Wayang golèk

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Wayang golèk sawijining jinis wayang Indonésia kang ngrembaka ing tanah Sundha. Cerita wayang golèk nyritakake lakon Mahabharata lan Ramayana.

Sajarah[besut | besut sumber]

Ana sawenèh versi kang nduduhaké dumadiné wayang golèk, ing antarané, miturut kitab Sanghyang Siksa Kandang Karesian (1518), carita babagan Ramayana lan Adiparwa wis wiwit ing kawitan abad 16. Cerita Ramayana lan Adiparwa iki di caritakaké déning memen (sebutan liya kanggo dhalang). Nanging ing kitab iku ora sinebutaké jeneng wayang. Miturut ahli pewayangan M. A. Salmun, Wayang golèk cinipta déning Sunan Kudus ing abad 15-16. Wayang golèk minangka kréasi sunan Kudus adhedhasar wayang kulit (1583). Versi liya kang manut ahli wayang Wiryanapura nuduhaké yèn wayang golèk antuk prabawa utawa prabawa saka tanah Jawa (Jawa Tengah). Ing wiwitan abad 19 panguwasa wewengkon Bandhung ngundhang seniman wayang kulit saka Tegal. Ki Dipaguna Permana ditimbali déning Adipati Wiranatakoesoema II utawa Dalem Kaum (1794-1829), Wayang Kulit kang dipentasake Ki Dipaguna nganggo pelantaran basa Jawa dhialèk Tegal. Abad 19 tengahan wayang kang nganggo dhialèk Tegal ngrembaga saubengé tlatah sundha pérangan tengah, lor, lan kulon. Ki Dipaguna uga mundhut murid saka Sunda kang digladhi bab wayangan. Sawisé Adipati Wiranatakoesoema II lèngsèr, panguwasa Kabupatèn Bandhung sabanjuré Adipati Wiranatakoesoema III nimbali para dhalang saka Tegal liyané. Ki Darman (ahli yasa wayang), Ki Rumiang (dhalang), lan Ki Surasungging (ahli gendhing). Panjenengané Bupati Bandung ngersakaké Ki Darman kanggo yasa wayang kang digawé saka kayu, wujud wayang gagrak anyar iki béda saka wayang kulit kejaba iku carita lan wanda apa déné prawakan tetep jèbles lan miturut babon Ramayana lan Mahabarata. Déné Ki Rumiang dadi dhalang ing kabupatèn Bandung. Murid saka Ki Rumiang, Anting dadi dhalang Sundha sepisanan kang ngabdi marang Adipati Wiranatakoesoema IV utawa Dalem Bintang (1846-1874).

Lakon Wayang Golek[besut | besut sumber]

Lakon wayang golèk padha karo lakon wayang kulit, amarga kanthi adhedhasar babon Ramayana lan Mahabharata. Ananging, bédané ana ing basa kang digunakaké nganggo basa kawi Sundha. Lakon wayang golèk uga ana gagrag kanthi adhedhasar dhialèk sundha ciri iringan gendhing ya iku,

  1. Priangan (Bandung, Cianjur, Ciamis, Tasikmalaya, Garut, Sumedang)
  2. Kaleran (karawang, Bekasi ndramayu, Majalengka, Cirebon, Kuningan)
  3. Bogor lan Sukabumi

Ing Cirebon ana carita wayang mirunggan sing ora tinemokaké ing wewengkon pasundhan liyané ya iku wayang golèk cepak utawa wayang golèk ménak utawa wayang bendo, kang caritané:

  1. Amir Hamzah
  2. Carita lumebuné agama Islam ing tanah Jawa
  3. Carita legendha tanah Jawa

Lakon kang asring dipentasake ing Wayang Golèk antarané:

Wayang Golek Sundha

Kahanan[besut | besut sumber]

Kadosta padatane alur carita pewayangan, wayang golèk uga duwé lakon satriya lan lakon carangan. Alure carita bisa dijupuk saka carita rakyat kaya sumebare agama Islam déning Walangsungsang lan Rara Santang utawa saka epik kang sumbere saka carita Ramayana lan Mahabarata kang dialihbasa dadi basa Sunda diiringi gamelan Sunda (salendro), saron loro, peking, selentem, saperangkat boning, saperangkat boning rincik, saperangkat kenong, sapasang gong (kempul lan gong), ditambah saperangkat kendang (kendang Indung lan kulanter telu), gambang lan rebab. Ana ing gelaran wayang golèk, lakon kang racaké tampil iku lakon carangan kadang-kadang nyeritakake galur.

