Bathara Kamajaya

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Samak buku édisi Kakawin Smaradahana saka Bali. Samak iki nudhuhaké Kamajaya kang diobong déning Bathara Guru/Siwah.

Bathara Kamajaya utawa Bathara Asmara iku déwa kang nguwasani rasa tresna lan karukunan sarta gadhah jejibahan nurunaké kanugrahan (wahyu) marang para titah manungsa ing marcapada. Déné déwa kang nguwasani rasa asmara iku bebisiké Bathara Asmara, putrané Bathara Guru klawan Bathari Umarakti.

Kahyangan Bathara Kamajaya ana ing Cakrakembang. Garwané asma Dèwi Ratih, putra putriné Bathara Soma. Bathara Kamajaya lan Dèwi Kamaratih kondhang rukuné, ora tau congkrah (padudon) padha bisané anggoné ngemong, padha tresnané, saéngga dadi lambang karukunané salaki rabi (basa Indonésia: suami-istri). Bathara Kamajaya tansah gegandhéngan runtang-runtung karo Bathari Kamaratih manuksma ing manungsa njaga tresna.

Miturut pedhalangan, Kamajaya iku putrané Hyang Ismaya lan Dèwi Sanggani. Sasedulur kabèh ana sepuluh kanthi urut-urutané: Sang Hyang Bongkokan, Sang Hyang Siwahoya, Wrahaspati, Yamadipati, Bathara Surya, Candra, Kuwera, Temboro, Kamajaya lan Sarmanawati iya Dharmastuti.

Dedegé Bathara Kamajaya[besut | besut sumber]

Wujudé Bathara Kamajaya iku yèn wayang gagrak Surakarta kaya Raden Janaka (Arjuna), rikmané digelung sapit urang, ngagem busana kadéwatan lan sepatu, déné wayang gagrak Ngayogyakarta pasuryané tumungkul/luruh kaya Arjuna nanging ngagem kethu oncit (kethu keyongan) ya iku tutup mustaka kang wujudé ubel-ubelan kain. Bathara Kamajaya pasuryané bagus, jagad ora ana kang timbang. Yèn ing marcapada kang bagusé tanpa tandhing iku Arjuna, nanging yèn ing kahyangan iya Bathara Kamajaya.

Katresnan Bathara Kamajaya marang Arjuna[besut | besut sumber]

Kamajaya banget tresnané marang Arjuna. Dhèwèké tansah rumeksa kawidadané Arjuna lan tansah sumadiya pangurbanan kanggo mbèlani Arjuna.

Kamajaya ing lakon carangan[besut | besut sumber]

Ing lakon carangan, Resi Cekel Indralaya, Kamajaya rumeksa kawidadané Wara Sumbadra, kang wektu iku Sumbadra kondur ana Dwarawati, awit ditinggal mertapa Arjuna. Arjuna mertapa madhepok (dedunung) ing padhepokan Banjarmelathi. Ya amarga wus sawatara sasi Arjuna ora bali, Burisrawa kang tansah gandrung-gandrung kari Sumbadra iku tumuju ing taman Banoncinawi nedya ngglandhang Sumbadra. Nanging kekarepané Burisrawa iku ora kasembadan jalaran dialang-alangi Kamajaya.

Kamajaya ing lakon Partadéwa[besut | besut sumber]

Ing lakon Partadewa, nalika Pandhawa padha ngupadi murcané Arjuna kang wektu iku dadi ratu ana Kahyangan Tinjomaya jejuluk Prabu Karitin iya Kathili, Kamajaya tumurun ing marcapada salin dadi pandhita mudha peparap Begawan Partadewa kang jejibahané ngunduraké barisané para Kurawa kang nedya ngrebut dhampar nagara Amarta. Kanthi dibantu para putra-putra Pandhawa (Gathotkaca, Antareja, Antasena, Abimanyu, Setyaki, lan sapituruté) Begawan Partadewa bisa nundhung Kurawa saka Amarta.

Bathara Kamajaya lan Bathara Guru[besut | besut sumber]

Ing pakeliran dicaritakaké manawa para déwa iku bisa lara, nanging ora bisa tumeka pati. Jalaran wis padha ngunjuk tirta amreta. Nanging miturut layang Kakawin Smaradahana anggitané Mpu Dharmaja, Bathara Kamajaya iku bisa tumekaning pati kobar déning geni kang metu saka netrané Bathara Guru kang angka telu. Carita iki dadi sebab Kamajaya uga sinebut Anangga ing India. Anangga nduwé arti tanpa raga/awak. Wiwit kedadeyan iki, Kamajaya lan Kamaratih kudu manuksa ing manungsa supaya bisa bebarengan.

