Bathara Guru

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Bathara Guru

Bathara Guru iku ratuning para déwa kang ngratoni tribawana (triloka), yaiku jagad luhur, jagad madya, lan jagad andhap. Tegesé jagad luhur yakuwi papan keraméyané para sukma (ruh) lan para déwa, jagad madya papan karameyane badhan wadhag (para manungsa), jagad andhap papan karaméyané para jin, sétan, dhedemit, brekasakan, lan sapanunggalané. Kanthi mengkono, Bathara Guru klebu gedhé panguwasané, wenang mangrèh makhluk kang wujud badhan alus apadéné badhan wadhag.

Kahyangané Bathara Guru aran Jonggringsaloka. Mapan ing sapucuking Gunung Tenggur. Papan iki asring sinebut Suralaya, kang surasane pedunungane para déwa. Tembunge liya: Surapada, Suraloka, Kahyangan, kadewatan, kadhang ditembungaké kaswargan. Tebahane Suralaya iya jonggringsaloka iku jembar banget. Perangan-perangane ana kang diarani: Uttarasegara (kahyangane Bathara wisnu), Argadahana/Duksinageni (Kahyangané Bathara Brama), Bendharata/Indraloka (kahyangane bathara Indra), Suwelagringging (kahyangané bathara Sambu), Ekacakra (kahyangan sang Hyang Surya), Argadumilah (kahyangané Bathara Yamadipati),Cakrakembang (kahyangané Bathara Kamajaya),Sebaluri (kahyangané Bathara Antaga/Sang Hyang Puguh, Tejamaya (kahyangané bathara Ismaya),Selomangumpeng (kahyangané Bathara Kala), lan isih akèh manèh.

Garwané Bathara Guru ana loro, yakuwi :

  1. Dewi Uma (Umayi), putra putrine Sodagar Omaran iya Tayumuthu, trahe Bagenda Saleh saka Tanah Parashu. Karo Bathara Guru, Dewi Umayi peputra: Bathara sambu (Sambo), Bathara Brama, Bathara Indra (Bathara Surapati), Bathara Bayu, Bathara wisnu. Siji maneh dumadi saka kama salah, wujude buta gedhe bebisik Bathara Kala.
  2. Dewi Laksmi iya Uma Rakti (Uma Ranti), peputra telu, yakuwi Bathara sakra, Bathara Mahadewa lan Bathara Asmara.

Bathara Guru utawa Bathara Manikmaya iku isih saduluran karo Bathara Tejamaya lan Bathara Ismaya.

Asal-usul[sunting | sunting sumber]

Bathara guru kuwi putrané Sang Hyang Tunggal lan Dèwi Wirandi, putrine Prabu yuyut, ratu jim ing negara Keling. Miturut crita pedhalangan, Bathara Guru dumadi saka antiga (endhog). Critané mangkéné:

Dewi Wirandi (garwane Sang Hyang Tunggal) kang mapan ing kahyangan Alang-alang Kumitir, babaran wujud endhog mawa cahya. Endhog mau bakal dipecah déning Sang Hyang Tunggal, nanging nalika arep dibanting, endhog mau mumbul mabur dhuwur. Sang Hyang Tunggal gagé mbujung aburé endhog.

Kacarita mlesaté endhog mawa cahya tumuju ing kahyangan Ondar-Andhir Bawana, kahyangané Sang Hyang Wenang (ramane sang Hyang Tunggal). Dening Sang Hyang Wenang, endhog mau dicandhak banjur dimantrani satemah dadi bayi cacah telu, kabeh bagus rupane. sing dumadi saka kulite endhog diparingi tetenger Sang Hyang Antaga (ing tembé dadi Togog), putihané endhog dadi Sanghyang Ismaya (tembé mburi dadi Semar Badranaya), lan kuningané diparingi tetenger Bathara Manikmaya (Bathara Guru).

Dasanama[sunting | sunting sumber]

Dasanamané Bathara Guru miturut padhalangan yakuwi : Sang Hyang Manikmaya, Sang hyang Pramesthi, Sang Hyang jagad Nata, Sang Hyang Girinata, sang Hyang Caturbuja (tegese bahuné cacah papat, Sang Hyang Nilakantha ( amarga duwé cacat belang biru ing tenggaké), Sang Hyang Lengis (duwé cacat apus ampéyané kang sisih kiwa), Sang Hyang Radduwakdha/Randhuwandha (awit cacat duwé siyung), Sang Hyang Hutipati, Sang Hyang Samba (amarga bagus citrané), Sang Hyang Jagad Pratingkah, Sang Hyang Lauthawalhujwa, Sang Hyang Trinetra (awit kagungan netra telu kang sajuga mapan ana larapane,lan Sang Hyang Syiwa.

Mula Bukané Duwé Bahu/Tangan Papat[sunting | sunting sumber]

Mula bukané Bathara Guru darbé tangan lan bahu papat iku mengkéné. Bathara guru nggarwa Dewi Uma. Nalika arep dipondhong ing tilam sari, Uma lumayu awit dheweke isin duwe cacat "bagapuru" (ora duwé pawadhonan alias bunthet). Dewi Uma banjur dipotha-potha. Saka kumrangsaning panggalih, Bathara Guru nyuwun pitulung marang ingkang eyang Sang Hyang Wenang supaya bisaa tangane tambah loro maneh. Panuwune dikabulake, satemah tangane Bathara Guru imbuh dadi papat, kinarya ngadhangi playuné Dewi Uma. Suwéning-suwé Dewi uma pasrah, nuli kapondhong ing tilamsari. Nalika Bathara Guru arep nandhukake asmara,priksa yen Dewi Uma ora duwe pawadhonan, banjur disranani kanthi digepyok nganggo godhong kluwih kang wis dimantrani. Sanalika Dewi Uma darbe pawadhonan kaya salumrahé wanodya, lan wasana bisa darbé turun cacah enem.

Titihan lan pusaka[sunting | sunting sumber]

Titihané Bathara guru awujud lembu wadon aran Lembu andhini/Nandhini. Senadyan wujudé lembu (sapi, nanging digdaya. Duk ing nguni dadi sesembahané para makhluk kang dumunung ing sakidul wetané Gunung Tengguru. Patihe Bathara guru bebisik Sang Hyang Kanekaputra iya Bathara Narada. Pusakané Bathara Guru aran cis Kalaminta (cis Jaludara) lan cis Trisula. Kejaba iku, Bathara Guru darbe aji Kawrastawam (kawaspadan cipta), aji Pangabaran, lan aji Kemayan.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Bathara_Guru&oldid=803804"