Pandhawa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Pandhawa
Para Pandhawa
Pandhawa.
Jeneng miturut basa
Basa Sangskreta Pañca Pāṇḍava
Jeneng miturut aksara
Dewanagari
aksara Bali
aksara Jawa ꧋ꦦꦤ꧀ꦝꦮ꧉

Para Pandhawa Lima (basa Sansekreta: Pañca Pāṇḍava) iku Prabu Yudhistira, Bima, Arjuna, Nakula lan Sadewa.

Lima paraga iki turunané Prabu Pandhu Dewanata kang dadi raja ing Astina. Prabu Pandhu disepata déning déwa bakal mati yèn saresmi karo garwané. Pandhu nerjang wewaler lan banjur mati. Dewi Madrim, garwané, mèlu belapati, kamangka nalika iku lagi nggarbini. Nalika suduk salira iku lair Nakula lan Sadewa kang kembar. Déné Yudhistira, Bima lan Arjuna lair saka Dewi Kunti. Sadurunge karo Pandhu, Dewi Kunthi naté nglairaké bayi kang banjur dijenengi Suryatmaja.

Pandhawa dadi satru/mungsuh Kurawa ing Bharatayudha. Déné, Suryatmaja (Karna) mèlu Kurawa nglawan sadulur-seduluré dhéwé.

Pandhawa ing Kapercayan Kabudayan Jawa, mlebu perangan wong-wong kang kudu diruwat. Yèn ora diruwat bakal dipangan Bathara Kala.

Silsilah[besut | besut sumber]

Pandhawa punika cacahipun gangsal sedherek, tiga antawisipun (Yudistira, Bima, lan Arjuna) punika putra Pandu saking ibu Kunti, déné (Nakula lan Sadewa) punika putra saking ibu Madrim.

 
Wangsa
Yadawa
 
 
 
 
 
 
 
Dinasti
Kuru
 
Raja Mandraka
Prabu Mandrapati
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
Prabu Kuntiboja
 
Abyasa
 
 
 
Dewi Ambalika
 
 
 
 
Salyapati
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
Kunti
 
 
 
 
Pandu
 
 
 
 
Madrim
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
Yudistira
 
Bima
 
Arjuna
 
Nakula
 
Sadewa

Panitisan[besut | besut sumber]

Miturut tradhisi Hindhu, Pandhawa punika panitisanipun déwa:

Puntadewa[besut | besut sumber]

Inggih punika Raja ing Amarta utawi Indrapasta. Sawisé perang Bharatayuda Puntadewa dados raja ing Astina kanthi gelar Prabu Kalimataya. Puntadewa kagungan jejuluk antawisipun: Darmawangsa, Darmakusuma ,Kantakapura, Gunatalikrama, Yudistira, lan Sami Aji. Priyantung ingkang jujurr, sareh, suci, luhur, remen tinulung, tresna tumrap tiyang sepuhipun saha njagi sederek-sedererekipun. Gadahi pusaka kanthi aran Jamus Kalimasada, ingkang paedahipun saged dados pituduh lan pinulung tumrap kesaenan lan kesejahteraan. Puntadewa gadah garwa kalih ya iku Dewi Drupadi lan Dewi Kuntulwilaten.

Bratasena[besut | besut sumber]

Nalika diwasa namanipun Werkudara, inggih punika ksatria Jodipati lan Tanggulpamenang. Nate dados raja Giliwesi kanthi gelar Prabu Tuguwasesa. Kagungan jejuluk antawisipun: Bima, Bayusutu, Dandun Wacana, Kusuma Waligita. Piyantun ingkang jujur, boten gumedhe, suci, manut tumrap ara-araipun (terutama Dewaruci)l, tresna tumrap ibu saha sederekipun. Nalika perang gadah jargon “Menang, nalika kalah berarti mati”. Panjenengane patut dados panutan amargi kagungan sipat kang jujur lan suci panggalihipun. Kagungan pusaka kanti aran Kuku Pancanaka ing tangan kanan lan kiri migunani, kukuh sanget saha landhep. Uga kagungan kakuwatan gangsal angin, sarta saged ngancuraken gunung. Kagungan kalih prameswuri ya iku: Arimbi dan Nagagini. Kaliyan Arimbi pikantuk putra ya iku Gatotkaca, ingkang saged mabur boten ngagem sewiwi. Saking Nagagini angsal putra kanthi asma Antasena ingkang saged mlebet ing bumi lan kagungan kuwasa ing samodra. Bratasena nalika lair kabungkus. Lan ingkang saged nyowek bungkusan wau yaiky Gajah Situ Seno. Nalika samanten Gajah Situ Seno mlebet ing raganupin Bratasena, saéngga kagungan kakuwatan luar biyasa lan saged nyowek bungkusan wau.

