Dhalang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Aksara Latin
     
Pagelaran wayang kulit lakon "Gathutkaca Winisuda" dening dhalang Ki Manteb Sudharsono, ing Bentara Budaya Jakarta, kanggo slametan koran Kompas.

Dhalang ing donya pawayangan iku wong kang gadhah kaprigelan mainaké wayang utawa kang pinter ndalang. Mbiyèn, kaprigelan iki diwarisaké turun-tumurun.

Dhalang duwé fungsi dadi sutradara, panyerat lakon, narator, juru main karakter, panyusun iringan, pesinden, panata panggung, penari lan liyané dadi duwé kemampuan akèh kanggo mimpin pagelaran.

Ana uga istilah dhalang jemblung kang ora nganggo perangkat wayang kanggo sarana carita ing nganggo tuturan kaya ta nuturaké dongèng.

Istilah[besut | besut sumber]

Tembung dhalang asalé saking Dahyang kang tegesé mèmper karo tabib. Ing tlatah Jawa tembung iki uga duwé makna ngudal piwulang utawa ambeberaken ngèlmu, awèh pencerahan kanggo pemirsane.

Dhalang Wayang Kulit uga kalebet pawongan ingkang gadhah kaprigelan pamijén (mirunggan) babagan andhalang. Dhalang bisa carita sedalu natas ingkang dipunsekuyung déning pengrawit, pesinden, ngginakaken gamelan, wayang, soundsystem, lan panggung.

Pakem carita ingkang kagelar èstunipun kathah sanget ing antawisipun Ramayana lan Mahabarata saha carita asli Indonésia antawisipun Déwa Ruci, Sudamala lan sanèsipun.

Ing sajeroning pagelaran Dhalang uga gadhah-gadhah kuwajiban (peran) ingkang kathah ing antawisipun dados aktor tunggal, pranata gendhing, sutradara, paraga (juru main), pranata sabet (gerak), pranata panggung, pranata keseniyan pagelaran, lan sanèsipun.

Ing jaman kina Dhalang ugi sinebat Dhahyang ingkang ngemu werdi pawongan pinunjul ing babagan kebatosan utawi tembungipun sanès tabib, lan dados sesepuh ing bebrayan, sanak-dulur, tangga tepalih. Malah ing jaman rumiyin utawi (jaman kina) Dhalang boten namung Mayang, nangging ugi laku darma paring pitulungan dhumateng sanggya ingkang mbetahaken, lan ugi dados panggènan mundut seserepan babagan ruwet rentenging kulawarga menapa déné bab bebrayan agung.

Ing babagan ruwet renteng kulawarga Dhalang asring dipunsuwuni pamangih menggah kawetahanipun tiyang sesomahan. Bab bebrayan agung saged katitik saking tradisi Dhalang mupu anak. Liripun kapitayan bebrayan (masarakat) rumiyin manawi wonten bayi lair mangka ing désanipun wonten Dhalang ingkang nembé mayang, pramila bayi énggal kasusulaken dateng panggung lan dipunpangku Ki Dhalang saha kaparingan asma. Ing wanci ageng laré punika dados anak angkatipun Dhalang, saha Dalang gadhah kuwajiban moral ndhèrèk anggulawenthan laré punika ngantos ageng.

Sekolah dhalang[besut | besut sumber]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]