; sareng sampun, naga lajeng ngalumpruk dhawah ing siti, sebab kénging prabawanipun sang radèn. Sang naga inggih lajeng dados siswa. Dumugi satunggaling jurang sang radèn kepanggih sima èstri badhé nedha anakipun. Sang radèn ngendhak kajengipun; sima-biyung wangsulanipun, luwé sanget sampun boten saged angsal kidang menjangan, amila badhé nedha anakipun piyambak. Sang radèn lajeng ngandika: "Aku waé panganen, anakmu mesakaké". Sima èstri lajeng anggemprong sang radèn katubruk, dipuncakot jajanipun, kasesep rahipun, kraos mak cles kados ngombé toya panggesangan, wasana pun sima èstri kéngetan dhateng pandamelipun awon, manahipun getun sanget, nangis wonten daganing layonipun sang radèn, naming badhé sumedya pejah thok.

Bathara Indra rawuh, sang radèn dipungesangaken malih. Sang radèn nutuh dhateng bathara Indra déné sampun sekéca teka dipungesangaken malih. Wangsulanipun bathara Indra, yèn sang radèn boten sugeng malih, mangka pun sima èstri kalajeng pejah, punika anggènipun sang radèn welas mitulingi dhateng anak sima wau boten wonten tegesipun, awit sima alit inggih boten wandé pejah dipuntilar biyungipun, boten wonten ingkang nusoni. Bathara Indra muksa, sang radèn lajeng paring piwulang.

Ing sasampunipun punika sang radèn lajeng tapa piyambak wonten ing guwa, kagodha (prabawa saking Kakawin Arjunawiwaha), boten kéngguh bathara Indra tindak piyambak mindha-mindha putri ayu, meksa boten kèngguh, malah sang radèn badhar dados bathara Buda Wairocana. Para déwa nyungga-nyungga. Sareng sampun wujud sang Sutasoma malih, lajeng kondur.

Sang prabu Dasabahu, nak-sanakipun sang radèn, perang kaliyan danawa balanipun prabu Kalmasapada. Danawa kawon lumajeng ngungsi dhateng sang radèn. Prabu Dasabahu nututi, ngancap dhateng dhateng sang radèn, wasana uninga bilih nak-sanakipun piyambak, lajeng dipunjak kondur dhateng nagarinipun sang Dasabahu kapendhet ipé. Bibar temu sang radèn kondur dhateng nagari Ngastina; sareng sampun patutan sang radèn lajeng kajumenengaken ratu nama prabu Sutasoma. Kocapa, sang prabu Porusada (Kalmasapada), anggènipun pados ratu satus sampun angsal 99 sami dipunpenjara. Namung kirang satunggal; sang Kalmasapada nglurug dhateng Ngalengka, nanging ratunipun boten kacepeng awit séda wonten ing paprangan.

Prabu Porusada lajeng mindha-mindha pandhita, ngemis dhateng ratu Widarba (nyèngkok nalika sang Dasamuka mindha-mindha pandhita badhé ambradhat déwi Sita saking Kakawin Ramayana). Ratu Widarba kènging kapikut. Sareng sampun jangkep satus, para ratu lajeng dipuncaosaken dhateng bathara Kala, nanging sang bathara boten karsa dhahar sabab, kirang miraos; kepéngin dhahar ratu Ngastina, prabu Sutasoma. Sang Purusada nglurug dhateng Ngastina; para putranipun ratu ingkang sami ngungsi dhateng Ngastina, sami prang kaliyan balanipun prabu Porusada. Wasana sang Sutasoma prang tandhing kaliyan sang Porusada. Dangu-dangu, rèhné naming dipuntandhingi sabar, ratu Ngastina kènging kabekta dhateng ngarsanipun bathara Kala. Sareng badhé dipundhahar, aturipun sandika, anggeripun para ratu 100 sanèsipun sami dipunluwari. Mireng ingkang makaten punika, bathara Kala rena sanget panggalihipun; sang Porusada trenyuh manahipun déning lila-legawanipun prabu Sutasoma, lajeng tobat, mantun nedha ulam tiyang, tur para ratu ingkang 100 sami dipunluwari sadaya.

Bathara Kala saha Porusada lajeng dados siswa sang Sutasoma. Kakalihipun agesang ing wana kados wiku. Déning sang Sutasoma kakalihipun lajeng dipunajari dharma saha yoga. Bathara Kala dipuntinggal awit kedah tobat. Para sadaya wangsul ing Ngastina. Ing riku para titiyang ingkang pejah dipun-gesangi malih déning bathara Indra. Satunggaling pista dipunwontenaken. Purusada boten wangsul dhateng Ratnakanda nanging késah dhateng redi Mandara kaliyan para danawa sanèsipun badhé yasa tapa.

