Serat Rengganis
Serat Rengganis iku sawijining karya sastra ing basa Jawa Anyar. Karya sastra iki asalé saka tradhisi Islam-Jawa lan kalebu kelompok tèks Serat Ménak lan bisa digolongaké Sastra Jawa Pasisir. Carita iki naté populèr banget, ora mung ing Tanah Jawa nanging uga ing saubengé ya iku Tatar Sundha, Madura, Bali, lan Lombok. Rengganis iku arané sawijining putri kang ayu banget lan sawisé pacoban akèh wusanané dadi garwané putrané Amir Ambyah (utawa Amir Hamzah) kang diarani Iman Sumantri. Iman Sumantri uga diarani mawa dasanama Repatmaja, Pangéran Kélan utawa Bangjaran Sari.
Sinopsis
[besut | besut sumber]Ana sawijining pandhita tapa anèng Gunung Argapura; sang pandhita wau kala mbiyèn dumeneng nata ing nagara Jaminèran. Bareng patutan-putri siji, kaparingan nama Dèwi Rengganis; ora suwé garwané séda, sang prabu banjur tilar kaprabon.
Dèwi Rengganis diopèni ramané dhéwé anèng patapan. Labet putraning pandhita, sang dèwi cilik mula wis seneng tapa; kang didahar namung sarana nesep maduning kembang-kembang, amula ya sekti banget, bisa mabur.
Pangéran Kela kang uga diarani sang Repatmaja, wis krama olèh putri ing Jamintoran, nama Dèwi Julusul-asikin, nanging ora kersa atut. Sang Radèn gawéyané mung lèrèn ameng-amengan waé ing patamanané kang diarani Banjaran-sari.
Ing sawijiing wanci, Dèwi Rengganis ameng-amengan menyang patamanan wau, methik kembang, maduné didahar, banjur lunga manèh. Pangéran Kélan nampa lapuran yèn kembang-kembang ing taman kerep ilang; kang njupuk bareng ditiliki wusanané ketemu ya iku Dèwi Rengganis. Banjur sang Radèn dadi gandrung kédanan lan Dèwi Rengganis dirayu supaya gelema dirabi. Nanging Dèwi Rengganis ora gelem. Gelemé yèn dimaru karo putri ing Mukadam kang anama Dèwi Kadarmanik. Dèwi Rengganis dhéwé kerep banget bola-bali mara ing taman wau nanging ora ana kang weruh kajaba Pangéran Kélan dhéwé.
Amula manawa sang Pangéran pinuju ngungrum, dikira gerah éwuh déning para nyai kang padha ngladèni.
Wong-Agung krungu yèn Pangéran Kélan gerah, tur ora seneng nekani Dèwi Julusul-asikin, banjur dhawuh mboyong sang Pangéran sagarwa menyang kedhaton. Gerahé Pangéran Kélan saya nglayung; diaturi atut karo sang garwa, ora kersa.
Dèwi Rengganis bali manèh; Pangéran Kélan mapagaké, ngungrum; wong-wong padha bingung, sang Radèn dikira kumat. Namung meneng waé yèn Dèwi Rengganis wis mulih manèh; sang Pangéran dijak sowan sang rama marang ing patapan Argapura. Dèwi Rengganis mabur, sang Radèn gondhèlan sampur, tekan ing patapan sang Radèn banjur marek nungkul ing sang Pandhita.
Ing karatoné Wong-Agung gègèr déning ilangé sang Pangéran Kélan. Umarmaya kadhawuhan nggolèki. Umarmaya takon marang sang pandhita anama Sèh Dul Kurès, dicaritani nggoné Pangéran Kélan, nanging sang Umarmaya ora seneng nusul; kadhawuhan terus waé, teka ing nagara Mukadam.
Awit prabu Nurséwan ana nèng kana, njaluk sraya marang ratu Mukadam. Malah Dèwi Kadarmanik wis kadaupaké karo Radèn Hirman, putrané prabu Medayin; nanging sang putri ora kersa atut.
