Panakawan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Punakawan)
Punakawan

Panakawan utawa Punakawan iku sebutan kanggo para pamomong (pangiring) para ksatria ing wayang.[1] Punakawan racaké metu nalikané wayah gara-gara.[1] Lumrahé panakawan metu ing pagelaran wayang nalika gara-gara, ya iku ngepasi Pathet Sanga utawa sabubaré Perang Ampyak/Perang Gagal. Panakawan kang kondhang ing tanah Jawa ya iku Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong. Paraga-paraga iki ora kaya wayang liyané kang dijupuk saka India, panakawan asli saka kapinterane para Pujangga Tanah Jawa.

Saliyané iku, ana uga Togog lan Bilung (Sarawita) kang dadi pameling para mungsuh utawa nagara-nagara sabrang lan para Kurawa. Déné emban kraton kang dadi pameling para putri ya iku Cangik lan Limbuk. Punakawan duwè karakter kang manéka warna.[2]

Punakawan ing Carita-Carita Jawa[besut | besut sumber]

Wayang Purwa[besut | besut sumber]

Ing Wayang Purwa, panakawan sing dienggo ing Gagrag Yogyakarta lan Surakarta nganggo Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong. Ana kalane, dhalang Surakarta ora gelem nganggo Bagong lan diganti nganggo Cenguris kang asring dienggo nalika jaman Kasultanan Pajang. Ilange Bagong iki magepokan karo jaman Pakubuwana III (1749-1788) kang ewuh marang tingkah lakune. Bagong asring dienggo dhalang kanggo ngritik marang apa kang kelakon. Nalika iku, Kasunanan cedhak karo Walanda. Nanging kanthi Nut Jaman Kelakone Wayang nganti saiki. Punakawan rong gagrak iki tetep Semar, Gareng, Petruk, Bagong tanpa ana owah owahan.

Ing Gagrag Jawa Wétan Pérangan Wetan utawa Wayang Jekdong, ana uga dhalang kang ora nganggo Gareng lan Petruk. Ing kéné, Bagong uga diganti nganggo Besut, kang wujudé kaya Bagong nanging cilik. Ora kaya Bagong kang dumadi saka wewayangane Semar, Besut digawé saka taine. Besut uga sok ingaran Besep utawa Besil.

Ing Gagrag Banyumas, Bagong kang aran Bawor. Ing kéné, Bagong dudu anak ragil nanging pambarep.

Wayang Golek Sunda[besut | besut sumber]

Ing Jawa Kulon, mliginé ing wayang golèk, panakawan kang dienggo ya iku Cepot utawa Astrajingga. Cepot iki pembarepe Semar. Kaya déné Bagong, Cepot uga dienggo srana kanggo ngritik. Saliyané Cepot, ana uga Udawala lan Udel kanggo lengkap-lengkapan.

Wayang Cirebon lan Kuningan[besut | besut sumber]

Ing panggonan kang dianggep punjer panyebaran Islam iki, panakawane ana akèh. Panakawane ya iku: Semar, Udawala, Gareng, Bagong (Bawor), Bitarota, Ceblok, Cungkring, Bagalbuntung, Curis. Cacah sanga iki dianggep pralambang Wali Sanga.

Wayang Betawi[besut | besut sumber]

Ing Betawi, panakawan nduwé kalonggaran. Seka adat, Betawi cedhak karo Sundha. Nanging ana kalane panakawane dicampur. Ana Cepot kang bisa nembang lagu-lagu Sundha, lan ana Gareng kang nembang lagu-lagu Jawa.

Carita Panji[besut | besut sumber]

Ing Carita Panji, panakawane: Jurudeh lan Prasanta, Bancak lan Dhoyok, Sabdapalon lan Nayagenggong, sarta Sebul lan Palet utawa Penthul lan Tembem. Jurudeh, Bancak, lan Sabdapalon iku titisane Hyang Ismaya.