Ingkang donya dados aman, tentrem, lan reja malih. Sasampunipun pinten wekdal sang Sutasoma kaliyan garwanipun séda wangsul dhateng ing swarga sang Jina (Buda). Ing riku sang Porusada uga angsal ganjaran anggènipun yasa tapa. Bathara Kala dados Pasupati. Putranipun prabu Sutasoma, Ardhana dipunjumenengaken dados ratu Ngastina.

Pangripta[besut | besut sumber]

Serat Sutasoma punika ugi kadamel kala salebeting jumenengipun prabu Hayam Wuruk ing Majapait. Kaliyan kakawin Nagarakretagama inggih sepuh kakawin Nagarakretagama.

Menggah babonipun serat Sutasoma punika wonten ing tanah Indhia misuwur sanget. Ing salebeting Ramayana saha Mahabharata inggih wonten cariyos punika. Makaten ugi ing salebeting kapustakan agami Buda ing kapustakan jataka mawi basa Sangaskreta utawi basa Pali. Sang hyang Buda nitis dhateng putranipun prabu Mahakétu, ratu ing Ngastina, nama radèn Sutasoma. Sang radèn, sareng sampun ageng, ngibadah sanget, remen dhateng agami Buda (Mahâyana). Badhé dipunkramakaken saha dipunjumenengaken ratu, boten karsa.

Ing wanci dalu sang radèn lolos saking nagari.: konten-konten ingkang dipunkancingi, sami menga piyambak-piyambak kanggé langkung sang radèn. Sareng lolosipun sang radèn kasumerepan, ing kedhaton gègèr, sang prabu saha sang paramèswari sami susah, dipunrarapu ing akathah.

Dumugi ing wana sang radèn mumuja wonten salebeting candhi; bathari Widyutkarali rawuh, pratéla bilih sembahyangipun sang radèn sampun katarimah. Ing salajengipun sang radèn minggah ing redi Himalaya, kadèrèkaken para pandhita sawatawis. Dumugi satunggaling patapan, sang radèn dipunaturi uninga yèn wonten ratu, titising ratu danawa, damelipun nedha tiyang, nama prabu Porusada utawi Kalmasapada. Cariyosipun ratu punika makaten: ing satunggaling wekdal, ulam sadhiyan badhé dhaharipun sang prabu, ical dipuntedha ing segawon saha babi. Juru masak bingung, kesesa pados ulam kanggé lintunipun, boten angsal, lajeng dhateng pasaréan ngiris ulam pupuning tiyang pejah ingkang taksih énggalan, lajeng dipunmasak. Sang prabu dhahar kraos éca sanget, labet titising danawa wau; ndangu dhateng juru masak, ulam punapa ingkang dipunaturaken punika wau. Aturipun juru masak, ulam tiyang, sabab pun juru masak dipunagar-agari badhé kapejahan yèn boten matur saleresipun. Sang prabu tuman dhahar ulam tiyang; tiyang ing nagari telas, saking sampun sami dipundhahar utawi ngungsi késah dhateng sanès nagari. Sang prabu lajeng ndilalah gerah tatu sukunipun, boten saged mantun; malah lajeng dados danawa, dudunung wonten ing wana dados pangagening wana.

Ing satunggaling wekdal sang prabu kaul, bilih saged mantun gerahipun, badhé nyaosi dhahar dhateng bathara Kala, ratu satus.

Sang Sutasoma dipunaturi déning para pandhita supados mejahi sang ratu punika, nanging boten karsa. Bathari Pretiwi medal saking dhasaring siti, tumut ngaturi sang radèn supados mejahi sang Kalmasa-padha, nanging sang radèn meksa boten kersa. Malah anglajengaken tindakipun badhé tapa.