Déné caritané mangkéné: nalika Bathara Guru pinuju mbangunaké tapa ing Gunung Mahameru, Kahyangan Suralaya katekan kraman ratu asirah liman (basa Indonésia: gajah) jejuluk Prabu Nilarudraka saka nagara Glugutinatar. Prabu Nilarudraka ngirid wadyabala sagelar sepapan sedyané nelukaké kahyangan temahan dadi perang ramé ana Repat Kepanansan (alun-aluné kahyangan). Nanging para déwa padha kasoran kabèh. Panemuné Bathara Narada (pepatih ing Kahyangan Suralaya), amung Bathara Guru piyambak kang bisa nyirnakaké Prabu Nilarudraka. Bathara panyarikan (Srita) matur yèn sadurungé tindak mertapa, Bathara Guru weling wanti-wanti, para déwa ora dikeparengaké nusul. Semono uga Dèwi Uma kang wektu iku nembé nggarbini sepuh.

Rèhné kepojok ing kaanan, wasana Bathara Narada matah Bathara Kamajaya supaya mbadharaké tapané Bathara Guru. tekan pertapané Bathara Guru, Kamajaya ngaturi supaya mudhar anggoné tapabrata, sarta ngaturi uninga yèn kahyangan kunggahan mungsuh ratu buta asirah liman ingkang wus ngepung kahyangan. Nanging Bathara Guru mung meneng waé, tetep sila mbedhekes tangan sedhakep, pandhuluné lurus, kaya-kaya ora ngawuningani praptané Bathara Kamajaya.

Bathara Kamajaya jengkel, sigra nglepasaké jemparing kang jenengé Kiai Cakrakembang, Sanalika anggané Bathara Guru kurugan sawernané kembang kang nuju ambabar gandha amrik arum mangambar-ambar. Parandéné meksa durung bisa dijugaraké semadiné Bathara Guru. Bathara Kamajaya nuli nglepasaké senjata pamungkas kang aran jemparing kadhéwatan Pancawisaya, ya iku panah langen asmara. Ketaman Pancawisaya mau sanalika Bathara Guru kaget gragapan. Nafsu asmarané mungkat tan kena sinayudhan (dikendhaleni). Rasa péngin saresmi karo garwané ora bisa diduwa manèh.

Bathara Guru tumuli éling manawa kabèh mau ana kang njalari, ora liya déwa bagus kang ana ngarepé. Bathara Guru duka banget. Sanalika ing palarapané mijil nètrané. Ya nètra kang ana tengah-tengahing bathuk iku kang winastan nètra kang angka telu. Mula Bathara Guru uga bebisik Sang Hyang Trinétra (priksanana ing tokoh Bathara Guru). Saka nètra kateluné mau mijil dahana mangalad-alad, ngobong Bathara Kamajaya. Bathara Kamajaya sirna dadi awu.

Dèwi Ratih bareng midhanget kakungé séda énggal-énggal tindak menyang papan dununging sédané. Dèwi Ratih bela pati obong.

Sawisé Bathara Kamajaya lan Dèwi Ratih séda[besut | besut sumber]

Nadyan wis dadi awu, wong jenengé déwa, miturut dhalang kondhang, Ki Narto Sabdo (swargi), bisa waluya (urip) manèh. Mula Bathara Kamajaya lan Dèwi Ratih iya banjur bisa tetep muncul manèh ana ing lakon wayang Parta Krama, nadyan jamané wis ngliwati pirang-pirang jaman.

Ing lakon mau malah Ki Lurah Semar Badranaya kang ora liya ramané Kamajaya nganti Premadi (Arjuna) menyang Cakrakembang sowan Kamajaya saperlu nyuwun ngampil sranané (pitukoné) pinangantèn putri awujud Kayu Klepu Dewandaru, pasrening kaswargan, lan kembar mayang minangka abon-abon pawiwahan anggoné arep dhaup karo Dèwi Wara Sumbadra. Panyuwuné iku dikeparengaké saéngga Permadi klakon dhaup karo Wara Sumbadra.

Kapercayan ing tlatah Jawa[besut | besut sumber]

Bathara Kamajaya lan Dèwi Ratih banget ditresnani déning wong-wong ing tanah Jawa, mula ora mokal yèn jaman biyèn ana kapitayan, yèn ana wong kang ngandhut (basa Indonésia: hamil) kang sepisanan, kudu dianani slametan ngandhut pitung sasi kang diarani tingkepan utawa mitoni, awit slametan mau diadani ing wulan kapitu (ngandhut pitung sasi) utawa nalika kandhutan umur wolung sasi. Ing sajeroning slametan mau mbutuhaké sarat kang awujud cengkir gadhing cacahé loro, digambari Bathara Kamajaya lan Dèwi Ratih. Pamrihé mbesuk manawa anaké lair lanang supaya bagusé kaya Kamajaya lan yèn lairé wadon ayuné kaya Bathari Ratih.

Uga delengen[besut | besut sumber]