Bala ing Mukadam iku béda wong; balané reca wesi kang bisa kaparéntah perang; nudjumé kang juru mrentah prajurit reca wau nama sang Majusi. Sang Majusi wis weruh yèn arep ana maling nelik (sang Umarmaya), amula dhawuh supaya prayitna.
Umarmaja teka, masang sirep, nanging ora tumama, malah ngantuk dhéwé, wusana turu. Kasangé kacanthèlaken ana ing pucuking wit-witan. Umarmaya didhekep déning bala Mukadam, dijaga lan banjur dilebokaké ing sumur wisa.
Ing Mukadam banjur pista seneng-senengan.
Dewi Kadarmanik susah banget, ngarep-arep rawuhé mitra lan guruné, ya iku Dèwi Rengganis. Sang Kadarmanik wis ngrasuk agama Islam. Dèwi Rengganis rawuh karo Pangéran Kélan, nanging sang Radèn ditinggal anèng jaba.
Dèwi Kadarmanik nangis amarga ora seneng karo sang Hirman. Bareng Dèwi Kadarmanik dirapu déning Dèwi Rengganis, banjur saré. Dèwi Rengganis metu, Pangéran Kélan diaturi lumebu ganti, tunggal saré karo Dèwi Kadarmanik. Sang Dèwi kagèt, déné sandhingan wong lanang; sang Radèn ngendika yèn panjenengané iku Dèwi Rengganis malih dadi lanang, nanging sang Kadarmanik isih kedhih-kedhih. Bareng sang Dèwi meksa durung bisa tutut, sang Pangéran metu. Ésuké kondur menyang Argapura karo Dèwi Rengganis.
Ing pendhapa kraton para pangageng isih padha pista seneng-seneng. Radèn Hirman, wis mendhem, lumebu kedhaton murugi Dèwi Kadarmanik. Sang Dèwi tutup kori; para parekan abdi dalem padha lumayu, gila. Ana inya kang matur marang Radèn Hirman, yèn Dèwi Kadarmanik semadi. Radèn Hirman bengak-bengok ngungrum saka jaba, banjur lunga karo bekah-bekih.
Dewi Kadarmanik ngarep-arep rawuhé Dèwi Rengganis. Dèwi Rengganis, bener rawuh karo Pangéran Kélan; sang Dèwi meneng ana ing jaba. Pangéran Kélan kang lumebu, dikira Dèwi Rengganis awarna lanang. Solah-tingkahé wong lanang-wadon ana ing kamar, nanging sang Pangéran Kélan emoh ngrusak pagering kasusilan, banjur metu. Ora suwé Dèwi Rengganis lumebu. Sang Kadarmanik seneng déné Dèwi Rengganis wis awarna putri manèh. Bareng Dèwi Rengganis wis walèh olèhé nggawé sulapan, Dèwi Kadarmanik didhawuhi krama olèh Pangéran Kélan. Bab Radèn Hirman temtu arepa ana wusanané.
Radèn Hirman teka manèh, wis wuru banget bengak-bengok njaluk dipethokaké. Dèwi Rengganis api-api dadi Dèwi Kadarmanik matur marang Radèn Hirman, yèn durung bisa ngladèni. Sang Hirman mundhur kanthi gelaning panggalih. Dèwi Rengganis bali lumebu karo Pangéran Kélan; bab krama banjur dirembung terang-terangan.
Wong-Agung ngendikan bab ilangé Pangéran Kélan lan bab sédané Radèn Umarmaya. Radèn Maktal ngaturaké katrangan panjang lébar. Bala ing Arab dirakit arep nglurug marang Mukadam.
Prabu Nurséwan ngandika marang ratu Mukadam, yèn wis giris banget marang tindaké Wong-Agung ; prabu Mukadam ora patiya preduli. Bala Mukadam ya wis katata arep mapag perang bala Arab. Bala raya wis karakit, banjur campuh perang karo bala Arab. Bala Arab kaseser.