Wonten ing margi kepanggih danawa asirah gajah anama Gajamukha, damelipun ugi nedha tiyang. Sang radèn badhé dipuntedha; sareng kagelut, danawa dhumawah ing ngandhap, ketindhihan sang radèn, awratipun kados katindhihan ing redi. Danawa sirah gajah kawon, lajeng dipunwulang agami Buda; boten kénging amemejahi; danawa sirah gajah miturut lajeng dados siswa. Salebetipun anglajengaken lampah, kepanggih naga, ingkang badhé ngancap dhateng sang radèn. Danawa sirah gajah ngadhangaken badanipun, kapulet ing naga; sareng sampun, naga lajeng ngalumpruk dhawah ing siti, sebab kénging prabawanipun sang radèn. Sang naga inggih lajeng dados siswa. Dumugi satunggaling jurang sang radèn kepanggih sima èstri badhé nedha anakipun. Sang radèn ngendhak kajengipun; sima-biyung wangsulanipun, luwé sanget sampun boten saged angsal kidang menjangan, amila badhé nedha anakipun piyambak. Sang radèn lajeng ngandika: "Aku waé panganen, anakmu mesakaké". Sima èstri lajeng anggemprong sang radèn katubruk, dipuncakot jajanipun, kasesep rahipun, kraos mak cles kados ngombé toya panggesangan, wasana pun sima èstri kéngetan dhateng pandamelipun awon, manahipun getun sanget, nangis wonten daganing layonipun sang radèn, naming badhé sumedya pejah thok.

Bathara Indra rawuh, sang radèn dipungesangaken malih. Sang radèn nutuh dhateng bathara Indra déné sampun sekéca teka dipungesangaken malih. Wangsulanipun bathara Indra, yèn sang radèn boten sugeng malih, mangka pun sima èstri kalajeng pejah, punika anggènipun sang radèn welas mitulingi dhateng anak sima wau boten wonten tegesipun, awit sima alit inggih boten wandé pejah dipuntilar biyungipun, boten wonten ingkang nusoni. Bathara Indra muksa, sang radèn lajeng paring piwulang.

Ing sasampunipun punika sang radèn lajeng tapa piyambak wonten ing guwa, kagodha (prabawa saking Kakawin Arjunawiwaha), boten kéngguh bathara Indra tindak piyambak mindha-mindha putri ayu, meksa boten kèngguh, malah sang radèn badhar dados bathara Buda Wairocana. Para déwa nyungga-nyungga. Sareng sampun wujud sang Sutasoma malih, lajeng kondur.

Sang prabu Dasabahu, nak-sanakipun sang radèn, perang kaliyan danawa balanipun prabu Kalmasapada. Danawa kawon lumajeng ngungsi dhateng sang radèn. Prabu Dasabahu nututi, ngancap dhateng dhateng sang radèn, wasana uninga bilih nak-sanakipun piyambak, lajeng dipunjak kondur dhateng nagarinipun sang Dasabahu kapendhet ipé. Bibar temu sang radèn kondur dhateng nagari Ngastina; sareng sampun patutan sang radèn lajeng kajumenengaken ratu nama prabu Sutasoma. Kocapa, sang prabu Porusada (Kalmasapada), anggènipun pados ratu satus sampun angsal 99 sami dipunpenjara. Namung kirang satunggal; sang Kalmasapada nglurug dhateng Ngalengka, nanging ratunipun boten kacepeng awit séda wonten ing paprangan.

Prabu Porusada lajeng mindha-mindha pandhita, ngemis dhateng ratu Widarba (nyèngkok nalika sang Dasamuka mindha-mindha pandhita badhé ambradhat déwi Sita saking Kakawin Ramayana). Ratu Widarba kènging kapikut. Sareng sampun jangkep satus, para ratu lajeng dipuncaosaken dhateng bathara Kala, nanging sang bathara boten karsa dhahar sabab, kirang miraos; kepéngin dhahar ratu Ngastina, prabu Sutasoma. Sang Purusada nglurug dhateng Ngastina; para putranipun ratu ingkang sami ngungsi dhateng Ngastina, sami prang kaliyan balanipun prabu Porusada. Wasana sang Sutasoma prang tandhing kaliyan sang Porusada. Dangu-dangu, rèhné naming dipuntandhingi sabar, ratu Ngastina kènging kabekta dhateng ngarsanipun bathara Kala. Sareng badhé dipundhahar, aturipun sandika, anggeripun para ratu 100 sanèsipun sami dipunluwari. Mireng ingkang makaten punika, bathara Kala rena sanget panggalihipun; sang Porusada trenyuh manahipun déning lila-legawanipun prabu Sutasoma, lajeng tobat, mantun nedha ulam tiyang, tur para ratu ingkang 100 sami dipunluwari sadaya.

Bathara Kala saha Porusada lajeng dados siswa sang Sutasoma. Kakalihipun agesang ing wana kados wiku. Déning sang Sutasoma kakalihipun lajeng dipunajari dharma saha yoga. Bathara Kala dipuntinggal awit kedah tobat. Para sadaya wangsul ing Ngastina. Ing riku para titiyang ingkang pejah dipun-gesangi malih déning bathara Indra. Satunggaling pista dipunwontenaken. Purusada boten wangsul dhateng Ratnakanda nanging késah dhateng redi Mandara kaliyan para danawa sanèsipun badhé yasa tapa.

