Sita

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Sita
Sita lan Rama
Sita lan Rama
Déwanagari: सीता
Éjaan Sanskerta: Sītā
Jeneng liya: Mithilī; Janakī;
Widehī; Ramaa
Asal: Mithila, Karajan Wideha
Sisihan: Rama

Sita (Sanskerta: सीता; Sītā, uga dieja Shinta) utawa Dèwi Sinta, iku garwané Sri Rama lan péranganing wiracarita Ramayana. Rama krama karo Sita sawisé menang swayambara bisa mbenggang gandéwa.

Sinta iku ya tau diculik déning Rahwana, Ratu ing Alengka. Nanging dhèwèké bisa diuwalaké manèh déning pitulungé Anoman, kethèk putih.

Tegese Nama[besut | besut sumber]

Ing basa Sansekerta, tembung Sita duwé teges "kerut". Tembung "kerut" iku tembung kang duwé rasa kang puitis nalika jaman India Kuna, kang nuduhake aruming kasuburan. Jeneng Sita ing Ramayana iku saka tembung Dewi Sita, kang wis disebutake ing Rigweda minangka dewi bumi kang mberkahi sawah lan tetanduran pari lan liya-liyané.

Kaya paraga kang misuwur ing legenda Hindhu liyané, Sita uga misuwur kanthi pirang-pirang paraga, kaya ta, minangka putri Raja Janaka, dhèwèké jejuluk Janaki; minangka putri Mithila, dhèwèké jejuluk Maithili; minangka garwane Rama, dhèwèké jejuluk Ramaa. Amarga saka Karajan Wideha, dhèwèké uga dikenal kanthi jeneng Waidehi.

Asal-usul[besut | besut sumber]

Ramayana nyeritakake yèn Sita ora putrine Janaka. Sawijining dina Karajan Wideha lagi kena musibah, para wargane akèh kang kaluwen. Janaka minangka raja nganakake upacara utawa yadnya ing sawahkanthi cara ngluku. Banjur mata lukune nerak pethi kang isiné bayi wédok. Bayi iku dijupuk lan didadèkaké anak angkat titipan Pertiwi, dewi bumi lan kasuburan.

Sita dirumati ing Mithila, kutha krajan Wideha déning Janaka lan Sunayana, permaisurine. Sawisé gedhé, Janaka nganakake sayembara kanggo ngentuke jodhone Sita. Sayembarane iku awujud menthangake gendewa kang abot warisane Déwa Siwa. Sayembara iki dimenangkan déning Rama, pangeran saka Karajan Kosala. Sawisé nikah Sita melu Rama urip ing Ayodhya, kutha krajan Kosala.

Pranala njaba[besut | besut sumber]