Radèn Umarmaya ana ing sajeroning sumur wisa, ngarep-arep pitulungan saka Pangéran Kélan. Pangéran Kélan, Dèwi Rĕngganis lan Dèwi Kadarmanik isih kumpul, kerungu wirasaning wong bab kahanané Radèn Umarmaya ana ing sumur wisa. Pangéran Kélan lan Dèwi Rengganis murugi marang panggonané sang Umarmaya, banjur dijampèni lan diwetokaké saka sumur wisa, terus padha mara menyang nagara Mukadam. Kasangé wis dijupuk manèh.
Wong-Agung ngarep-arep tekané sang Umarmaya, awit Wong-Agung kerasa yèn sang Umarmaya durung séda. Raja Mukadam lan Prabu Nurséwan padha pista gedhèn-gedhènan amarga bala Arab wis rusak.
Radèn Umarmaya karo Dèwi Rengganis karo Pangéran Kélan wis padha ngumpul karo Wong-Agung, lagi ngrembug rusaking bala. Dèwi Rengganis matur yèn wadhah banyu kauripan darbéné sang Majusi kudu direbut dhisik; awit yèn iku isih, bala reca ora bisa rusak. Ing nalika iku bala Arab kang lara wis padha waras manèh. Gamelan wis padha muni. Prabu Nurséwan kerungu gamelan ing pasanggrahané Wong-Agung, miris banget ; ngira yèn sang Umarmaya wis bali. Raja Mukadam ngrapu marang Raja Nurséwan, ngendika yèn sang Umarmaya wis mati.
Bala Arab wis tumata manèh. Sang Umarmaya ngagem kopyah pusaka, ora katon wong, banjur nekani dunungé sang Majusi karo Dèwi Rengganis. Sang Majusi kédanan Dèwi Rengganis. Dèwi Rengganis gelem ngladèni yèn diwènèhi banyu panguripan sawadhahé. Wadhah banyu diwènèhaké nanging banjur dipecah déning sang Umarmaya, banyuné mowat-mawut. Kasaktèné sang Majusi iya ilang babar-pisan. Sang Majusi banjur kapikut, dibanda. Sang Majusi wis dikunjara, bala Arab mungsuh bebarengan. Bala reca rusak babar pisan. Raja Mukadam lan prabu Nurséwan lumebu ing kutha, tutup kori.
Kocapa putri Cina, anama sang Widaninggar, seduluré putri Cina sang Adaninggar, kang séla perang kaliyan Dèwi Kélaswara. Sang Widaninggar sumedya males ukum sédané Dèwi Adaninggar teka Pangéran Kélan, putrané Dèwi Kélaswara. Sang Widaninggar, didhèrèkaké prajurit wadon, mangkat nglurug, arep ngwèhi bantu marang ratu ing Mukadam. Sang Widaninggar gadhah guru, nama sang Widaningrum, putrané putri sang Ijajil. Sang Widaningrum wau, kang maringi praboté perang marang sang Widaninggar, kaya ta jaran kang bisa mabur, lan bala jim kapir.
Bareng putri Cina wis tekan ing Mukadam, prabu Nursèwan lan prabu Mukadam begrak manèh. Perang wis wiwit manèh; Pangéran Kélan maju nglawan putri Cina, mèh kalah banjur ditulungi déning Dèwi Rengganis.
Putri Cina rembugan karo sang Widaningrum bab olèhé arep mungsuh prang manèh; Sang Widaningrum disungga-sungga banget.
Pangéran Kélan rembugan karo Dèwi Rengganis lan Dèwi Kadarmanik bab perangé. Sang Radèn ora uninga yèn mungsuhé iku wong wadon. Sang Widaningrum ing wanci bengi nyolong kasangé sang Umarmaya diparingaké marang putri Cina, sarwa celathu: "Saiki aja sumelang".