Ingkang donya dados aman, tentrem, lan reja malih. Sasampunipun pinten wekdal sang Sutasoma kaliyan garwanipun séda wangsul dhateng ing swarga sang Jina (Buda). Ing riku sang Porusada uga angsal ganjaran anggènipun yasa tapa. Bathara Kala dados Pasupati. Putranipun prabu Sutasoma, Ardhana dipunjumenengaken dados ratu Ngastina.

Popularitas kakawin Sutasoma[besut | besut sumber]

Ing pulo Bali, ing pinten-pinten kalangan, kakawin punika ngantos sapunika taksih populèr sanget. Prekawis punika mbokbilih déning sipat dhidhaktisipun. Prekawis piwulang mistik ingkang dipunajaraken déning sang Sutasoma ing para siswa ingkang dipunwor kaliyan lukisan gesang manifèstasi sang Buda ing donya, sarta usahanipun kanggé nylametaken umat manungsa singgih saé sanget.

Pethikan saking kakawin[besut | besut sumber]

Ing ngandhap punika dipunaturaken pinten-pinten pethikan saking kakawin saha jarwanipun ing basa Jawi ngoko manawi saged. Ingkang dipunaturaken inggih manggalanipun, panutup saha satunggaling pethikan ingkang wigati.

Manggala[besut | besut sumber]

Ing Kakawin Sutasoma wonten manggalanipun. Manggala punika mamuja Sri Bajrajñana ingkang intisarinipun punika kasunyatan. Manawi panjenengipun nedahaken sliranipun, mila medal sang semèdi sang Boddhicitta lan mungguh ing galih. Sasampunipun pinten-pinten yuga ing pundi Bathara Brahma, Wisnu kaliyan Siwah ngreksa ingkang dharma, inggih sapunika wonten ing Kaliyuga, sang Buda mandhap kanggé nyirnakaken kuwasa ala.

1. 1 a. Çrî Bajrajñâna çûnyâtmaka parama sirânindya ring rat wiçes.a 1 b. lîlâ çuddha pratis.t.hêng hredaya jaya-jayângken mahâswargaloka 1 c. ekacchattrêng çarîrânghuripi sahananing bhur bhuwah swah prakîrn.a 1 d. sâks.ât candrârka pûrn.âdbhuta ri wijilira n sangka ring Boddhacitta

2 a. Singgih yèn siddhayogîçwara wekasira sang sâtmya lâwan bhat.âra 2 b. Sarwajñâmûrti çûnyâganal alit inucap mus.t.ining dharmatattwa 2 c. Sangsipta n pèt wulik ring hati sira sekung ing yoga lâwan samâdhi 2 d. Byakta lwir bhrântacittângrasa riwa-riwaning nirmalâcintyarûpa

3 a. Ndah yêka n mangkono ng çânti kineñep i tutur sang huwus siddhayogi 3 b. Pûjan ring jñâna çuddhâprimita çaran.âning miket langwa-langwan 3 c. Dûrâ ngwang siddhakawyângitung ahiwang apan tan wruh ing çâstra mâtra 3 d. Nghing kêwran déning ambek raga-ragan i manah sang kawîrâja çobha

4 a. Pûrwaprastâwaning parwaracana ginelar sangka ring Boddhakâwya 4 b. Ngûni dwâpâra ring treat kretayuga sirang sarwadharmânggaraks.a 4 c. Tan lèn hyang Brahma Wis.n.wîçwara sira matemah bhûpati martyaloka 4 d. Mangké n prâpta ng kali çrî Jinapati manurun matyana ng kâla murkha

Sri Bajrajñana, titisaning Kasunyatan iku kang paling utama ing donya Tentrem, murni lan teguh ing ati digdaya kadi kahyangan kang agung Panjenengané iku titisaning Pangayom tunggal kang paring urip ing tri bawana – bumi, langit lan swarga – sarwa kabèh wujud lan rupa. Prasasat sunaring wulan lan srengéngé sifaté ing metuné saka ing idhepé wong kang wis sadhar.

Pancèn yèn sang rajané yogi unggul pungkasané kang manunggal lan sang Bathara. Pawujudaning sarwa ngèlmu kasunyatan, kasar utawa alus, lan ingucap ing puja sembahyang kang kusyuk. Cekaké iku golèkana lan bongkarana ing ati dhèwèké kang tekun ing yoga lan semèdi. Pancèn kaya wong kang nandhang brangta mangrasa riwa-riwané kamurnèn Sing Rupané Tan Bisa Inidhep.

