Piyul

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Piyul
Piranti musik senar
Klasifikasi Piranti musik senar (digesek)
Klasifikasi Hornbostel–Sachs321.322-71
Jangka
Instrumèn kagandhèng
Pemusik
Gambar Piyul

Piyul utawa biyolah iku piranti musik kelompok violin kang kasusun saka piyul cilik (biyolah kecil), piyul madya, piyul gedhé, lan piyul bass.[1] Piyul diunèkaké kanthi cara digèsèk.[1]

Sajarah[besut | besut sumber]

Miturut cathetan \bkuna\b bangsa Aria ing India, Raja Ravana saka nagari Sri Lanka nyiptakaké sawijiningé piranti musik kang nganggo senar-busur kang diarani Ravanastron, 5000 taun kapungkur. Nalika abad 1, Ravanastron nyebar nganti tekan Afghanistan lan Pèrsi. Nalika jaman karajan Tokharistan ing Afghanistan, wujudé Ravanastron malih dadi wujud Pipa (piranti musik petik saka Tiongkok), papan ndhuwure rata, gegere asalé saka kayu wutuh kang diukir cekung, rada alus titi larase lan resonansine rada gedhé. Nalika abad 7, ravanastron nyebar nganti Arab lan nalika jaman Islam ravanastron jenengé malih dadi Rebab.[1]

Piyul kang wujudé kaya saiki (moderen) diwiwiti saka nagara Italia, pase ing Italia lor nalika abad angka 16, ing kutha plabuhan Venice lan Genoa kang dadi dalan tumuju Asia Tengah liwat dalan lor.

Wujudé piyul kang modhèren wis kena prabawa saka piranti-piranti musik, mligi saka nagara-nagara Arab.[2] Ana telung warna piranti musik kang dianggep dadi bibite piyul, ya iku rebec, vielle (piyul abad Renaisans), lan lira da braccio. Salah siji carita prakara piyul, kalebu kepriye carané nyetel, ana ing Epitome musical karangane Jambe de Fer, kang diterbitake ing Lyon nalika taun 1556.[3] Saya suwé piyul nyebar ing Éropa.

Piyul kang tuwa dhéwé tinemu migunakaké patang senar, kaya piyul modhèren kang digawé déning Andrea Amati nalika taun 1555. Piyul kang mung nggunakaké telung senar diarani violetta. Piyul jaman biyèn rikat banget anggoné misuwur, amarga gampang dikenal déning para bangsawan lan para pamusik ing dalan, utawa pengamèn. Kasunyatan, raja Prancis Charles IX ngutus Amati kanggo gawé 24 piyul nalika taun 1560. Piyul tuwa dhéwé kang ana nganti saiki iku saka 24 piyul kang digawé déning Charles IX, lan dijenengi "Charles IX", digawé ing Cremona taun 1560.[4] Pyul jaman Renaisans kang paling apik amarga ana ukirané ya iku Gasparo da Salò (1574) kang dinduwèni Ferdinand II, Adhipati Agung Ostenrik, banjur wiwit 1841, piyul iku musuwur karo virtuoso Nurwègen Ole Bull, kang nggunakak piyul iku nganti patang puluh taun lan èwunan pentas. Saiki piyul mau disimpen ana ing Vestlandske Kustindustrimuséum ing Bergen, Nurwègen.The Messia utawa Le Messie (uga dikenal minangka Salabue) kang digawé déning Antonio Stradivari nalika taun 1716 durung tau digunakaké. Piyul mau ana ing Musiyum Ashmolean ing Oxford.[5]

Abad angka 18, piyul digawé béda banget karo sadurungé, mligi ing ukuran dawa lan pojok ing gulu piyul. Wujud kang saiki dadi standar wujud piyul sadonya. Bedane wujud piyul jaman biyèn lan saiki ndadèkaké suwara kang dumadi uga béda, nanging kang dianggo pathokan utawa standar wujud piyul ya iku wujud piyul kang saiki.[6]

Nganti saiki piranti musik kang digawé déning Stradivari lan Guarneri del Gesù, dadi piranti musik kang dadi incceran déning para kolektor utawa pandhemen lan pamusik piyul. Paling dhuwur rega piyul kang digawé Stradivari nganti AS $3.544.000 ing lélang nalika tanggal 16 Mèi 2006. Kabèh piyul duwé jeneng kang béda karo loyané, piyul kang paling larang Stradivari duwé jeneng Hammer (menthik) kang digawé taun 1707.[7]

Pérangan Piyul[besut | besut sumber]

Cagak ing sajerone piyul kang katon saka bolongan F

Piyul iku kapérang saka pirang-pirang pérangan, kaya ta; awak piyul, gulon piyul, kreteg piyul, papan driji, senar, lan warna-warna piranti kang nyengkuyung nalika pyul digunakaké. Piranti mau kaya ta pasak kanggo nyetel kanggo saben senar, buntut piyul kanggo nyangga senar, pin lan tali kanggo nahan buntut piyul, lan warna-warna piranti kanggo nyetèl ing buntut piyul yèn diperlokaké, ditambah manèh piranti kanggo nyangga janggut.

