Wayang wong

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Jujug: pandhu arah, pados
Pandawa lan Kresna ing satunggaling adegan pagelaran wayang wong.

Wayang wong utawi Wayang wong punika salah satunggalipun jinis teater tradhisional Jawa. [1] Wayang Wong punika gabungan antawisipun seni drama ingkang ngrembaka ing negeri kilen (Éropah) kaliyan seni pagelaran wayang ingkang ngrembaka ing pulo Jawa.[1] Lakon wayang ingkang dipungelar punika saking carita-carita wayang purwa.[1] Wayang wong utaminipun ngrembaka ing kraton lan golongan priyayi utawi bangsawan.[1]

Sejarah Wayang Wong[sunting | besut sumber]

Wayang Wong

Miturut dinas pariwisata Kotamadya Dati II Surakarta, wayang wong lair ing abad XVIII. Ingkang nyiptakaken inggih punika Mangkunagara I ingkang kadosipun dipunilhami saking seni drama ingkang ngrembaka ing negeri kilén. Wiwitanipun wayang wong dipungelar ing Surakarta, lajeng dipungelar ing Yogyakarta.[1] Wekdal sasi April 1868, nalikanipun Mangkunagara IV ngawontenaken khitanan putranipun ingkang asma Prangwadana lan Mangkunagara V wayang wong dipunsempurnakaken utaminipun bab pakéan lan pirantinipun.[1] Ing taun 1899, Pakubuwana X mbangun taman Sriwedari.[1] Wonten ing peresmianipun ngawontenaken pagelaran kesenian. Salah setunggalipun inggih punika wayang wong.[1] Wiwitanipun wayang wong punika seni tradhisional Jawa ingkang ekslusif, namung dipungelar ing keraton.[1] Ing taun 1902 wonten wayang wong ingkang ngrembaka urip komersial, kanthi nyadé karcis.[1] Wayang wong komersial ngrembaka lan puncakipun nalika wonten pakempalan "Ngesti Pandowo" ingkang dipunpandegani déning Sastrosabdo.[1] Miturut Winter lan Sastramiruda, wayang wong punika wiwitanipun dipungelar ing abad XVIII (±1760 M.), ingkang dipunpandegani déning Mangkunagara I.[2] Wekdal punika ingkang dipungelar namung lakon-lakon wayang purwa.[2] Sasampunipun punika pagelaran wayang wong wiwit boten subur, ananging ten Yogyakarta taksih wonten pagelaran wayang wong ngantos taun 1881.[2] Kanthi pambiyantunipun Mangkunagara V, wayang wong ngrembaka malih nanging taksih winates ing Yogyakarta lan Surakarta kemawon.[2] Pranyata kesenian wayang wong pikantuk sambutan ingkang saé saking masyarakat, lajeng tuwuh kathah pakempalan wayang wong.[3] Wiwitanipun taksih amatir, dangunipun dados profesional.[3] Pakempalan wayang wong ingkang moncér, kados Wayang Wong Sriwedari saking Surakarta lan Ngesti Pandawa saking Semarang.[3] Wayang wong Sriwedari nggadhahi jasa ingkang ageng, inggih punika ndherék nglestarékaken budaya bangsa, kados seni wayang wong, seni tari, seni busana, lan seni karawitan.[4]

Wiwitanipun ageman para penari wayang wong taksih prasaja kemawon, boten bénten kaliyan ageman adat keraton ingkang dipunagem ing saben dintenipun. Nembé ing jaman Mangkunagara VI (1881-1896), penari wayang wong nganggé irah-irahan ingkang kadamel saking kulit ingkang dipuntatah kanthi saé.[3]

Masa Pagelaran Wayang Wong[sunting | besut sumber]

Wayang Wong

Masa (wekdal) pagelaran wayang wong punika kinten-kinten 3 jam.[5]

Mangga mirsani[sunting | besut sumber]

Pranala Njaba[sunting | besut sumber]

Cathetan suku[sunting | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k (id)Wayang Wong(diundhuh tanggal 30 Maret 2011)
  2. ^ a b c d (id)[Mulyono.1978.Wayang, Asal Usul, Filsafat, dan Masa Depannya. Jakarta:Haji Mas Agung] (halaman 156)
  3. ^ a b c d (id)Wayang Orang(diundhuh tanggal 31 Maret 2011)
  4. ^ (id)Wayang Orang Sriwedari(diundhuh tanggal 1 April 2011)
  5. ^ (id)[Mertosedono, Amir.1986.Sejarah Wayang, Asal Usul, Ciri, dan Jinisnya. Semarang: Dahara Prize] (halaman 39)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Wayang_wong&oldid=1000124"