Arjuna[besut | besut sumber]

Inggih punika Ksatria Madukara, raja Tinjomaya ugi. Kagungan jejuluk ingkang kathah antawisipun: Janaka, Parta, Panduputra, Kumbawali, Margana, Kuntadi, Indratanaya, Prabu Kariti, Palgunadi, Dananjaya. Priyantung ingkang remen lung tinulung, remen tapabrata, cerdik lan pinter, ahli ing kabudayan lan kesenian. Arjuna inggin punika ksatria ingkang sekti mandraguna. Kekasining para Déwa, panjalmaning Déwa Wisnu. Kagungan gawra ingkang kathah kamangkan kagungan jejuluk “Lelananging jagad”, kagungan paras ingkang gagah lan boten wonten tandhingane. Prameswarinipun ing Arcapada ya iku Wara Sumbadra dan Wara Srikandi. Lan prameswari ingkang sanèsipun inggih punika Rarasati, Sulastri, Gandawati, Ulupi, Maeswara, lsp. Ing Jonggrang Saloka panjenengané gadah prameswari inggih punika Dewi Supraba, Dewi Dersanala inggih punika widodari ing Tinjomaya. Priyantun ingkang kagungan watak ksatria, luhur budinipun, remen lung tinulung, sarta demenaning para Déwa.

Nakula[besut | besut sumber]

Inggih punika putra kapapat Prabu Pandu Dewanata kaliyan Dewi Madrim ingkang lair sesarengan kaliyan Sadewa. Rama lan ibunipun tilar donya nalika penjenengane taksih alit. Mangka penjenengane dipunrawat déning Dewi Kunti kanthi boten mbenten-bèntenaken. Sawisé perang Bharatayuda Nakula lan Sadewa dados raja ing Mandraka kaliyan Sadewa. Kagungan jejuluk Raden Pinten. Nakula prigel ing pertanian. Nalika perang Bharatayuda, panjenengané ingkang saged ngluluhaken manahipun Prabu Salya. Sebab Prabu Salya taksih sederekipun Dewi Madrim, lan sejatina panjenengané tansah sarujuk ing kabecikan Pandhawa. Mangka Prabu Salya maringi pirsa tumrap Nakula lan Sadewa déné ingkang saged ngalahaken panjenengané inggih punika Puntadewa, sebabPuntadewa kagungan getih pethak.

Sadewa[besut | besut sumber]

Putra kaping gangalipun Prabu Pandhu kaliyan Dewi Madrim, dilairaken sesarengan kaliyan Nakula. Sawisé perang Bharatayuda dados raja ing Mandraka sareng kaliya Nakula. Nalika alit kagungan asma Raden Tangsem. Prigel babagan peternakan. Kagungan prameswari Endang Sadarmi, putrinipun Begawan Tembangpetra pertapa ing Parangalas, kagungan putra kanthi asma Sabekti’.


 
Wiracarita Mahābhārata
Para Pandawa Lima

Daftar Kitab: | Adiparwa | Sabhaparwa | Wanaparwa | Wirataparwa | Udyogaparwa | Bhismaparwa | Dronaparwa | Karnaparwa | Salyaparwa | Sauptikaparwa | Striparwa | Santiparwa | Anusasanaparwa | Aswamedikaparwa | Asramawasikaparwa | Mosalaparwa | Prasthanikaparwa | Swargarohanaparwa |
Paraga wigati: Pandhawa | Korawa |
Artikel kagandhèng: Astadasaparwa | Bhagawad Gita | Bharatayuddha |