Bathara Surya

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Disambig.svg Kanggé kagunan sanès saking Surya, mangga mriksani Surya
Surya
275px
Gelar sebagai Dewa Srengéngé
Dewanagari: सूर्य
Golongan: Dewa
Dedalem: Srengéngé
Sisihan: Dewi Saranyu
Wahana: Kreta kang ditarik 7 jaran, dilakokake dèning Aruna
Planet: Srengéngé


Bathara Surya iku paraga ing jagad wayang kang uga diarani Dewane Srengenge.[1] Amarga jejibahane njaga lakune srengéngé.[2] Bathara Surya minangka putra saka Sanghyang Ismaya (Semar) dhaup laro Dewi Senggani sing nomer lima.[2] Bhatara Surya uga sinebut Sanghyang Wiraswat, Sanghyang Martanta. Kahyangane ing Ekacakra.[3] Titihane wujud kreta katarik turangga cacahe pitu.[2] Garwane Bathara Surya ana loro ya iku Dewi Ngruna lan Dewi Ngruni. Putrane aran Sanghyang Rawiatmaja kang nurunake Prabu Arjuna Sasrabahu ratu ing Mahespati, Prabu Janaka ratu ing Manthili, Prabu Ramawijaya raja ing Pancawati.[2]

Carita Cupu Manik Astagina[besut | besut sumber]

Bathara Surya nate paring bebungah wujud cupu marang Dewi Windradi garwane Resi Gotama.[2] Nanging Cupu Manik Astagina malah dadi rebutan putrane ya iku Guwarsa lan Guwarsi.[2] Dewi Windradi disabda dadi tugu déning Resi Gotama.[2] Dene Guwarsa lan Guwarsi malih dadi kethek (dadi Sugriwa lan Subali) sawise nyemplung tlaga Sumala amarga nggoleki cupu sing dibuncang Resi Gotama.[2] Dewi Anjani mung raup lan wisuh mula rail an tangane dadi wujud kethek.[2]

Wiyosé Karna[besut | besut sumber]

Bathara Surya uga nate nglakoni sanggama karo Kunthitalibrata saengga lair Suryaputra.[1] Kadadeyan iku sarana kena walat utawa kutukan mantra Aji Kunta Wekasing Rasa Sabda Tunggal Tanpa Lawan.[4] Dewi Kunthi wiwit timur pancen dhemen ngangsu kawruh babagan ngelmu.[4] Awit saka iku, Kunthi meguru klawan Brahmana kang aran Resi Druwasa, banjur diwenehi Aji Kunta Wekasing Rasa Sabda Tunggal Tanpa Lawan.[4] Ilmu mau duwé daya kang ampuh kanggo ngundang Dewa.[4] Resi Druwasa wanti – wanti mantra kasebut ora éntuk diucapake nalika adus utawa arep turu.[4] Ananging Kunthi ora percaya babagan daya mantra Aji Kunta, awit saka iku Dewi Kunthi nyoba ngucapke mantra kasebut nalika srengéngé arep surup.[4] Kunthi lungguh ndodok ing tengah senthong kanthi tangane tempuk lan mripate merem dhèwèké ngucapke mantra kasebut.[5] Lantaran iku Bathara Surya sing kudune ngaso, dadi kepincut banjur mara tekan kamare Kunthi, kebeneran Kunthi lagi arep adus.[4] Nalika mangerteni Bathara Surya ana ngarepe, Kunthi gugup banjur nggayuh klambi kang ana ing sandhinge, ananging sing kecekel mung kemben, saengga mung separo saka awake kang bisa ketutup.[4] Pungkasane Kunthi gelem nglakoni sanggama klawan Bathara Surya .[4]

Sajroning agama Hindhu[besut | besut sumber]

Miturut kapitadosan agama Hindu, Surya (Devanagari: सूर्य surya, "Cahya Agung") punika asma dewa matahari (srengéngé). Surya ugi dipun pendhet wonten paringgitan minangka dewa ingkang nguwaosi saha ngatur surya, srengéngé utawi matahari. Pramila mekaten, panjenenganipun dipunparingi gelar Bathara.Wonten ing kapitadosan agama Hindu punika, Bhatara Surya dipungambaraken ngasta kreta ingkang dipun geret pitung kuda. Pitung kuda punika nggambaraken pitung warna kluwung utawi pitung cakra. Kreta punika dipunkusiri déning Aruna, saduluripun Garuda-putranipun Dewi Winata.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b Marsono, Hendrosaputro, Waridi. 1999. Ensiklopedi Basa Jawa. Yogyakarta: Lembaga Studi Jawa
  2. ^ a b c d e f g h i Subardi. 2000. Mutiara Rinonce Budi pekerti ing Pewayangan. Jakarta
  3. ^ Setyo G Nugraha, Abi M Tofani. 2006. Buku Pinter Basa Jawa. Penerbit: Kartika
  4. ^ a b c d e f g h i Pitoyo.com
  5. ^ Dunia Wayang
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Bathara_Surya&oldid=1096455"