Pola pengadegan wayang golèk ya iku; 1) Tatalu, dhalang lan sinden munggah panggung, gending jejer/kawit, murwa, nyandra, suluk/kakawen, lan biantara; 2) Babak unjal, paseban, lan bebegalan; 3) Nagara sejen; 4) Patepah; 5) Perang gagal; 6) Panakawan/goro-goro; 7) Perang kembang; 8) Perang raket; lan 9) Tutug. Gunane wayang iki ning masarakat iku kanggo ngaruat, kang racaké diruwat iku: 1) Wunggal (anak siji-sijiné); 2) Nanggung Bugang (adhi kang ditinggal mati kangmase); 3) Suramba (anak lanang kang gunggunge papat); 4) Surambi (anak wadon kang gunggunge papat); 5) Pandawa (anak lanang kang gunggunge lima); 6) Pandawi (anak wadon kang gunggunge lima); 7) Talaga Tanggal Kausak (anak lanang kang diampit anak wadon); 8) Samudra hapit sindang (anak wadon kang diampit anak lanang), lsp

Saiki wayang golèk dadi pagelaran seni rakyat, gunané ora namung ngruwat ananging uga kanggo kabutuhan masarakat, kabutuhan spiritual utawa kabutuhan material. Kaya acara karaméan hajatan (pista kenduri) khitanan, balakrama lan hajatan liyané. Saiki wayang golèk ora namung dadi pagelaran seni rakyat, kerajinan wayang golèk uga didadikake olèh-olèh déning para wisata. Lakon wayang sing padatane digawa dadi olèh-olèh iku Rama karo Shinta, Arjuna, Srikandi, lan Krishna,

Bahan Wayang Golèk[besut | besut sumber]

Wayang Golèk kagawé saka kayu albasia, dawané 15–30 cm. Bagiyan rai diukir lan dikelir nganggo cat, déné pérangan awak diwènèhi kain kang wis dijait lan direrengga.

Karakter wayang golèk[besut | besut sumber]

Wanda ing wayang golèk kapérang dadi papat miturut Katie Foley, ya iku Redefined (paraga tama), strong (paraga keras), special (paraga tambahan), lan ogre (buta).

  • Redefined

Kang mlebu ing kategori iki ya iku kabèh karakter kang nduwene sipat lungguh, ladak, satriya putri lan déwa.

  • Strong

Kang kalebu ing kategori iki ya iku paraga kaya punggawa utawa paraga kang gampang nesu. Punggawa kaya Gatotkaca, lan Rahwana minangka paraga kang gampang nesu.

  • Special

Kang kalebu paraga iki kaya déné Panakawan ya iku Semar, Cepot, Dawala, lan Gareng

  • Ogre

Ogre utawa Buta ya iku paraga kang dadi memungsuhane para satriya, déné pawakane gedhé, matane amba, irung gedhé, lan untune kang rangah-rangah. Wayang Golek dipentasake 7-8 jam ing wektu wengi, déné panggonan dhalang kang ginawe saka dhebog gedhang sinebut jagat. Wayang Golek dipentasake kanggo acara-acara hajatan upamané nikahan, tetakan, khaul lan sapiturute.

Dhalang Wayang Golek[besut | besut sumber]

Dhalang wayang golèk kang kaloka antarané;

  1. R. H. Tjejep Supriadi
  2. Ade Kosasih Sunarya
  3. Asep Sunandar Sunarya
  4. Dede Amung Sutarya

Rujukan[besut | besut sumber]

Weintraub, Andrew N. Power Plays: Wayang Golek Puppet Theater of West Java. 2004. Center study for International Studies Ohio University.