Wayang Bali[besut | besut sumber]

Ing Wayang Bali, panakawan kang dienggo ya iku Tualen (Semar), Merdah, Sangut, lan Delem. [1] Karakterè kaya penasihat para ksatria, penghibur, kritisi sosial, badut uga dadi pusatè kebenaran lan kebijakan.[2] Ana ing Wayang Jawa panakawan ana Semar, Gareng, Bagong, lan Petruk.[2] Ana ing wayang bali karakter panakawan ana Malen lan Merdah (abdi saka Pandawa) lanan Delem lan Sangut (abdi saka Kurawa).[2]

Peran Punakawan[besut | besut sumber]

Tembung Punakawan asalé saka tembung pana kang ateges "paham", lan kawan kang ateges "kanca".[3] Tegese ya iku para panakawan iku ora mung dadi tok, nanging uga bisa ngerteni apa kang dialami majikane.[3] Kadang kala panakawan uga dadi penasihat para majikane iku.[3] Sing dadi khase saka panakawan ya iku panakawan dadi dagelam ana ing tengah-tengah ing antarané carita wayang.[3] Tingkah laku lan omongane para panakawan mesti bisa gawé guyu sing nonton.[3]

Tokoh Punakawan[besut | besut sumber]

Semar[besut | besut sumber]

Tembung Semar asalé saka tembung samara kang tegesé ghaib.[4] Kyai Lurah Semar Badranaya ya iku tokoh pewayangan utama ana ing Wayang Tanah Jawa lan Sunda.

Gareng[besut | besut sumber]

Gareng duwé teges pujaan utawa aleh saka muja.[5] Nalagareng ya iku wong kang ora pinter omong.[5] Apa kang diomongke kadang kala luput lan luput.[5] Gareng iku lucu lan seneng gawé guyu. Gareng tau dadi ratu kang aran Prabu Pandu Bergola ana ing lakon "Gareng Dadi Ratu".[5]

Petruk[besut | besut sumber]

Tembung Petruk asalé saka tembung fatruk kang duwé teges kang lunga.[4] Petruk putra semar kang pasuryane manis karo eseme kang nyengsemake ati.[5] Petruk uga pinter omong lan lucu.[5] Petruk nyindir karo guyonane kang kas.[5] lan Petruk tau dadi Ratu kang aran Gubernur Jendral Welgeduwel Beh ing lakon "Petruk dadi Ratu" lan tau dadi pendita kang aran Begawan Sabdawala/Udawala ing lakon "Petruk Dukun".

Bagong[besut | besut sumber]

Tembung Bagong asalé saka tembung Bagho kang ateges seneng mbantah.[4] Bagong iku ateges wewayangan saka Semar.[5] Bagong duwé sipat lancang lan seneng gelagat goblok lan lucu uga duwé ciri khas lambe ndower.[5]

Pralambang[besut | besut sumber]

Paraga Semar wiwit metu ing Kakawin Gatotkacasraya kang kaangit déning Empu Panuluh. Semar kang isih sadulur karo Bathara Guru dianggep paraga asli Jawa. Semar kaya déné pralambang rakyat, lan Bathara Guru iku panguwasa.

Ing Kitab Tantu Panggelaran kang kira-kira tinulis abad XV, asal-usule Semar, Togog, lan Bathara Guru diwejang. Ing kéné tinulis telung kedadeyan pisanan ing ndonya ya iku dadine bumi lan langit. Keloro, dadine teja (cahya). Ketelu, dadine Manik lan Maya. Manik dadi Bathara Guru lan Maya dadi Semar.

Ing Paramayoga tulisané Radèn Ngabehi Ranggawarsita, kadadéan dadine Manik lan Maya iku uga dadi telu. Ana endhog kang cinipta. Kulite dadi Bathara Hantaga utawa Tejamantri (Togog). Sing putih dadi Bathara Ismaya, lan kuninge dadi Bathara Guru.

Hantaga lan Ismaya banjur rebutan singgasana kahyangan. Banjur, wong loro iki adu kakuwatan nguntal gunung. Hantaga mung bisa nguntal tekan cangkem, mula cangkeme dadi amba. Semar bisa ngeleg nanging wetenge dadi gedhé. Sang Hyang Wenang banjur murka. Togog dikon dadi pamomong para raseksa kan nduwé utek ala, déné Semar dadi pamomong satriya. Dhampar (singgasana) kahyangan tiba ing tangane Bathara Guru.

Adhedasar kadadéan iki banjur panakawan dadi pamomong lan seksi. Semar lan Togog dikon dadi seksi nganti pungkasané jaman. Lumrahe seksi kang paling ora wong loro, Togog karo Semar diwènèhi kanca. Mula saka iku, panakawan iku ana loro utawa luwih.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Katerangan candhaké, wacanen Panakawan.