Menyang kontèn

Rebab

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
K.P.H. Notoprojo, juru main rebab sing misuwur

Rebab iku piranti kang nyuwara saka ginèsèké senar lan arco.Piranti iki dinuga asli Arab. Rebab (Arab الربابة utawa ربابة),[1] uga sinebut rebap, rabab, rebeb, rababah, utawa al-rababa) sumebar kanthi sesebutan iku paling ora saka abad angka 8. Piranti iki sumebar liwat para dagang sing bebadra ing Afrika Lor, Timur Tengah, sapèrangan Éropa, lan Timur Jauh. Sawetara jinis migunakaké landheyan ing sisih ngisor kanggo pancadan lemah. Ana uga jinis sing dipetik kaya ta kabuli rebab (ana kalané karan robab utawa rubab).

Lumrahé, ukurané cilik, awaké bunder, migunakaké mémbran saka kulit kéwan lang guluné dawa. Ana pegbox kanggo setèlan senar. Ora nganggo papa nadha. Gandéwané luwih lengkung tinimbang piyul.

Rebab, senajang disenengi amarga swarané, nanging titi larasé ora bisa dhuwur lan saiki ing Arab wis akèh diganti nganggo piyul.

Ing Éropa Kulon, rebab kawanuhaké bebarangan karo tumungkulé Spanyol déning bangsa Moor, ing Ujung Iberia. Nanging, ana bukti manawa piranti musik iki kinawruhan ing abad ke-9 ing Éropa Wétan: ahli géografi Pèrsi abad ke-9 Ibnu Khurradadhbih ngutip lira Bizantium (utawa lūrā) kanthi sesebutan piranti musik gandhèwa khas Bizantium lan mèmper karo rabāb Arab.[2]

Rebab ing Gamelan Jawa

[besut | besut sumber]

Rebab iku salah sawijiné racikan gamelan kang cara nabuhe utawa ngunekake kanthi digesek. Rebab iku piranti musik saka Arab/Timur Tengah. Nanging saiki rebab wis ora asing ing tlatah Jawa. Saiki rebab wis asring kanggo ngiringi gendhing-gendhing Jawa, nalika pentas wayang, kethoprak, lan ing langgam-langgam.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2008-12-01. Dibukak ing 2016-03-20.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  2. Margaret J. Kartomi, 1990

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  • Margaret J. Kartomi: On Concepts and Classifications of Musical Instruments. Chicago Studies in Ethnomusicology, University of Chicago Press, 1990