Wedhus

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Wedhus
Irish Goat.jpg
Cumbon
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Mammalia
Ordho: Artiodactyla
Famili: Bovidae
Subfamili: Caprinae
Génus: Capra
Spésies: C. aegagrus
Subspésies: C. a. hircus
Trinomial name
Capra aegagrus hircus
(Linnaeus, 1758)
Wedhus lanang diwasa

Wedhus (Capra aegagrus hircus) iku subspésies saka wedhus alasan (alasan) ingkang jalaran alami kasêbar ing Asia Kidul-kulon (laladan "Bulan sabit yang subur" lan Turki) lan Éropah.[1] Wedhus minangka kéwan memamah biak kang ukurané sêdhêng.[1] Wedhus alasan lanang utawa wadon duwé sungu sêpasang, nanging sungu ing wèdhus lanang|[[lanang] luwih gêdhé.[1] Lumrahé, wedhus duwé jénggot, bathuk cêmbung, buntut rada munggah, lan akèh-akèhé duwé wulu kasar.[1]

Jinis[besut | besut sumber]

Wedhus kacang[besut | besut sumber]

Wedhus kacang ya iku wedhus saka ras unggulan kang sêpisanan dikembangaké ing Indonésia.[1] Wedhus jinis iki awaké cilik.[1] Dhuwuré gumba utawa jenggot ing wedhus lanang kurang luwih 60 cm nganti 65 cm, ananging yèn wedhus wédok mung 56 cm.[1] Boboté wedhus lanang bisa nganti 25 kilogram, ananging wedhus wédok mung 20 kg.[1] Wedhus iki kupingé têgak, wuluné lurus lan cêkak.[1] Wedhus lanang lan wedhus wédok padha-padha nduwé sungu kang cacahé loro.[1]

Wedhus Étawa[besut | besut sumber]

Wedhus Étawa kalêbu wedhus kang asalé saka India kang diarani wedhus Jamnapari.[1] Awaké gêdhé, dhuwuré gumba nganti 90 cm nganti tekan 127 cm ing wedhus lanang, ananging wedhus wédok mung 92 cm.[1] Boboté wedhus lanang nganti 91 kilogram, lan wedhus wédok 63 kilogram.[1] Wedhus iki duwé kuping dawa lan madhep mengisor.[1] Bathuk lan irungé duwé wujud cembung.[1] Wedhus lanang apa déné wedhus wédok duwé sungu kang cekak.[1] Wedhus jinis iki bisa ngasilaké susu nganti telung liter saben dina.[1] Keturunan silangan utawa hibrida wedhus etawa lan wedhus lokal diarani wedhus peranakan etawa utawa PE. Wedhus PE ukurané méh padha karo wedhus étawa ananging luwih bisa adhaptasi ing lingkungan lokal Indonésia.[1] Salah sijiné kunci suksés saka peternakan wedhus étawa ya iku kabisan kanggo ngawinaké wedhus ing wayah kang pas saéngga asilé bakal rikat ntuk anakan utawa kang diarani cempé.[2] Wedhus étawa wadon wis bisa dikawinake nalika umuré 6 sasi.[2]

Wedhus Jawarandu[besut | besut sumber]

Wedhus Jawarandu ya iku wedhus asil persilangan antarané wedhus Étawa karo wedhus kacang.[1] Wedhus iki duwé ciri separo mirib wedhus wtawa lan separo mirib wedhus kacang.[1] Wedhus Jawarandu bisa ngasilaké susu kang akéhé 1,5 liter saben dina.[1]

Wedhus Saenen[besut | besut sumber]

Wedhus Saenen ya iku wedhus kang asalé saka Saenen, Swiss.[1] Wedhus lanang lan wadon saka jinis iki leloroné ora nduwé sungu.[1] Wuluné awerna putih utawa krem pucet.[1] Irung lan kupingé wedhus Saenen duwé warna belang ireng.[1] Bathuké amba, nanging kupingé duwé ukuran kang ora patiya gedhé lan ora patiya cilik, kupingé duwé wujud tegak mendhuwur.[1] Wedhus iki kalebu jinis wedhus kang bisa ngasilaké susu.[1]

Wedhus Kacukan[besut | besut sumber]

