Menyang kontèn

Antareja

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Antareja Gagrag Banyumas
Antareja Gagrag Surakarta

Antareja iku putra pembarepé Raden Werkudara Bima patutan saka Dewi Nagagini, putriné Sang Hyang Anantaboga, déwaning taksaka (ula) kang mapan ing Kahyangan Saptapratala.

Lumrahé carita-carita pedhalangan ngandhakaké yèn putrané Raden Werkudara iku ana telu, ya iku Antareja, Gathutkaca, lan Antaséna. Raden Antareja kasatriyané (papan dunungé) ana ing Jangkarbumi. Garwané asma Dewi Ganggi, atmajané Prabu Gangga Pranawa, ratu taksaka ing Tawingnarmada. Miturut padhalangan gagrag Surakarta, putrane Antareja iku arané Danurwendha, nanging yèn miturut padhalangan Yogyakarta arané Raden Puspadentha. Ing pagelaran wayang kulit, kerep muncul bebarengan karo Raden Irawan (putra Arjuna).

Kasektèn

[besut | besut sumber]

Raden Antareja kondhang digdaya, bisa ambles bhumi, ngambah njero lemah mula yèn perang menangan. Mauné ana ngarepé mungsuh, amarga ambles bumi bisa mak bedunuk metu ing samburiné mungsuh, terus ngantem utawa nyembur saka mburi. Kasektèn liyané, ing rananggana kalis ing pati. Matiya sadina ping pitu, yèn isih kambon lemah, bali urip manèh. Gandheng eyangé iku déwaning ula, mula Antareja uga ndarbéni upas (basa Indonesia: bisa) cacah telu, yakui upas Anta, upas Warayang lan upas Pengantèn. Kasiyaté upas bisa kanggo nambani wong lara, kanggo matèni mungsuh lan nguripaké wong mati sing durung tekan mangsané. Kasekten liyané, Antareja ora tedhas ing saliré gegaman amarga ing sajeroning kulit sajabaning dagingé nganggo sangsangan Nagakawaca, saka tilas plungsungané Sang Hyang Antaboga. Mula yèn Antareja nuju nesu, sarirané katon ana sisiké emas. Ing wayang gagrag Jawa Timuran, yèn nesu malah rainé malih dadi ula, lan awaké metu sisiké.

Kaya Gathutkaca, nalika isih bayi, Antareja uga wis tau dadi jagoné para déwa, mungsuh ratu ula Prabu Nagabagindha lan patihé aran Rupatala saka nagara jangkarbumi. Iku gara-gara ratu ula iku péngin mengku widadari Bathari Superti sing wis kagarwa Hyang Antaboga lan peputra loro Dewi Nagagini lan Bambang Nagatatmala. Kekarepané Prabu Nagabagindha mua mesthi waé ditolak marang para déwa, saéngga nuwuhaké peperangan ing Repatkepanasan. Para déwa padha kasoran, banjur mintasraya marang Sang Hyang Antaboga. Prabu Nagabagindha nuli campuh bandadyuda lumawan Hyang Antaboga. Anggoné perang nganti suwé banget, ora ana sing kalah-ora ana sing menang. Saka pamrayogané Bathara Naradha, déwa ngajokaké jago anyar, yakui bayi putrané Dewi Nagagini sing nembé dilairaké. Sadurungé diajokaké ana paprangan, bayi dilumuri iduné Hyang Anantaboga supaya ora tedhas gegaman. Tekan paprangan, bayi Antareja iku banjur dicandhak, dibanting, diidak-idak lan dicokot déning ratu ula mau, nanging tetep teguh timbul, dalasan tambah gedhé-tambah gedhé. Nagabagindha lan patih Rupatala akhiré malah tiwas ing tangané satriya putrané Werkudara iku. Sukmané Prabu Nagabagindha lan Rupatala manjalma ana anggané Antareja, ndadèkaké saya sektiné satriya iki. Déning Bathara Guru banjur kaparingan asma Anantaraja iya Anantareja utawa Antareja. Lan nagara Jangkarbumi banjur kaparingaké marang Raden Antareja minangka kasatriyané, uga kalilan asmané nunggak semi marang Prabu Nagabagindha lan Rupatala. Mula Antareja uga banjur kerep karan Radèn Nagabagindha utawa Raden Rupatala.

Patiné Antareja

[besut | besut sumber]

Antareja pancèn kondhang satriya sing sekti, jalaran mung kanthi ndilat tilas tepaké sikil waé, mungsuhé bisa mati. Kasektèn iki kang gawé Prabu Kresna mikir supaya Antareja ora susah mèlu Bharatayuddha jalaran yèn nganti mèlu perang ora wurung para Kurawa bisa mati mung mungsuh Antareja. Mula sadurungé perang gedhé iku diwiwiti, Antareja kudu disingkiraké luwih dhisik kanthi dikon ndilat tilas tapakané dhéwé. Ya mesthi waé Antareja uga banjur mati. Kuwi pungkasané Antareja urip ing jagad marcapada.

Ing pedhalangan gagrag Surakarta, Antareja uga sinebut Antasena. Ing gagrag Jogjakarta, Antareja béda karo Antasena.

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]