Awak piyul kapérang saka rong papan suwara kang mlengung kang digandhengake déning kayu kang diarani iga piyul kang ditèmpèlaké nganggo lém kéwan, lém kulit kéwan, utawa resin. Iga piyul kapérang saka papat sudhut, pérangan ngisor, lan garis tipis kang diarani lapisan njero, kang mbiyantu nahan lekukan ing iga piyul, lan bisa uga kanggo ngambakake papan kanggo lem. Dideleng saka ngarep lan buri, wujudé awak piyul kaya wujudé jam pasir. Rong lekukan kaya aksara C ing kiwa tengene nggawé ruwangan kanggo busur piyul obah.

Lumrahé pérangan dhuwur piyul digaw saka kayu spurce, kaya kayu cemara, kang diukir nganti wujudé simetris lan diwènèhi bolongan suwara loro (utawa bolongan-F, dijenengi bolongan-F amarga wujudé kaya aksara F). Bolongan suwara mau mebawani marang suwarané piyul, lan uga minangka bolongan kanggo ambegan piyul nalika hawa beresonansi ing jeroné. Ing pinggir papan iki digawé lekukan garis kang diarni purfling, garis iki kanggo ngalangi senthèt saka pinggir. Purfling palsu kang dicat ing papan piyul lumrahé dadi pratandha yèn kuwalitas pyul iku èlèk. Balok cilik dipasang ing sadhuwuré papan piyul, dhuwure padha karo sadhuwuré kreteg piyul, kanggo nambahi bobot papan dhuwuré piyul.

Kreteg anyar lan kreteg kang wis dadi

Pérangan mburi lan pinggir piyul digawé saka kayu mapel, biyasa dipilih kang aluré padha. Pérangan mburi piyul lumrahé digawé saka kayu wutuh kang diukir kanthi simetris utawa padha. Pérangan iki uga asring diwangun purfling sanajan ora pati ana prabawa marang piyul. Ing piyul antik kadhang diwènèhi cèt lan tulisan tangan minangka gantiné purfling ing pérangan buri. Ana pérangan kang mblendhuk, setengah bunder kang ana ing pérangan kang cedhak karo gulu piyul kanggo nambahi panggonan kanggo ngelèm. Blendhukan mau wigati kanggo sembungan gulu piyul lan awak piyul, nanging nalika ngukur dawané piyul, pérangan iki ora diitung.

Patang piranti tambahan kanggo nyetel ing saben senar

Gulu piyul racaké digawwe saka kayu mapel kang padha karo pérangan buri lan pinggir awak piyul. Ing gulu piyul ana papan driji kang digawé saka kayu eboni utawa kayu liya kang dicat ireng. Kayu eboni asring dipilih déning tukangh gawé piyul amarga kayune atos, lan awet. Piyul kang tuwa digawé saka kayu mapel kanggo papan driji lan dipernis karo kayu eboni. Ing papan driji kang dhuwur ana garis kayu kang mbendul, asring kayu eboni utawa kayu gadhing kang diarani sadel dhuwur. Blendhukan iki minangka kreteg landésan senar, kaya kreteg piyul kang minangka kaperluan kaya awake piyul.

Kreteg piyul diukir kanthi ati-ati saka kayu mapel lan duwé guna dhéwé-dhéwé, lengkungan ndhuwur kanggo nahan senar nalika ing tingkat tartemtu saka papan driji kang wujudé mlengkung supaya bisa digesek dhéwé-dhéwé (utawa bebarengan) lan dadi papan kanggo ngeterake getaran suwara saka senar tumuju awak piyul. Kreteg iki saweise dipasang uga bisa diobahke kangggo nyetel suwara piyul.

Pérangan buntut piyul iku panggonan pucuk ngisor senar kang diselipke ing jerone patang bolongan. Asring uga ing senar E diwènèhi penyetel tambahan kanggo nggampangake anggoné nyetel, nanging kanggo senar liyané uga bisa ditambahi penyetelan tambahan kaya senar E. Ana uga juru main piyul kang ora nambahi piranti penyetalan amarga nambahi boboté piyul lan ngowahi suwara kang diasilake déning piyul.

Busur Piyul[besut | besut sumber]

Busur piyul kapérang saka sawilah kayu lan pirang-pirang rambut jaran kang dipasang saka pucuk tekan pucuk. Ing salah siji pucuke diwènèhi sekrup kang minangka ngencengi (nalika arep digunakaké), utawa ngendhoni (nalika disimpen) rambut mau. Ing cedhaké sekrup ana cekelan jempol lan driji liyané.

