Semar

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Tokoh pawayangan Jawa
Wayang Kulit of Semar.jpg
Semar Badranaya
Paraga: Punakawan
Ciri-ciri: Awak lemu, Nduweni Kuncung, Mata Mbrebes, Lambe Mesem

Semar utawi Kyai Semar Badranaya inggih punika salah satunggaling Punakawan Pandhawa sakturune wiwit saka leluhure Resi Palasara (ing Mahabarata) lan Prabu Ramawijaya sawadyabala wanara (ing Ramayana) ingkang asring paring pituduh lan kathah kawicaksanan.[1] Semar punika taksih sadhèrèk kaliyan Batara Manikmaya lan Antaga (Togog).[2]

Semar tansah ngabdi dhateng para ksatria ingkang gadhah pakarti luhur.[2] Kosok wangsulipun, Antogo tansah ngabdi dhateng ksatria ingkang pakartinipun awon.[2]

Semar, Manikmaya, lan Togog dipunripta Sang Hyang Wisesa saking tigan.[2] Wonten ing satunggaling kadadosan adu kasektén, Semar ngeleg gunung saéngga wujudipun dados boten kantenan.[2] Sasampunipun punika, Semar dados pangayom utawi pamongipun anak-putunipun Bathara Guru saking sadaya panyaru lan krodhaning angkara murka.[2] kanthi cara premati dipunwedharaken tegesipun Semar miturut tiyang Jawi, Semar punika sumbering cahya, déwa kasuburan, misteri (samar), Sang Hyang Maya, cahya bawana.[2]

Paraga Semar ing Wayang golèk

Asal-usulipun Semar[besut | besut sumber]

Miturut Hazeu, Semar punika satunggaling paraga ingkang asalipun asli saking Indonesia sanés saking India malah dados “nenek moyang” Jawa Asli.[2] Miturut Dr. F. Magnis Suseno, Semar gadhah pangaribawa minangka “nenek moyang” raja-raja Jawa, lan dados pamong lan danyang Pulo Jawa.[1]

Wonten manéka warni pamanggih (versi) malih babagan asal-usulipun Semar. Ananging sadaya nyebataken bilih Semar punika panjilmaan déwa.

Naskah Serat Kanda nyariyosaken, panguwaos kahyangan ingkang asma Sanghyang Nurrasa kagungan kalih putra ingkang namanipun Sang Hyang Tunggal lan Sang Hyang Wenang.[3] Saking Sang Hyang Wenang salajengipun dipunwarisaken dhateng putranipun ingkang asma Bathara Guru.[3] Sang Hyang Tunggal lajeng ngrumat para ksatria trahipun Bathara Guru, kanthi asma Semar (Sang Hyang Tunggal gantos asma dados Semar).[3]

Pagesanganipun Semar[besut | besut sumber]

Sanajan Semar dados “pamong” (pamomong ingkang wicaksana), dèrèng kathah ingkang mangertos bilih Semar punika taksih sadhèrèk kandhung Bathara Guru (rajanipun para déwa).[2]

Semar kagungan garwa ingkang namanipun Déwi Kanistri.[2] Garwanipun dipuntilar amargi Semar ngabdi dhateng para ksatriya ingkang mbela kabecikan.[2] Garwanipun punika wicaksana sipatipun pramila paring idin dhumateng Semar.[2] Pagesanganipun Semar punika prasaja sanget.[2] Panjenenganipun boten mentingaken lahiriyah, ananging ingkang dipunwigatosaken punika pengalaman batin lan kawasisanipun.[2] Babagan punika ingkang dadosaken Semar tansah kagungan pikiran saé (“positive thinking”), tansah mendhet pamundhutan kanthi tetimbangan ingkang mateng.[2]

Ing pewayangan gagrag Jawa Tengah lan sawetara Jawa Wétan, Semar punika kagungan putra:

  1. Garéng
  2. Petruk
  3. Bagong

Ing Cirebon lan Kuningan, Jawa Kulon, Semar kagungan putra:

  1. Udawala
  2. Garéng
  3. Bawor
  4. Bitarota
  5. Ceblok
  6. Cungkring
  7. Bagalbuntung
  8. Curis

Ing sapérangan Jawa Wétan, putranipun Semar punika Besut.

Ing gagrag Banyumasan, putranipun Semar inggih punika:

  1. Bawor
  2. Garéng
  3. Petruk

Semar punika titisanipun Sang Hyang Ismaya. Ing sarasilah Parisawuli karangan Rangga Warsita, Semar utawi Smara punika keturunan Sang Hyang Ismaya. Janggan (penulis) Smara iku dhaup klawan Dewi Kanistri, putri Bathara Hira.

Pranala njawi[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b Franz Magnis Suseno. 1991. Wayang dan Panggilan Manusia. Jakarta: Gramedia Pustaka Utama (kaca 37)
  2. ^ a b c d e f g h i j k l m n o Wayang, Asal-usul dan Bentuknya. Semarang: Dahara Prize; (kaca: 31-32)
  3. ^ a b c Sejarah Semar dipunundhuh tanggal 14 April 2012)