Wedhus kacukan ya iku wedhus asil saka perkawinan wedhus kacang lan baka-baka saka jaban rangkah kaya ta Anglo Nubian, Jamnapari lan uga kacukan karo baka-baka kang bisa ngasilaké susu kaya ta Saanen,Toggenburg lan British Alpine.[3] Wedhus kang lumrahé ana ing kampung-kampung ya iku wedhus kacukan.[3] Rupané wedhus iki mirib kaya induké, lan boboté kurang-luwih 23 nganti 35 kg yèn umuré wis setaun.[3] Wedhus kacukan kang diwasa uga duwé bobot kang luwih tinimbang wedhus kacang.[3] Nalika lair boboté kurang luwih 2 kg nganti 2,5 kg saben wedhus.[3]

Wedhus Boer[besut | besut sumber]

Wedhus boer kalebu wedhus pedaging kang paling moncèr ing Indonésia.[4] Wedhus jinis iki rikat banget gedhé lan duwé kualitas kang apik.[4] Kajaba iku wedhus Boer uga duwé daging kang cendhèk kolésterol, ora gampang kaserang lelara, lan gampang anggoné adhaptasi ing iklim lan sistem pemeliharaan.[4]

Wedhus Boer asalé saka [Afrika Selatan]].[5] Tembung Boer tegesé wong tani.[5] Wedhus boer kalebu wedhus pedaging kang rikat banget gedhé.[5] Boboté wedhus bisa nganti 35-45 kg nalika umuré lima nganti enem sasi.[5] Daging wedhus boer luwih akèh tinimbang wedhus lokal.[5] Dagingé kurang luwih nganti 40%-50% saka bobot awaké.[5]

Wedhus boer gampang dikenali, ciriné ya iku awaké dawa, amba, wuluné putih, sikilé cendhak, irungé cembung, kupingé dawa lan nggantung.[5] Sirahé wernané coklat rada abang utawa coklat enom, ana uga kang coklat tuwa.[5] Ana uga wedhus boer kang duwé garis putih mengisor ing rainé.[5] Kulité wernané coklat, iki kang bisa njaga saka kanker kulit kang disebabaké saka cahya srengéngé.[5] Wedhus boer senengané ndhédhé ing wayah awan.[5]

Kajaba iku, uga ana jinis kéwan liya kang diarani wedhus gembel kang saemper karo wedhus.

Daging[besut | besut sumber]

Saka peternakan wedhus kang dijupuk asilé ya iku daging wedhus, daging wedhus lumrahé di dol kiloan ing pasar.[6] Daging wedhus bisa diolah dadi masakan.[6] Masakan kang nganggo bahan dhasar daging wedhus ya iku, semur, satè wedhus, empal, sega pindhang, sega gandhul lan akèh manéh liyané.[7]

Kanggo wong kang lara sroke lan hiperténsi utawa darah tinggi, kudu-ati-ati yèn mangan daging wedhus.[6] Daging wedhus ngandhut kadar lemak kang akèh. Mulané yèn kakèhan mangan daging wedhus bakal nganggu kaséhatan.[6] Yén kepéngin mangan daging wedhus ananging tetep bisa njaga kaséhatan carané kudu milih daging wedhus saka wedhus kang wis diwasa.[6] Aja masak olahan saka daging wedhus kanthi rasa kang asin lan kentel.[6] Kajaba iku bisa ngombinaséké olahan daging wedhus karo sayuran, woh-wohan lan banyu putih kang cukup.[6]

Susu[besut | besut sumber]

Susu wedhus' iku bisa kanggo obat keséhatan. Kayata asma, bronchitis, TBC, lan liya-liyané. Asiling susu wedhus iku mau sawisé diolah bisa digawé:

  1. karamel
  2. kaprina
  3. susu bubuk
  4. dodol susu

Uga delengen[besut | besut sumber]

wedhus gembel

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa perniagaanmalaysia.com(dipunundhuh tanggal 24 Mèi 2011)
  2. ^ a b etawajaya.com(dipunundhuh tanggal 24 Mèi 2011)
  3. ^ a b c d e agribdc.gov.my(dipunundhuh tanggal 24 Mèi 2011)
  4. ^ a b c sabah.gov.my(dipunundhuh tanggal 24 Mèi 2011)
  5. ^ a b c d e f g h i j k indonesiaboergoat.com(dipunundhuh tanggal 24 Mèi 2011)
  6. ^ a b c d e f g keséhatan.liputan6.com(dipunundhuh tanggal 24 Mèi 2011)
  7. ^ resep-masakan.net(dipunundhuh tanggal 24 Mèi 2011)