Sailangé kasangé sang Umarmaya, wong Arab padha bingung. Dèwi Rengganis saguh nemoni kasang. Bareng wis campuh perang manèh, Dèwi Rengganis mungsuh sang Widaninggar; sang Widaninggar kalah; sang Widaningrum maju perang, Dèwi Rengganis kalah lan wadya-bala Arab sangsaya rusak. Wong-Agung tansah nyenyuwun pitulungan ing Pangéran. Dèwi Rengganis isin banget déné ora bisa ngentasi gawé; sang Dèwi lumayu marang patapané sang rama, banjur didhawuhi supaya nyuwun tulung marang Dèwi Kuraisin. Dèwi Rengganis mabur marang ing Ajrak.
Dèwi Kuraisin kerasa panggalihé yèn sang rama lagi ana susah, banjur utusan sang paman sang ra-Dasatir nuwèni Wong Agung.
Dèwi Rengganis tekan ing Ajrak, bareng ketemu Dèwi Kuraisin banjur rikat-cepetan mangkat ngréwangi didhèrèkaké bala jim Selam. Wong-Agung tansah prihatin, pasanggrahané dikupengi maju-pat. Dèwi Kuraisin, Dèwi Rengganis lan sang ra-Dasatir mara teka, lan perang. Mungsuhé ajur, sang Widaninggar séda; sang Widaningrum kabanda banjur dibuncang adoh. Prabu Nursèwan lumayu.
Dèwi Kuraisin lan Dèwi Rengganis padha sowan marang sang rama, Wong-Agung. Wadya-bala Cina wadon patangpuluh padha teluk lumebu ngrasuk agama Islam. Kasangé sang Umarmaya wis ketemu manèh. Ratu ing Mukadam uga teluk lan lumebu agama Islam. Dèwi Kuraisin mulih marang Ajrak. Pangéran Kélan tenan dhaup karo Dèwi Rengganis lan Dèwi Kadarmanik. Prabu Nurséwan banjur lumayu marang Nuswantara njaluk tulung marang prabu Kendhit Birayung.
Komentar
[besut | besut sumber]Padha-padha carita Mènak, Serat Rengganis iku dielem apik banget déning para nimpuna Sastra Jawa Walanda.[1] Miturut Poerbatjaraka, serat iki uga pancèn apik tenan, nanging ya namung panggonan sampyengé Pangéran Kepanggena karo Dèwi Rengganis. Panggonan liyané nanging ora apik, ceritané namung tĕrus pĕrang-pĕrangan thok.
Solah-wicarané Dèwi Rengganis apik banget. Sang bujangga olèhé nggambar kaya tenan-tenana waé. Tangkebé sang Dèwi marang Pangéran Kélan, rumesep, nanging kesit, nggregetaké ati. Pangéran Kélan semana uga ya kaya jejaka kang lagi bérag, tur dilelaga; panggalihé manasi nanging ora karo duka, senengé saya mempeng.
Menggah apiké Serat Rengganis, iku ana sebabé. Ya iku, sampyengé Dèwi Rengganis karo Pangéran Kélan, iku nyengkok sampyengé Radèn Panji karo Dèwi Angrèni. Ing serat iki sangsaya katon cetha, yèn Serat Panji iku gedhé banget dayané marang serat carita liya-liyané, kang luwih enom.
Penulis
[besut | besut sumber]Rumiyin dicaritakaké miturut tradhisi yèn Serat Rengganis iku yasané Rangga Janur, bujangga ing karaton Kartasura. Apa iya pancèn mengkéné iku ora patiya cetha. Nanging yèn Serat Rengganis wau gawéan kala jaman Kartasura, ana pandi saha sapa plengé kang ngripta, iku ora dadiya apa-apa, kaya kena katamtokaké. Lelawaning basa isih cedhak banget karo Serat Ménak Kartasuran.
Cathetan sikil
[besut | besut sumber]- ↑ Poerbatjaraka, Kapustakan Djawi (1954:118)
Sumber
[besut | besut sumber]- Kodhe basa ora trep. Prof. Dr. R.M. Ng. Poerbatjaraka. 1954. Kapustakan Djawi. Djakarta: Djambatan. Kaca 111-119.