Kembang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Sawijining poster kanthi rolas spésies kembang kang béda-béda familiné

Kembang (flos) iku struktur reprodhuksi sèksual tetuwuhan ngembang (divisio Magnoliophyta utawa Angiospermae, "tetuwuhan wiji katutup"). Ing kembang ana organ reprodhuksi (benang sari lan putik). Kembang sadina-dina uga dianggo nyebut struktur kang kanthi botani diarani kembang majemuk utawa inflorescence. Kembang majemuk iku kumpulan kembang-kembang kang ngumpul ing sakroncèn. Ing kontèks iki, ékan kembang kang nyusun kembang majemuk diarani floret.

Fungsi kembang[besut | besut sumber]

Kembang fungsi mligi ngasilaké wiji. Penyerbukan lan pembuahan dumadi ing kembang. Sawisé pembuahan, kembang bakal dadi woh. Woh iku struktur kang nggawa wiji.

Fungsi biologi kembang ya iku minangka wadhah manunggalé gamet lanang (mikrospora) lan wadon (makrospora) kanggo ngasilaké wiji. Prosès diwiwiti kanthi panyerbukan, banjur pambuahan, lan diterusaké karo pambentukan wiji.

Sapérangan kembang duwé warna kang ngejrèng kang duwé fungsi minangka panarik kéwan pambiyantu panyerbukan. Sapérangan kembang liyané ngasilaké panas utawa aroma kang khas, uga kanggo narik kéwan kanggo ngrewangi panyerbukan.

Manungsa kawit biyèn seneng karo kembang, mligi kang manéka warna. Kembang dadi salah sawijiné panentu pangaji siji tetuwuhan minangka tetuwuhan hias.

Morfologi kembang[besut | besut sumber]

kèlopak kembang (calyx)

Kembang iku batang lan godhong kang kamodhifikasi. Modhifikasi iki disebabaké déning pangasilan siji enzim kang dirangsang déning sapérangan fitohormon tinentu. Pambentukan kembang dikendhalèkaké kanthi genetik lan ing akèh jinis diindhuksi déning owah-owahan lingkungan tinentu, kaya ta suhu asor, suwéné kena cahya, lan sumadiyané banyu (deleng artikel Pambentukan kembang).

Kembang mèh mesthi duwé wujud simètris, kang asring bisa digunakaké minangka panyiri siji takson. Ana loro wujud kembang dhedhasar simetri dhapuré: aktinomorf ("duwé wujud lintang", simètri radhial) lan zigomorf (simètri kaca pengilon). Wujud aktinomorf luwih akèh ditemoni.

Pratélan jinising Kembang[besut | besut sumber]