Ruwatan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Kaelih saka Ruwat)
Jump to navigation Jump to search

Ruwatan iku upacara adat Jawa kang ancasé kanggo mbébasake wong utawa wewengkon saka ancaman bebaya. Inti upacara ruwatan iki sajatiné arupa ndonga, nyuwun pangayoman marang Allah saka ancaman bebaya-bebaya umpamané bencana alam lan liyané, uga ndonga nyuwun pengampunan dosa-dosa lan kesalahan-kesalahan kang wis dilakoni kang bisa njalari bencana.

Upacara adat iki asalé saka ajaran budaya Jawa kuna kang sifaté sinkretis kang saiki diadaptasi lan disesuaiké karo ajaran agama.

Makna[besut | besut sumber]

Maknane Ruwatan sejatine reresik diri saka sakehing dosa lan panggawe ala, ngedhekake rasa panembah marang Gusti kang akarya jagad dimen rahayu uripé. Tembung "Ruwat" uga ateges "bébas" saka sakehing goda,coba lan rencana, bebendu, dosa lara lsp.. Ruwatan iku upacara adat Jawa kang ancasé kanggo mbébasaké wong, masarakat utawa wewengkon saka ancaman bebendu. Inti upacara ruwatan iki sajatiné ndonga, njaluk pangayoman marang Allah saka ancaman bebendu umpamané bencana alam lan liyané, uga ndonga njaluk pngampunan dosa-dosa lan kesalahan-kesalahan kang wis dilakoni kang bisa njalari bencana.lan dingo tulak bala ana ing sawijining désa,

Larangan[besut | besut sumber]

Ing kapercayan wong Jawa, ana wanti-wanti supaya wong kang lagi mbobot (ngandhut) ora pati cerak-cerak (nyedhak) ing papan kang lagi ana ruwatan. Amarga daya lan kakuwatan saka ruwatan kang lagi di patrapke bisa marai gugurake calon jabang bayi. Ujaré, kakuwatan iki saka dayaning Ilmu Waringin Sungsang (aksara caraka diwalik).

Sajarah[besut | besut sumber]

Upacara adat iki asalé saka carita Bathara Kala ya iku buta kang doyan mangan manungsa. Bathara Kala iku putra Bathara Guru utawa putu para déwa.

Jinis manungsa kang disenengi Bathara Kala lan dikuwatiraké ngalami sukerta ya iku:

  • Sing lair tunggal utawa ontang-anting
  • Kembang sepasang utawa kembar
  • Sendhang kapit pancuran utawa lanang, wadon, lanang, uga
  • Pancuran Kapit Sendang, utawa anak wadon, lanang, wadon.
  • Uger-uger lawang utawa anak loro lanang kabèh
  • Ontang-onting utawa anak siji wadon
  • Pendhawa utawa anak lima lanang kabèh
  • Pendhawi anak lima wadon kabèh.
  • Kedhana-kedhini utawa anak loro lanang wadon
  • Gondhang kasih anak loro béda pakulitane, siji ireng siji putih
  • Dhampit utawa anak loro lanang wadon kang laire bareng
  • Jawi ngirit Banteng, anak mbarep wadon, adhine lanang kabèh
  • Banteng ngirit Jawi, anak lanang pembarep, adine wadon kabèh
  • saramba, anak 4 lanang kabèh
  • Sarimpi, anak 4 wadon kabèh
  • Bungkus,
  • Julung Pujut
  • Julung wangi
  • Julung Sungsang
  • Tiba sampir
  • Wahono
  • Margono
  • Slewah
  • Bule
  • Kresna
  • Walika
  • Wungkuk
  • Dengkak
  • Wujil

Sesajèn[besut | besut sumber]

Sesajèn kang disiapake kanggo upacara adat iki antarané:

  • Kain pitung warna
  • Wos Jené
  • Jarum kuning
  • Kembang pitung rupa
  • pala kependhem
  • pala kasimpar
  • pala gumantung
  • woh-wohan
  • piranti tetanen
  • kaca pangilon
  • gunting
  • senthir lemah
  • kendhi
  • kuwali
  • banyu pitung sendhang
  • tuwuhan
  • jenang abang
  • ingkung
  • panggang ayam
  • iwen sejodo
  • iber-iberan
  • benang lawe
  • suruh
  • beras
  • gedang setangkep
  • tuwuhan.
  • klapa gading sejanjang
  • cikal
  • pari segedheng
  • padusan
  • siwur gethong
  • manuk dara

Yèn kanggo tolak bala utawa mbuang sial wong kang ngalami sukerta, wong kang diruwat kudu nglakoni siraman banyu suci lan nggunting rambut, rambute banjur dilarung ing segara.