Mengkana ya iku katentreman kang dituju déning sang dituruti wong wis sida ing ngèlmu kayogan. Pujanen mawa ngèlmu murni lan bekti linuwih sarananing angiket sekar éndah. Mustakil aku bisa suksèsa ancoba manggurit kakawin, amarga aku ora weruh ing pranataning sastra. Nanging, kisinan lan bingung aku déning pikiran sang pujangga linuwih ing nagara.

Purwané prastawa parwaracana kang digelar saka kawya sang Buda. Mbiyèn ing dwapara-, treta- lan kretayuga panjenengané kabèh titisaning sarwa darma. Ora liya sang hyang Brahma, Wisnu lan Siwah. Kabèh dadi ratu ing donyaning wong. Saiki wis teka ing Kaliyuga, Sri Jinapati medhun ing kéné amatèni ing kala murka.

Panutup[besut | besut sumber]

148.

1 a. Nâhan tântyanikang kathâtiçaya Boddhacarita ng iniket 1 b. Dé sang kawy aparab mpu Tantular amarn.a kakawin alangö 1 c. Khyâtîng rat Purus.âdaçânta pangaranya katuturakena 1 d. Dîrghâyuh sira sang rumengwa tuwi sang mamaca manulisa

2 a. Bhras.t.a ng durjana çûnyakâya kumeter mawedi giri-girin 2 b. Dé çrî râjasa ratu bhûpati sang angd.iri ratu ri Jawa 2 c. Çuddhâmbek sang aséwa tan salah ulah sawarahira tinut 2 d. Sök wîrâdhika mêwwu yêka magawé resaning ari teka

3 a. Ramya ng sâgara parwatêki sakapunpunan i sira lengeng 3 b. Mwang tang râjya ri Wilwatikta pakarâjyanira n anupama 3 c. Kîrn.êkang kawi gîta lambing atuhânwam umarek i haji 3 d. Lwir sang hyang çaçi rakwa pûrn.a pangapusnira n anuluhi rat

4 a. Bhéda mwang damel I nghulun kadi patangga n umiber I lemah 4 b. Ndan dûra n mad.anêka pan wwang atimûd.ha kumawih alangö 4 c. Lwir bhrân.tâgati dharma ring kawi turung wruh ing aji sakathâ 4 d. Nghing sang çrî Ran.amanggalêki sira sang titir anganumata.

Mangka ta pungkasaning carita saka kisah sang Buda Déning sang kawi anama mpu Tantular kang ngiket kakawin éndah. Misuwur ing donya mawa jeneng Purusadasanta (panaklukan Ratu Purusada). Amoga kabèh kang kerungu, maca utawa nyalin dawa umuré.

Kabèh wong ala bakal sirna, lemes, gumeter, kawedèn, lan kagirisan. Déning Sri Rajasa kang jumeneng ing Jawa. Para abdiné murni atiné lan ora salah ulahé kabèh pangandikané diturut. Kebak para satriya agung, cacahé èwon kang nggawé kawedèn ing para mungsuh.

Éndah ta punang pasir wukir kang kalebu ing panguwasané. Lan kutharaja ing Wilwatikta asri ora ana upamané. Akèh cacahé para kawi kang nganggit kidung lan kakawin, tuwa lan enom kang ngadhep sang ratu. Lir sang hyang Wulan ta panguwasané mamadhangi donya.

Béda karo gawéyanku kaya gajah kang mabur ing lemah. Isih adoh saka kapasisirsan, amarga aku wong bodho banget kang amindha bisa nganggit tembang apik. Kaya wong kang bingung ing kuwajibaning sang kawi during weruh satembung waé. Nanging sang Sri Ranamanggala iku kang dadi panutanku.

Bhinnéka Tunggal Ika[besut | besut sumber]

Kutipan punika saking pupuh 139, padha 5. Pada punika jangkepipun kados makaten:

Rwāneka dhātu winuwus Buda Wiswa,
Bhinnêki rakwa ring apan kena parwanosen,
Mangka ng Jinatwa kalawan Śiwatatwa tunggal,
Bhinnêka tunggal ika tan hana dharma mangrwa.

Jarwanipun:

Tiyang sanjang manawi Buda kaliyan Siwah punika kalih dat ingkang bènten.
Panci bènten, nanging kados pundi ta saged dipun-mangertèni?
Awit kaleresan Jina (Buda) kaliyan Siwah punika tunggal
Ajur-pecah punika, anging ugi tunggal. Boten saged darma kaleresan punika kalih.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Adhedhasar Kapustakan Djawi anggitan Poerbatjaraka (1952).

Pranala njawi[besut | besut sumber]