Rambut kang minangka busur piyul iku lumrahé saka rambut jaran putih lanang, amarga warna rambute putih semu emas, nanging ana uga busur kang migunakaké senar saka bahan sintetis. Yèn busur piyul asring digosok migunakaké gala (Basa Inggris: rosin) bakal ndadèkaké cengkremane busur ning senar dadi luwih stabil lan gampang diatur, ora gampang ucul, lan bisa uga ngrewangi tèhnik geter. Wilah kang digunakaké lumrahé migunakaké kayu pernambuco supaya asile apik, utawa kayu brasil kang regane murah. Busur kang murahan lumrahé migunakaké serat gelas. Ana uga saiki kang migunakaké serat karbon kanggo bahan gawé wilah busur piyul.

musisi Tanzania dolanan piyul

Senar Piyul[besut | besut sumber]

Senar digawé saka usus wedhus, dibatek, digaringaké banjur diplintir. Banjur ana cara nyampuri logam ing senar usus. Asile saka nyampuri iku ndadèkaké senar luwih kuwat lan luwih imbang, lan bisa luwih dikencengake, suwara kang diasilake luwih gedhé. Dibandhingake karo senar sintetis kang akèh digunakaké saiki, senar usus luwih apik anggoné ngasilaké suwara.

Senar modhèren nggunakaké waja atos, waja untingan, utawa bahan sintètis. Kabèh senar untingan lan senar saka waja atos dirangkepi warna-warna logam kanggo ngatur boboté, dhiamèter, lan kadhar banyu. Senar paling dhuwur E biyanasé dirangkepi karo waja atos kang terkadhang uga dicampuri alumunium supaya ora "siulan". Rangkepan emas digunakaké supaya ora tèyèngen lan ngurangi siulan. Baja kang ora kena tèyèngen supaya ora ngasilaké suwara kang béda. Senar kang intiné wujud bahan sintètis nggabungaké kuwalitas senar usus supaya senare bisa kuwat, awèt, lan stabil. Senar iki luwih gampang malih amarga owahing temperatur tinimbang senar saka bahan logam.

Ukuran Piyul[besut | besut sumber]

Ukuran piyul diwiwiti saka ukuran paling cilik 1/16, 1/10, 1/8, 1/4, 2/4 (1/2), 3/4, lan piyul kanggo wong enom 4/4. Ana uga piyul kang ukurané 1/32 kang ukurané cilik banget.

Dawané awak (gulu ora kaetung) piyul kang ukurané 4/4 kurang luwih 36 cm (utawa luwih cilik miturut modhèl saka abad angka 17). Piyul 3/4 dawané 33 cm, 1/2 dawané 30 cm. Minangka kanggo mbandhingaké viola wutuh dawané 40 cm.

Kanggo nentokaké ukuran piyul kang pas kanggo bocah, lumrahé bocah iku dikongkon nyekel piyul lan tangané kudu nyandhak tekan pucuk gulungan sirah piyul.

Kanggo wong kang nembé sinau piyul, lumrahé nggunakaké tandha ing papan driji kanggo nandhani panggonan driji tangan kiwa, nanging yèn wis biyasa banjur dicoplok. Cara kang liya ya iku mènèhi titik putih kanggo tandha panggon driji kang saya suwé bakal ilang nalika latihan.

Piyul lumrahé nggunakaké tangan tengen kanggo nyekel busur lan tangan kiwa kanggo menek senar, sanajan wong kidal, nanging ana uga kang nganggo kanthi cara sawaliké.

Carane nggunake[besut | besut sumber]

Wong dolanan Piyul

Lumrahé wong migunakaké piyul iku nyekel piyul ing tangan kiwa lan busure ing tangan tengen. Carane ya iku, piyul dicekel kato tangan kiwa, banjur cepitan kang kanggo janggut dicepit karo janggut lan pundhak kiwa, bisa uga direwangi karo bahu. Dolanan piyul bisa dilakokake kanthi ngadek lan lungguh ing kursi. Carane nganggo piyul iku digesek karo busur, bisa uga dipetik nganggo driji tengen (kang diarani cara pizzicato). Nanging ana uga kang migunakaké driji tangan kiwa kanggo metik senar piyul.[8]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c erabaru.net Archived 2011-11-03 at the Wayback Machine.(diundhuh tanggal 28 Mèi 2011)
  2. Hoffman, Miles. "The NPR Classical Music Companion: Terms and Concepts from A to Z". Chicago Symphony Orchestra. Diarsip saka sing asli ing 2008-12-07. Dibukak ing 2008-09-26.
  3. Deverich, Robin Kay (2006). "Historical Background of the Violin". ViolinOnline.com. Dibukak ing 2006-09-22.
  4. Bartruff, William. "The History of the Violin". Diarsip saka sing asli ing 2007-02-08. Dibukak ing 2006-09-22.
  5. "Violin by Antonio Stradivari, 1716 (Messiah; la Messie, Salabue)". Cozio.com. Diarsip saka sing asli ing 2008-10-08. Dibukak ing 2008-09-26.
  6. Richard Perras. "Violin changes by 1800". Dibukak ing 2006-10-29.
  7. http://www.stradivariusviolins.org/pricesofstradivariusviolins.html {{citation}}: Missing or empty |title= (pitulung)
  8. www.untukku.com (Cara mudah bermain Biola) Archived 2011-08-17 at the Wayback Machine.(diundhuh tanggal 2 Agustus 2011)