Menyang kontèn

Wayang kancil

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Wayang Kancil kolèksi Museum Ranggawarsita Semarang

Wayang kancil iku kalebu wayang modern kang diciptaaké ing taun 1925 déning Bo Liem. Wayang iki migunakaké carita-carita kéwan. Wayangé digawé saka kulit, lan pisanané ditatah déning Lie Too Hien kang cacahé kurang luwih 100 paraga. Paraga kang kondhang yaiku Si Kancil kang pinter. Lakon kang kondhang yaiku Kancil Nyolong Timun.

Lakoné dijupuk saka Serat Kancil Kridhamartana anggitané Radèn Panji Natarata. Wayang iki banjur diterusaké lan disampurnaaké déning Radèn Mas Sayid ing taun 1943. Gandhèng wayang iki lumrahé ditonton bocah cilik, pagelarané mung udakara 1-3 jam ing wayah awan, soré, utawa wiwitan wengi sadurungé bocah cilik padha turu.

Sumber Carita

[besut | besut sumber]

Serat Kancil Kridhamartana kang dadi sumbering lakon wayang kancil kang digawé déning Ki Ledjar Subroto ditegesi manèh miturut kabutuhan jaman. Paraga kancil ditafsiraké manèh kanthi luwih jembar satemah kancil dadi patuladhan kanggo bocah-bocah. Ana ing carita “Kancil”, diwedharaké yen Kancil kuwi kéwan kang pinter; Nanging, kapinteran kancil kanggo ngluwaraké awaké saka ancaman kéwan liya luwih mèmper karo ngapusi utawa mblithuki. Ing crita Kancil Nyolong Timun, Ki Ledjar Subroto nyoba mènèhi pamrayoga yèn Kancil dudu paraga kang nyolong lan cidra. Kancil nyolong amarga alas dirusak déning manungsa, mula kancil kudu nyolong timun kanggo urip. Andharan kasebut nuduhaké bilih paraga Kancil kuwi dudu paraga ingkang duwé watak ala. Pamrayoga iki uga mènèhi panggulawenthahan babagan rusaking lingkungan. Kancil nyolong amarga kagiyatan manungsa kang ngrusak alas. Saliyané iku, carita kasebut uga ngandharaké sikepé warga kang menging nyembelèh kancil. Warga milih nganakake rembugan kanggo ngrampungaké perkara. Kaputusane warga uga nuduhaké yèn nalika ngrampungaké perkara, dhèwèké ngutamakaké pikiran kanthi cara rembugan. Pamrayoga Ki Ledjar Subroto ngenani carita kancil nyolong timun mènèhi wawasan kang nengenake pitutur luhur.[1][2]

Ki Ledjar Subroto

[besut | besut sumber]

Ki Ledjar Subroto lair surya kaping 20 Mei 1938 ing desa Sapuran, Kawedanan Wanasaba, Jawa Tengah. Ki Ledjar Subroto lair kanthi jejuluk Djariman. Ing taun 1970 Ki Ledjar Subroto lan kulawargané manggon ing Ngayogyakarta. Dhèwèké ngrembakakaké kupiya nyunggung wayang kulit purwa, gaya Surakarta, ing Yogyakarta. Ki Ledjar Subroto uga tau krungu lan maca yèn ing Tanah Jawa wis ana pagelaran wayang kancil. Saka kéné banjur jumedhul gagasan Ki Ledjar Subroto kanggo nggawé Wayang Kancil. Ana warga Walanda jenengé Rien Bartman kang lagi sinau dhalang wayang purwa ing Mangkunegaran, nalika Bartman dolan menyang omahe Ki Ledjar Subroto gaweé wayang purwa, Bartman nonton wayang kancil karya Ki Ledjar Soebroto ing taun 1980-an dhèwèké gawé wayang kancil miturut vèrsiné dhéwé.[3]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Sumarni, Sri (2018-12-28). "Wayang Kancil Ngayogyakarta". Budaya Indonésia. Dibukak ing 2023-02-12.
  2. WBTB, Admin (2013-01-01). "Wayang Kancil Daérah Istiméwa Yogyakarta". Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-12. Dibukak ing 2023-02-12.
  3. Cristofanus Agapetus, Elia Yehosyua (2019-12-31). "Pagelaran Wayang Kancil Gagrag Ki Ledjar Subroto (saka Basa Indonésia)". E-Jurnal. 1: 1–23.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]